Jumat, 13 November 2009

BEBUKANING WIRID


W I R I D
BEBUKANING WIRID

Bebukaning Wirid kang amratelakake ganepe patraping amejang ngelmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing jaman semana wis katindakake dening para Wali kabeh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.

Ingkang dingin, wiwitan patrap kang dadi kawajiban, iku guru karo bakal murid pada amet banyu wudu, sarta niayat kang karepe mengkene : “Nawaitu raf’al hadasi suharata walakabirata fardlanlillahi ta ala Allahu akbar” (Niyatingsun amet banyu kadas, angilangake kadas cilik lan gede perlu karana Allah).

Nuli pada dandan anganggo sandangan sarwa suci, ora kena anganggo kang mawa emas, utamane manawa karsa anganggo kuluk, banjur ngliga sarira kekonyo gando wida, sarta nganggo sumping kembang oncen-oncen Surengpati ana ing kuping kiwa, karo nganggo kalung kembang oncen-oncen Margasupana, wangun kaya oncen-oncen usus pitik karangkep telu, utawa nganggo gombyok keris kaya pangaten anyar.

Nuli ing pamejangan katata dipasangi tetuwuhan maju papat,sarta kadodokan lampit kang resik, banjur katumpangan klasa pasair kang tigas, ing duwur pisan katumpangan mori putih saules lapis pitu, apese lapis telu, mawa kasebaran kembang campur bawur.

Nuli sesaosan srikawin salaka putih bobot satail, kadokok ing wewadah tunggal karo lengz sundul-langit, sarta menyan bobot saringgit, kasasaban mori putih mawa pangiring sesanggan gedang agung suruh ayu, jambene tanganan, kasasaban mori putih dadi rong wadah sarta kembar mayang sajodo pada sumaji ana ing pamejangan.

Nuli ing antara manawa wis sirep wong utawa wayah tengah wengi, pada tindak menyang enggon pamejangan, kang bakal kawejang linggih madep mangulon , sarta dedupa ratus kaasepake ing kuping kiwa, banjur ing irung, wekasan ing dada, iku wiwit kawejang teka gurune. Dene kang kawejangake, anurut pamejange para Wali wolu ing Tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wijose pada amet wijining ngelmu kekiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang kasebut ing dalem Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah marang Sayidina Ali kawisikake ing kuping kiwa, pepangkatane dadi wolung wejangan, kapratelakake ing ngisor iki jarwane kabeh :

1. Wisikan Ananing Dzat

Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dzat, awit dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun :
“Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun, sajatining Dzat Kang Maha Suci anglimput ing Sipatingsun, anartani ing asmaningsun amratandhani ing afngalingsun”.

2. Wedharan Wahananing Dzat

Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dzat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dzat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing kitab Dakaikalkaik.

Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun kang minangka bebukaning IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang minangka warananing Kalaratingsun”.

3. Gelaran Kahaning Dzat

Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dzat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring Dzat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;
”Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saking anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu, Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun. Ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Suci”.

4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Bait-al-makmur

Wejangan punika dipun wastani, kayektening kahanan Kang Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-makmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat minangka Baitullah wonten ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.

Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun.
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah enggoneng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati”.

5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-muharram

Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-muharram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iraDzating Pangeran kang Maha suci, enggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitullah wonten ing dhadhaning manungsa.

Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat kang Maha Mulya lenggah boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.

Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati”.

6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-mukaddas

Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha Suci angenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitulah katata wonten ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun”.

7. Panetep Santosaning Iman

Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken kakekating taukid. Ingkang terus dhateng iktikad, wewiridan saking cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :
”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”.

Menggah dunungipun makaten :
a. Ingkang dipun wastani Pangeran meniko Dzating gesang kita pribadi, sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya, tegesipun asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi, boten wonten, mila kasebut boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung Dzating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep, dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpa wewangenan amung kaot lair batin kemawon.

b. Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning Dzat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting Qur’an makaten jarwanipun :
“Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning Dzat metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning Pangeran”.

Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika Dzating Gusti, kanugrahan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenan dumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet, ing tembe wewangsulan.

Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing dados putra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang dados saesthining galihipun.

Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan makaten jarwanipun.
”Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat Ingsun”.
8. Sasahidan

Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta, bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangke sampun purun angakeni “ Jumeneng Dzating Gusti “ Kang Maha Suci, dados sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;
”Ingsun anekseni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku rahsaningsun, iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji, iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana Ora kekurangan ing pangerti, Byar sampurna padang tarawangan, Ora krasa apa-apa Ora ana katon apa-apa, Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodratingsun”.

Menggah dunungipun makaten :
Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dzating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha Ilullah, Muhammad Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah punika afngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika, Dzating Pangeran Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipun basakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten ing alam sahir kita gesang, wonten ing alam kabir inggih gesang. Sarta boten kasupen ing Dzat kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita kang wisesa, boten kekirangan ing afngal kita kang sampurna, dados pepuntoning taukid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas sumelang.

Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking aDzat kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :
a. Taberi suci temen ; Minangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ; ganda awon.
b. Angengirangi dhahar nginum ; Minangka paluluhaning raga ing tembe.
c. Angawisi sare shawat ; Minangka pangluyutaning jiwa ing tembe.
d. Nyenyuda napsu wuwus ; Minangka panglenyepaning rahsa ing tembe.

Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.

Sawise ganep pamejange, nuli amarah patrape paraboting ngilmu dadi wolung pangkat, kasebut ing ngisor iki :

1. Pamuja.

“Ana pepujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsung, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun”.

2. Tobat utawa Panalangsa.

“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeding jisimingsun gorohe ing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase ing mengko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

3. Pangruwat.

“Ingsun angruwat kadangingsun papat kalmia pancer kang dumunung ana ing badaningsun dewe, Mar Marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing kadang ingsun kang ora katon lang kang ora karawalan, utawa kadangingsun kang metu saka marga ina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada sampurnaa nirmala waluya kahanan jati dening kudratingsun”.

4. Saksi ing Dzat Kita, kaya Sasahidan.

“Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun”.

5. Anucekake Sakehing Anasir.

“Ingsun anucenaken sakaliring anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa Rochani, nirmala walya ing kahanan jati dening kudratingsun”.

6. Angawinake Badan Karo Nyawa.

“Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine Malaekat papat, iya iku Insun kang angawin badaningsun, winalenan dening rahsaningun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening Malaekatingsun papat, Jabarail, iya iku pangucapingsun, Mikail pangambuningsun, Israfil paningalingsun, Idjrail pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun”.

7. Sangkan Paraning Tanazultarki.

“Ingsun mancad saka ing alam Insan Kamil, tumeka ing alam Ajsam, nuli tumeka ing alam Misal, nuli tumeka ing alam Arwah, nuli tumeka ing alam Wachidiyat, nuli tumeka ing alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil maneh, sampurna padang tarawangan saka ing kudratingsun”.

8. Pambirat Asaling Cahya.

“Cahya ireng kadadeyaning napsu, Luwamah sumurup maring cahya kang abang, cahya abang kadadeyaning napsu, Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu, Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya puti kadadeyaning napsu, Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning Pramana, sumurup marang Dzating cahyaningsun kang awening mancur mancorong gumilang tanpa wewayangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun”.

Sawise mangkono, nuli amarah maneh praboting amatrapake panjenenganing Dzat, dadi sangang pangkat, kasebut ing ngisor iki.

1. Angumpulake Kawula Gusti.

“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun, tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun”.

2. Maha Sucekake Ing Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Amaha Suci Kang Sifat Langgeng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nilmala waluya ing jatiningsun kalawan kudratingsun”.

3. Angrakit Karatoning Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa, andadekake ing karatoningsun kanga gung kang amaha mulya. Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, sangkep, saisen-isening karatoningsun, pepak sabalaningsun, kabeh ora ana kang kekurangan, byar gumelar dadi saciptaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

4. Angracut Jisim.

“Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana ing jaman karamating maha mulya, waluya kulit daging getih balung sungsum sapanunggalane kabeh, asala saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang ingsun maneh saka ing kudratingsun”.

5. Anarik Sampurnaning Akrab.

“Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman karamating alame dewe-dewe, pada suci mulya sampurnaa kaya Ingsun saka ing kudratingsun”.

6. Angukud gumelaring Jagad.

“Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing wewangene, Ingsun kukud mulih mulya sampurnaa dadi sawiji kalawan kahananingsun maneh saka ing kudratingsun”.

7. Ambabar Karaharjaning Turas.

“Turasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh pada nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun”.

8. Amasang Pangasihan.

“Sakahe titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada asih welasa marang Ingsun, saka ing kudratingsun”.

9. Amasang Kamayan.

“Sakeha machlukingsun kabeh, kang ora angendahake maring Sun, pada kaprabawa dening kamayan dening kudratingsun”.

Ing wekasan kang kawejang dijantenana yen panggonaning patrap pratikele sawiji-wiji, kapratelakake ana Babaring Wirid amawa murad maksud kasebut dadi pituduhane dununging ngelmu makrifat kabeh mau iku.

Sawise mangkono, kang amejang maca dunga Istiqfar karo dunga Kabula, sajeroning batin anuwun pangapura marang Kang Amurba Amisesa ing ngurip, supaya aja nganti pleh wewalak anggone amerake rahsaning Dzat iku.

Nuli kang kawejang dijanjeni, Manawa isih urip gurune, ora kena mejang, kang wis kalakon andadekake ora prayoga, dene Manawa kaburu ing perlu, ana akrabe kang lara lara-banget, mangka during ngelmu, iku kena amisik Ananing Dzat bae.

Kajabone saka mangkono, saupama kang kawejang mau during anarima utawa isih kurang padang ing panampane, Manawa arep anggeguru ing liyane maneh ora dadi apa, angger anajaluk idening guru kang amejang ngelmu iku.

Sawise mangkono banjur pada sesalaman, utamane kang kawejang mau yen karsa angabekti marang kang amejang.

Sawise luwar saka pamejangan, ing kono nuli pada angepung mabengan, salamating jiwa raga, mungguh kehing ambengan dadi telung asahan, ing ngisor iki pratikele :
1. Memule angaturi dahar Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, sega wuduk, lembarang pitik, utawa endog, karupuk, lombok, terong.
2. Memule angaturi dahar para Sahabat Rasul karo para Waliyullah, sego golong, pecel pitik, jangan menir, iwak kebo siji kagoreng.
3. Memule angaturi dahar marang leluhur kang pada amedarake rahsaning ngelmu makrifat apa kang dadi dedaharane nalika isih urip, sarta nganggo kinang, kembang konyoh, kabeh iku pada kadonganan onga Rasul, Majmuk Kabula, Tulak-bilahi wekasan Salamet.

Dene pakolehing amejang iku, yeng amarengi sasi tanggale sapisa ing dina Jum’at, pamejange anuju purnama, anggere or sangar ora na’as, sarta ora taliwangke, Manawa sangaraning sasi anuju dina Jum’at, pamejang ing dina Anggara Kasih (seasa Kliwon), ora angetung purnama.

Mungguh pakolehing enggon pamejang iku, bumi sucikang becik arane, sarta ora kauban wangon, utamane yen ana ing gunung, ing ara-ara, ing banyu, angger becik jenege sarta sepen, prayoga kanggo panggonan amejang, kaya ta : ing gunung Agung,ara-ara ing Purwadadi, ing Ngadipala, bangawan ing Ngobol, luwih utama pisan Manawa amejang ana ing Sitinggil, utawa palataran ing Masjid Gede, sapepadane kang sakira pakoleh ing jeneng karo panggonane.

GURU LAN MURID

I. G U R U

Iki pratelane wajibing wong kang pantes dadi guru, ana wolung prakara :
1. Bangsaning Awirya, tegese bangsa luhur, kang isih kadrajatan.
2. Bangsaning Agama, tegese bangsa ulama, kang alim ing kitab.
3. Bangsaning Atapa, tegese bangsa Pandita, kang tansah ulah laku.
4. Bangsaning Sujana, tegese bangsa linuwih, kang dadi wong becik.
5. Bangsaning Aguna, tegese bangsa pinter, kang ulah kabisa.
6. Bangsaning prawira, tegese bangsa prajurit, kang isih kasawur prawirane.
7. Bangsaning Supunya, tegese bangsa sugih, kang isih kabegjan.
8. Bangsaning Susatya, tegese bangsa tani, kang temen.

Dene panganggoning wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Paramasastra, tegese limpad ing sastra.
2. Paramakawi, tegese putus ing kawi.
3. Mardibasa, tegese memantes tembung.
4. Mardawalagu, tegese bisa gawe lemesing lelagon.
5. Hawacarita, tegese sugih carita.
6. Mandraguna, tegese sugih kabisan.
7. Nawungkrida, tegese lantip ing panglepasan.
8. Sambegana, tegese engetan.

Uger-ugering wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Asih ing murid, dianggep anak putu.
2. Tulaten pamulange, ora mawa wigah-wigih.
3. Lumuh ing pamrid, ora duwe pangarah apa-apa.
4. Tanggap ing sasmita, bisa anampani pasemoning murid.
5. Sepen ing pangrayangan, ora dadi kira-kiraning murid.
6. Ora ambalekake pitakon.
7. Ora angendak kagunan.
8. Ora amburu aleman, angunggul-unggulake kapinteran.

Utamane wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Mulus ing sarira, ora ana cacade.
2. Alus ing wicara, ora sok memisuh lan supata.
3. Jatmika ing solah.
4. Antepan bebudene.
5. Paramarta lelabuhane.
6. Patitis nalare.
7. Becik labete.
8. Ora duwe pakareman.

II. M U R I D

Iki pratikele wong kang wajib dadi murid, ana wolung prakara :
1. Tedak turun.
2. Tunggal bangsa.
3. Tunggal agama.
4. Tunggal basa.
5. Sumurup ing sastra.
6. Wis kaliwat tengah tuwuh.
7. Tanpa lelara.
8. Tanpa kuciwa.

Wenanging dadi murid, ana wolung prakara :
1. Nastiti.
2. Nastapa.
3. Kulina.
4. Santosa.
5. Diwasa.
6. Engetan.
7. Santika.
8. Lana.

Mokaling dadi murid, ana wolung prakara :
1. Edan.
2. Ayan.
3. Wuta.
4. Tuli.
5. Bisu.
6. Bocah durung dewasa.
7. Wong tuwa kang wis lali.
8. Wong lara banget kang wis lali.

Panganggoning dadi murid, ana wolung prakara :
1. Angimanake, sirik yen maidowa.
2. Angatonake, sirik yen anapekena.
3. Anastitikake, sirik yen anglirwakna.
4. Anerangake, sirik yen anyuala.
5. Amusawaratake, sirik yen amiyagaha.
6. Anggelarake, sirik yen angumpeta.
7. Anglulusake, sirik yen ambatalena.
8. Anindakakake, sirik yen angenengena.

BABARING WIRID


BABARING WIRID
KANG AMAWA MURAD MAKSUD

Iki Babaring Wirid kang amawa murad saha maksude pisa, angiras minangka bebukaning hidayat kang dadi pituduhe dununging ngelmu makrifat kabeh, wiyose asal saka ing Dalil, Hadis, Ijmak lan Kiyas.
Tegese Dalil, anuduhake pangandikane Allah.
Tegese Hadis, anyaritakake wewulanging Rasulullah.
Tegese Ijmak, angumpulake wewejange para Wali.
Tegese Kiyas, amencarake wewarahing para Pandita/Ulama.

Kabeh iku dadi pambukaning kekeran kang amedarake rahsa gaib sajatining ngaurip, supaya waskita ing uripe, lestariya urip ing awal akir, dene apesing kawula manawa tumeka ing janji, amung bisaa, waskita ing sampurnaning sangkan-paran, kamulyaning kahanan jati ana ing jaman kalangengan, aja nganti korup marang panasaran.

Mungguh kang dadi wijining ngelmu makrifat anurut kekiyasan saka, Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad, kang kawejang marang Sayidina Ali, kinen angestokake Ananing Dzat kang kasebut ing Dalil sapisan, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, kawisikake ing talingan kiwa, kaya ing ngisor iki jarwane :

“Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dingin iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Sajatining Dzat Kang Amaha Suci, anglimputi ing sifatingsun, anartani ing asmaningsun, amratandani ing afngalingsun”.

Mungguh dununge mengkene :

Kang angandika Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku iya urip kita pribadi, sayekti katitipan rahsaning Dzat Kang Agung. Anglimputi ing sifat iku iya rupa kita pribadi, sayekti kawimbuhan warnaning Dzat Kang Elok. Anartani asma iku iya nama kita pribadi, sayekti kaaku pasebutaning Dzat Kang Wisesa. Amartandani afngal iku iya solah bawa kita pribadi, sayekti anelakake pakartining Dzat kang Sampurna. Mula bebasane wahananing Dzat iku anyamadi sifat, sifat iku anartani asma, asma iku amratandani afngal, afngal iku dadi wahananing Dzat.

Dene Dzat, enggone anyamadi sifat iku upama kaya madu kalawan manise, yekti ora kena kapisahena.

Dene sifat, enggone anartani asma iku upama kaya srengenge lawan sorote, yekti ora kena yen kabedakena.

Dene asma, enggone amartandani afngal iku upama kaya paesan (kaca), kang angilo lawan wewayangane, yekti saulah bawaning kang angilo, wewayangan mau melu bae.

Dene afngal, enggone dadi wahananing Dzat iku upama kaya samudra lawan ombake, yekti wahananing ombak anut saka rehing samudra.

Dadi sejatine, kang anama Dzat iku, tajalining Muhammad, sajatine kang anama Muhammad iku, wahananing cahya kang anglimputi ing jasad, dumunung ana ing urip kita, iya iku urip dewe ora ana kang anguripi, mula kawasa aningali, amiyarsa, angganda, angandika, angrasakake saliring rahsa, iku saka kudrad kita kabeh, tegese mengkene, Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku enggone aningal saka angagem netra kita, enggone amiyarsa iya angagem ing talingan kita, enggone angambet iya angagem ing grana kita, enggone angandika iya anggagem ing lesam kita, enggone angrasakake saliring rahsa iya angagem pangrasa kita, aja mawa uwas sumelang ing galih, sabab wahananing wahya dyatmika iku wis kasarira, tegese, lair batining Allah wis dumunung ana ing urip kita pribadi, manawa ing bebasane tuwa Dzating Manungsa karo Sifating Allah, awit dadining Dzat iku kadim azali abadi, tegese dingin dewe nalika isih awang-uwung salawase ing kahanan kita, dadining sifat iku kudusul alam, tegese anyar ana kahananing alam dunya, ananging pada tarik-tinarik tetep-tinetepan, samubarang kang anama Dzat iku yekti dumunung ana ing sifat, sakaliring kang anama sifat iku sayekti kadunungan ing Dzat kabeh.

Dene mungguh ing urut-urutane dumadining Dzat sifat iku ana wahanane, kasebut ing Dalil kapindo, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mengkene jarwane.

”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun kang minangka bebukaning IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang minangka warananing Kalaratingsun”.

Mungguh dununge mangkene :

1. Sajaratuyakin, tumuwuh ing sajroning alam Adam makdum azali abadi, tegese kayu sajati dumunung ing jagad sunyaruri, isih awang-uwung salawase ing kahanan kita, iku hakekating Dzat mutlak kang kadim, tegese sajatining Dzat kang amasti dingin dewe, iya iku Dzating atma, dadi wahananing alam Ahadiyat.

2. Nur Muhammad, tegese cahya kang pinuji, kacarita ing Hadis, warnane kaya manuk merak, dumunung arah-arahing Sajaratulyakin, iku hakekating cahya kang ingaku tajalining Dzat, ana sajroning nukat gaib, minangka sifating atma, dadi wahananing alam Wahdat.

3. Miratulkayai, tegese kaca wirangi, kacarita ing Hadis dumunung ana sangareping Nur Muhammad, iku hakekating pramana, kang ingaku rahsaning Dzat, minangka asmaning atma, dadi wahananing alam Wahidiyat.

4. Roh Idlafi, tegese nyawa kang wening, kacarita ing Hadis asal saka Nur Muhammad, iku hakekating sukma, kang ingaku kahananing Dzat, minangka afngaling atma, dadi wahananing alam Arwah.

5. Kandil, tegese diyan tanpa geni, kacarita ing Hadis awarna susetya kang mancur mancorong gumantung tanpa cantelan, ing kono kahananing Nur Muhammad, sarta enggon pakumpulaning roh kabeh, iku hakekating angen-angen, kang ingaku wewayanganing Dzat, minangka embaning atma, dadi wahananing alam Misal.

6. Darah, tegese susetya, kacarita ing Hadis adarbe sorot mancawarna, pada kanggonan malaekat, iku hakekating budi, kang ingaku pepaesaning Dzat, minangka wiwaraning atma, dadi wahananing alam Ajsam.

7. Kijab, ingaran dinding jalal, tegese warana kang agung, kacarita ing Hadis metu saka susetya kang amanca warna, ing nalika mosik anganakake uruh, kukus, banyu, iku hakekating jasad, kang ingaku warananing Dzat, minangka sesandanganing atma, dadi wahananing alam Insan Kamil.

Mungguh pratelane saka Ijmak Kiyas, pepangkataning dinding jalal, kang awarna uruh, kukus, banyu, mau pada dadi anelung warana, kasebut ing ngisor iki.

Kang dingin, uruh, amatokake telung pangkat, 1. Kijab Kisma, dadi wahyaning jasad ing jaba, kaya ta kulit, daging, lan sapanunggalane, 2. Kijab Rukmi, dadi wahyaning jasad ing jero, kaya ta utek, manik, ati, jantung, lan sapanunggalane, 3. Kijab Retna, dadi wahyaning jasad kang alembut, kaya ta mani, getih, sungsum, lan sapanunggalane.

Kang kapindo, kukus, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Pepeteng, dadi wahananing napas lan sapanunggalane, 2. Kijab Guntur, dadi wahananing pancadriya, 3. Kijab Geni, dadi wahananing napsu.

Kang kaping telu, banyu, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Embun / Banyu Urip, dadi kahananing sukma, 2. Kijab Nur Rasa, dadi kahananing rahsa, 3. Kijab Nur Cahya kang luwih padang, dadi kahananing atma.

Kabeh iku warananing Dzat pada dumunung ana Insan Kamil, tegese kasampurnaning manungsa, uja tuwas sumelang maneh, sabab kahananing bale srasy, kursi, lochil-makful, kalam, taraju, wot siratal mustakim, swarga, naraka, bumi, langit, saisen-isene kabeh iku, wis kawengku ana saroning warana, sinamadan dening Dzat kita Kang Maha Agung, gumelar dadi kaelokaning sifat kita kang esa, anartani ing wasaning afngal kita kang sampurna, pratelane kaya ta, ing nalika Kang Amaha Suci karsa amujudake sifate, ingaran Adam, asal saka anasir patang prakara, 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu, iku kahanane kasebut ana ing daliling telu, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mangkene jarwane :

“Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lang Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saka ing anasir patang prakara, 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu, iku dadi kawujudaning sifatingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Sudi”.

Mungguh dununge mangkene :

Mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng, kacarita ing Hadis panjinging mudah limang prakara mau, wiwit saka ing embu-embunan, leren ana ing utek, banjur tumurung marang netra, banjur tumurun marang karna, banjur tumurun marang grana, banjur tumurun marang lesan, banjur tumurun marang jaja (dada), banjur sumarambah ing jasad, sangkepe jumeneng Insan Kamil, mangkono iku kawimbuhan saka karsane Kang Amaha Suci enggone anjenengake maligening Dzat, katata ana ing Baitullah, dadi telung kahanan, iku sajatine minangka kayektening kahanan sawiji-wiji, anandakake kalarating Dzat Kang Agung, Kang Amaha Mulya, langgeng ora kena owah gingsir saka kahanan jati, kasebut ana ing dalil kaping pat, saka pangadikaning Pangeran Kang Amaha Suci, dadi telung ayat, kapratekake ing ngisor iki :

Ayat kang kapisan, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al makmur, mangkene jarwane :

“Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah enggoning parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati”.

Ayat kang kapindo, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al muharram, mangkene jarwane :

”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati”.

Ayat kang kaping telu, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al mukaddas, mangkene jarwane :

”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun”.

Manawa wis anampani ing Dalin pangandikane Kang Amaha Suci mangkono mau diwaskita ing galih, duwur dewe iku wahananing nugraha, kahananing kanugrahan, nugraha iku Dzating Gusti, kanugrahan iku sifating kawula, tunggal tanpa wangenan dumunung ana ing badan kita. Dene pratelane kayektening kahanan kabeh mau kasebut ing ngisor iki pituduhane.

Kang dingin, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al makmur, tegese omah kang arane, mangkene dununge sawiji-wiji :

1. Sirah, iku wiyose kahananing Bait al makmur.

2. Utek, kahananing kanta, anarik wahananing cahya, dadi pambukaning nitya.

3. Manik, kahananing pramana, anarik wahananing warna, dadi pambukaning paningal.

4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi pambukaning pamicara.

5. Napsu, kahananing hawa, anarik wahananing swara, dadi pambukaning pamiyarsa.

6. Sukma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi pambukaning panggada.

7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi pambukaning pangrasa.

Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al makmur, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak utak, karo iwak manik, sedenge aja nganti angarani polo karo manik, kabare pakolehe kang wis kalakon asring katarima ngelmune.

Kang kapindo, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al muharram, tegese omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji :

1. Dada, iku wiyose kahananing Bait al muharram.

2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning napas.

3. Jantung, kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning keketek.

4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning pamicara.

5. Jinem, kahananing pangraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning pamiyarsa.

6. Suksma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning pangganda.

7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi wahyaning pangrasa.

Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al muharram, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak ati, karo iwak jantung, sedengane aja nganti angarani angen-angen, kabar pakolehe kang wis kalakon, asring katarima ngelmune.

Kang kaping telu, anuduhake kang kasebut sajroning Bait al mukaddas, tegese omah kang sinucekake, mangkene dununge sawiji-wiji :

1. Kontol, iku wiyose Bait al mukaddas.

2. Pringsilan, kahananing purba, katumusan wahananing birahi, dadi bebukaning asmaranala, iku sengseming ati.

3. Mani, kahananing kanta, katumusan wahananing hawa, dadi bebukaning asmaratura, iya iku sengseming sapandulon.

4. Madi, kahananing warna, katumusan wahananing karsa, dadi bebukaning asmaraturida, iya iku sengseming pangrungu.

5. Wadi, kahananing rupa, katumusan wahananing cipta, dadi bebukaning asmaradana, iya iku sengseming sapocapan.

6. Manikem, kahananing suksma, katumusan wahananing pangrasa, dadi bebukaning asmaratantra, iya iku sengseming pangrasan.

7. Rahsa, kahananing atma, katumusan wahananing wisesa, dadi bebukaning asmaragama, iya iku sengseming salulut.

Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al mukaddas, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak pringsilan sapanunggalane, sedengane aja nganti angarani mani, kabar pakolehe kang wis kalakon, asring katarima ngelmune.

Ing ngisor iki ana wirayating guru, manawa amedarake rahsaning Bait al mukaddas, ingatase mejang marang pawestri, wenang kiniyas mangkene.

Ing nalika Kang Amaha suci karsa anata malige ana sajroning Bait al mukaddas, jumeneng ing bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku puruna, kang ana ing antaraning puruna reta, iya iku mani, sajroning mani madi, sajroning madi wadi, sajroning wadi manikem, sajroning manikem rahsa, sajroning rahsa iku Dzating atma kang anglimputi ing kahanan jati. Dene pituduhe mangkene, baga, timbangane kontol, puruna, timbanging pringsilan, ing sabanjure pada karo ingatase amejang marang kakung, enggone amardi supaya pada amardiya ing waskitaning sangkan-paran.

Mawa wis waskita, prayoga anetepana kang dadi Santosaning Iman, iya iku sahadat jati, kang kasebut ing dalem batin mangkene jarwane :

”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”.

Riwayating guru ana maneh, ingatase amejang marang pawestri, wenang kawuwuhan mangkene jarwane :

”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, Fatimah iku umatingsun”.

Manawa wis sumurup surasaning sahadat jati mangkono mau, nuli asahida marang wahananing sanak kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ana ing alam dunya, kaya ta bumi, langit, srengenge, rembulan, lintang, geni, angin, banyu lan sapanunggalane kabeh, pada anaksenana yen kita mengko wis angakoni jumenenge Dzating Gusti Kang Amaha Suci, dadi sifating Allah kang sajati, kasebut ing dalem batin mangkene jarwane :

“Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun”.

RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU


Ing mengko amratelakake wewejanganing guru sawiji-sawiji, iku ing pamedare rahsaning ngelmu kang kawejangake awarna-warna, iya pada angestokake urut-urutaning kekiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci, kang kadawuhaken marang Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah kasebut ing ngisor iki.

1. Ana wewejanging guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wisikan Ananing Dzat, kekiyasan saka Dalil sapisan.

2. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wedaran Wahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kapindo.

3. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Gelaran Kahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kaping telu.

4. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmukayektening kahanan, kekiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning Tata-malige ing dalem Bail al makmur, terkadang ayat kapindo Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al muharram, terkadang ayat kaping telu Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al mukaddas.

5. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu saka Santosane Iman abebuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan.

Mungguh surasane kabeh iku iya pada bae, mula pepangkataing ngelmu mau katata dadi sawiji, kang supaya mupakat ing surasane, kajaba amung pepangkataning ngelmu Talek, kara ngelmu Fatah, yen pangiwane ngelmu panitisan, iku pada mawa empan sarta papan dewe, tegesing ngelmu Talek, iku ngelmu ametokake kaelokan kehe pitung prakara :

1. Ngelmu Sepi.

2. Ngelmu Mungin.

3. Ngelmu Mubin.

4. Ngelmu Ahyan.

5. Ngelmu Barayan.

6. Ngelmu Mahbut.

7. Ngelmu Gaibulguyub.

Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake pepangkataning kaelokan, kang dadi tandaning tontonan ing lahiriyah bae, tegese ngelmu Fatah iku ngelmu sorogan, kehe sangang prakara :

1. Ngelmu Makdum Sarpin.

2. Ngelmu Satariyah.

3. Ngelmu Sirasab.

4. Ngelmu Charajek.

5. Ngelmu Majalin.

6. Ngelmu Fatakurrahman.

7. Ngelmu Sufi.

8. Ngelmu Khak.

9. Ngelmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyatulchak.

Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake malaekat kang dadi tandaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngelmu kasampurnan, upama katunggalake karo pepangkataning ngelmu kang sajati, mangka salah surupe kang angrasakake, bokmanawa anekakake pamaido, pamaido iku mundak dadi padu, para padon iku isih kekurangan, kekurangan iku kang amarakake kepanasan, kepanasan iku amarakake para bantah karo sesualan, para sesualan iku pakolehe amung rebut unggul ing pangawruh, rebut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadekake pasulayan, mulane para sujana kang putus temenan iku ora sedya sesualan, amarga ora darbe ati kepanasan, jatmika rehne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa ana kang sumedya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundak kabarabeyan, ing wekasan kalonglongan, manawa meksa kaburu asengadiya isih kekurangan surup, mangkaono bae wis cukup.

ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU KASAMPURNAN


Panengeraning Dina Kiyamat .
Bebukane amratelakake kang dadi Panengeraning dina Kiyamat, tegesing Kiyamat, jumeneng, kasebut ing gisor iki.

1. Panengeran Kang Dingin.

Kang dingin, yen wis asring uninga kang ora katonton, tanda kurang satuan, ing kono panggonane anyaketi tapa brata anyenyuda pakareman, anetepana panggalih : trima, rila,, temen, utama, mungguh utama iku dumunung ana ing sabar darana.

2. Panengeran Kang Kapindo

Kang kapindo, yen wis asring mireng kang kapiyarsa, kaya ta, mireng rerasaning jin setan, sato kewan, tanda kurang setengah taun, ing kono panggonaning kurmat sapanunggalane anglakoni panggaweyan becik, kinantenan angati-ati marang uripe dewe.

3. Panengeran Kang Kaping Telu.

Kang kaping telu, yen wis salin ing paningale, kaya ta, ing sasi Muharram, Shafar, andulu langit katon abang; Mulud, Rabiul Akhir, srengenge katon ireng; Jumadilawal, Jumadilakhir, rembulan katon ireng; Rejeb, Ruwah, banyu katon abang; Pasa Syawal, wewayangane dewe katon loro; Zulkaedah, Besar, geni katon ireng; kabeh iku tanda kurang rong sasi, ing kono panggonaning wasiyat karo riwayat, tegese amemeling karo wewarah, kinantenan taberi asesuci.

4. Panengeran Kang Kaping Pat.

Kang kaping pat, yen dariji panungguling asta dibekuk, kapetelake dalah epek-epeke, dariji manis kaangkat, yen wis kaangkat anjunjung dariji manise mau, tanda kurang patang puluh dina, ing kono panggonaning afiyat, tegese pangapura. Iya iku anenuwun pangapura marang Pangerane, saha banjur angapura marang kang pada kaluputan, utawa aminta pangapura marang kang pada rumasa kalarakake atine.

5. Panengeran Kang Kaping Lima.

Kang kaping lima, yen asta kawawas ing netra loro darijine wis katon kalong, ugel-ugele wis katon pedot, tanda kurang sasasi, ing kono panggonaning amatrapake pikukuhing ngelmu kasampurnan kaya kang kasebut ing ngisor iki :

a. Iman, tegese angandel, kang diandel kudrate, tegesing kudrat : kuwasa.

b. Tauhid, tegese muhung sawiji, tegese pasrah marang iradate, tegesing iradat : karsa.

c. Makrifat, tegese waskita, kang diwaskitani ngelmune iya iku anguningani dununging Dzat, sifat, asma, afngal, tegesing Dzat : kanta, sifat : rupa, asma : aran, afngal : pakreti.

d. Islam, tegese slamet, kang slamet iku chayate, tegesing khayat : urip, dumunung ana ing sifat jalal, jamal, kahar, kamal, tegesing jalal : agung, kang agung iku Dzate, dening anglimputi ing alam kabeh, tegesing jamal : elok, kang elok iku sifate, dening dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, sarta ora arah ora enggon, tanpa warna tanpa rupa, tegesing kahar : wisesa, kang wisesa iku asmane, dening ora nama sapa-sapa, tesegesing kamal : sampurna, kang sampurna iku afngale, dening bisa gumelar pada sanalika pakretine, saka kawasa tanpa sangsaya.

Mungguh dununge mangkene, iman dumunung ana ing eneng, tauhid, dumunung ana ing ening, makrifat dumunung ana ing awas, islam dumunung ana ing eling.

6. Panengeran kang Kaping Nem.

Kang kaping nem, yen wis asring katonton warnane dewe, tanda kurang satengah sasi, ing kono panggonaning Pamuja, aneges karsane Kang Kawasa, patrape ing saben apangkat arep sare, Pamujane kasebut ing ngisor iki :

“Ana pujaningsun sawiji, Dzat iya Dzatingsun, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon tunggal sakahananingsun, samprna kalawan kudratingsun”.

Ing nalika iku ciniptaa kang pinuja tunggal, kaya ta Bapa, Biyung, Kaki, Nini, Garwa, Putra, Wayah, sapadane kang dadi pelenging cipta bisaan anunggal ing jaman kalanggengan.

7. Panengeran Kang Kaping Pitu.

Kang kaping pitu, yen wis rumasa larakasandang, tegese ora arep apa-apa, tanda kurang pendak dina, ing kono panggonaning tobat, patrape manawa lagi wungu sare, kasebut ing ngisor iki :

“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeting jisimingsun, gorohing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase, ing mangko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh kalawan kudratingsun”.

8. Panengeran Kang Kaping wolu.

Kang kaping wolu, yen wis karasa gerah uyang saranduning sarira ing jaba jero kabeh, terkadang asring andadekana wetuning sesuker tinja taun, kara tinja kalong, utawa cacing kalung karo cacing tembaga, ing wekasan pucuking parji karasa anyep, andadekake teranging nutfah, iku tanda wis parek ing dina Kiyamat, amung kurang ing saantara dina, ing kono waktuning Dajal laknat katon arep agawe arubiru, marang kahanan kita, iya iku pangonaning katekan rancana saka sadulur papat, kalima pancer dumunung ana ing badan kita dewe, panangkise anapekena rahsaning jati wisesa, tegese angenirake angen-angen, banjur karuwata kaya ing ngisor iki :

“Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancer kang dumunung ana ing badaningsun dewe. Mar marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing kadangingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadangingsun kang metu saka marga hina lan ora metu saka ing marga hina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada sampurna nirmala waluya ing kahanan jati, dening kudratingsun”.

Nuli asaksiya kalayan Dzat kita dewe, kaya asahid marang wahananing sanak kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ing alam dunya, wis kasebut ing ngarep ana wekasaning wewejangan.

9. Panengeran Kang Kaping Sanga Utawa kang Wekasan.

Kang kaping sanga, yen ketek ana ugel-uegeling asta wis ora ana, andadekake oncate pramananing kanaka, sarta pramananing tingal wis sepen, andadekake rupeking pandulu rengating alis, utawa garebeging talingan wis meneng, andadekake pengeng sanalika, ing wekasan garing-gingen kang sarira banjur kambu gandaning sawa, iku tanda wis muncad ing dina Kiyamat, jumeneng kalayan pribadine, ing kono panggonaning anucekake sakehing anasir, tegesing anasir : bangsa, iya iku bangsaning khak kang dumunung ana ing Dzat, sifat, asma, afngal, kaya ta : anasir badan asal saka ing bumi , geni, angin, banyu, iku kaciptaa suci mulya mulih marang asale, saampurnaa anunggal kalayan anasiring roh, kang sumende ana kahananing wujud, ngelmu, nur, suhud; Tegese wujud : wahana, iya iku getih, amarga getih iku dadi kanyatahaning roh, Tegese ngelmu : paningal, iya iku paningaling netra balaka, amarga paningal iku dadi pamawasing roh, Tegese nur : cahya, iya iku cahya kang anglimputi ing sarira, amarga cahya iku dadi pratandaning roh, Tegese suhud : saksi, iya iku napas, amarga napas iku dadi saksining roh.

Dene enggone anucekake kasebut ing sajroning cipta mengkene :

“Ingsun anucekake sakalaliring anairingsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa rochani, nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun”.

Yen wis mangkono, nuli Nur Muhammad tumimbul, gumilang-gilang ana ing ana ing wadana, tanda bakal binuka kijabing Pangeran, meh katone sakehing cahya, ing kono panggonaning ngawinake badan karo nyawa, kasebut ing sajroning cipta mangkene :

“Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine malaekat papat, iya iku Ingsun kang angawin badaningsun, winalenan dening Rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening malaekatingsun papat, Jabrail, iya iku pangucapingsun, Mikali, pangambuningsun, Israfil, paningalingsun, Ijraril, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun”.

Nuli anyiptaa sangkan paraning Tanazultarki, kasebut ing ngisor iki :

“Ingsun mancad saka alam Insan Kamil, tumeka maring alam Ajsam, nuli tumeka maring alam Misal, nuli tumeka maring alam Arwah, nuli tumeka maring alam Wachidiyat, nuli tumeka maring alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Achadiyat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil maneh, sampurna padang terawangan saka ing kudratingsun”.

Nuli anyiptaa ing pambirat asaling cahya sawiji-wiji kasampurnakake saka kudrat kita, supaya aja nganti kalimputan dening cahya kang andadekake durgamaning sangkan paran, mangkana pambirate ing sajroning cipta :

“Cahya ireng kadadeyaning napsu Luwamah sumurup maring cahya abang, cahya abang kadadeyaning napsu Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarnakadadeyaning pramana sumurup maring Dzating cahyaningsun awening mancur mancarong gumilang tanpa wewanyangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun”.

Ing nalika iku upama ana karasa apa-apa ing badane, angusapa puser kaping telu (3), upama angrasa liwung kaya mendem, angusapa dada kaping telu (3), upama angrasa arip arep sare, angusapa batuk kaping telu (3), upama angrasa arep lali, angusapa embun-embun kaping telu (3), banjur tata-tata dandan kaya ing ngisor iki ptrape :

1. Wiwit asidakep suku tunggal anutupi babahan nawa sanga, dirijining asta pada antuk ing selaning dariji kaya angapu-rancang, jempol diadu pada jempol, banjur tumumpang ing dada, dibener sesipatane lawan tengahing dada, salonjoring sikil awit jempol sikil katemokake pada jempol sikil dipapak, polok ketemokake pada polok digatuk, dengkul katemokake pada dengkul dirapet, palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil aja nganti katindihan.

2. Nuli amawas pucuking grana, disipat ing dada tumeka ing puser, ing palanangan, ing jempol sikil, banjur angeningake cipta.

3. Nuli angeremake netra kang alon, angingkemake lambe kang adamis, untu gatuka pada untu kang rata, ilat katekuk manduwur kapadalake ing cetak, banjur pasrah analangsa ing Dzate dewe.

4. Nuli amegeng napas ing sanalika banjur anyipta matrapake panjenenganing Dzat, wiwit angumpulake kawula gusti mangkene :

“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon aja nganti kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta maha sucekake ing Dzat kita kaya mangkene :

“Ingsun Dzat Kang Maha Suci Kang Asifat Langgeng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jisimingsun kalawan kudratingsu”. Ing kono pamegengeng napas katurunake metu ing grana maneh, kang alon aja nganti kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angrakit karatoning Dzat kita kang amaha mulya kaya mangkene :

“Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa andadekake ing karatoningsun kang agung kang maha mulya, Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, jangkep saisen-isening karatoningsun, pepak sabalaningsun kabeh ora ana kang kekurangan, byar gumelar dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka sakarsa-karsaningsun kabeh, saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angracut ing jisim kita kaya mangkene :

“Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana jaman karamat kang amaha mulya, wulu kulit daging getih balung sungsum sapanunggalane kabeh, asale saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali Ingsun maneh, saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta anarik marang para akrab sapanduwur sapangisor kang wis pada ngajal, kasampurnakake kaya mangkene :

“Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman karamating alame dewe-dewe pada suci mulya samprnaa kaya Ingsun saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angukud gumelaring alam dunya kasampurnakake kabeh kaya mangkene :

“Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing wewangene, Ingsun kukud mulih mulya samprna dadi sawiji kalawan kahananingsun maneh saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta ambabar marang tedak turune kang pada kari kaya mangkene :

“Tusasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh, pada nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang pangasihan marang para tumitah kabeh kaya mangkene :

“Sakehing titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada asih welasa marang Ingsun saka ing kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang kamayan marang para mahkluk kang pada angarubiru, utawa ora angendahake marang jisim kita kaya mangkene :

“Sakehing mahklukingsun kabeh, kang ora angendahake maringsun, pada kaprabawa ing kamayan dening kudratingsun”. Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

Dene enggone amatrapake panjenenganing Dzat kabeh mau yen karingkes dadi sawiji ana pratingkahe, wiwit pamegenging napas amung sapisan bae, ing sanalika amatrapake kaya mangkene :

“Sakaliring cahya kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun, iya Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, iya Ingsun Dzat Kang Maha Suci asifat Langgeng, iya Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu agung, kang amurba amisesa kang kawasa angracud jisimingsun, anarik jaganingsun, angukud jagadingsun, amababar turasingsun, amasang pangasihan marang titahingsun, amasang kamayan marang mahklukingsun kabeh sampurna saka ing kudratingsun”. Banjur kaciptaa ing sasurasane, sarta pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon aja nganti kasusu.

Mungguh cancude ing sajroning amegeng napas mau uger enget ing cipta bae, patrape kabeh iku iya wis kacakup, sabab yen sajroning jaman karamatullah ing tembe waktuning makam ijabah, tegese panggonan katarima, apa saciptane dadi, amarga sirnaning mudah kari wajah, mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng.

Yen wis mankono, maras kita tumangkep ing ati, andadekake seseke ing napas, ing kono banjur anarika napas saka kiwa mubeng anengen, saka tengen mubeng ngiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing lintang johar akhir, iya iku puser, katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing maligening Bait al Muharram, iya iku dada, banjur anyipta cancuding amatrapake panjenenganing, dienget aja nganti tumpang suh kumpuling napas, tanapas, anpas, nupus, napas iku tetalining jisim, dumunung ana ing ati suweda, tegese woting ati, wahanane dadi angin kang metu saka badan wae, tanapas, iku tetalining ati, dumunung ana ing puser, wahanane dadi angin kang manjing marang badan bae, anpas iku tetalining roh, dumunung ana ing jejantung, wahanane angin kang tetep ana ing jero bae, nupus iku tetalining rahsa, dumunung ana ing puat kang aputih, iya iku ana ing woding jejantung, wahanane dadi angin kang metu angiwa anengen saka badan, pakartine anglimputi sakaliring jasmani rochani.

Yen wus kumpul dadi sawiji, napas, tanapas, anpas, nupus, mau banjur katarik manduwur kang alon, leren tinata ana ing maligening Bait al Makmur iya iku ing sirah, ing kaciptaa licin dadi nukat gaib, tegese saliring jasmani kaciptaa luluh dadi banyu, nuli kaciptaa luyut dadi nyawa, nuli kaciptaa lenyep dadi rahsa, nuli kaciptaa layat dadi cahya gumilang tanpa wewayangan ing kahanan kita kang sajati.

Yen wis mangkono, erah kita parad banjur karasa walikaten salir anggaotaning sarira kabeh andadekake : netra bawur, talingan pengleh, grana mingkup, lidah mangkeret, ing wekasan cahya surem, swara sirna, ora bisa aingali, miyarsa, angganda, amirasa, amung kari cipta bae, amarga wis kinukud tataning sarengat, tarekat, hakekat, makrifat : * Sarengat iku lakuning badan, dununge ing lesan, * Tarekat lakuning ati, dununge ing grana, * Hakekat lakuning nyawa, dununge ing talingan, * Makrifat lakuning rahsa, dununge ing netra, mula sejatining sarengat iku lesan, tarekat : grana, hakekat : talingan, makrifat netra, kaupamakake bawure kaca wirangi, utawa esating banyu zamzam, nuli pamiyarsaning talingan, kaupamakake rentahing godong sajaratilmuntaha, utawa kangsrahing hajar al aswad, nuli panggandaning grana, kaupamakake guguring wukir ikrap, utawa rubuhing ardi tursina, nuli pamirasaning lesan, kaupamakake bubrahing wot siratalmustakim, utawa rusaking ka’batullah, ing kono banjur karasa nikmat saliring anggaotaning sarira kabeh, angluwihi nikmating sanggama ing nalika metokake rahsa, amarga awit binuka kijabing Pangeran, waktuning sirnaning warana banjur katoning jaman karamatullah, tegese jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalem adam kukumi tekane sakehing cahya kang pada anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung amustiya pepuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang ajabar jer apes, unine : A, I, U, tegese : Aku Iki Urip, banjuranyipta brangta ing Dzat, supaya aja kengetan marang kang keri kabeh.

Ditulis dalam SERAT CENTHINI JILID 1

PUPUH XXXV

DHANDHANGGULA

– 01 –

Lon umatur Raden Jayengresmi, kadiparan dinten kang prayoga, punapi wonten sanese, utawi wancinipun, mawi milih mawi nyingkir, ki Buyut angandika, punika masputu, etang minangka satiyar, angluluri nasehat ing nguni-uni, wiji saking ing Arab.

– 02 –

Pan punika masalah ngawruhi, ingkang pangandika, Nabiyullah, salahu wasalame, sakehe umatingsun, padha ngawruhana ing nginggil, patingkah alulungan, milya kang sarju aja lungan tanggal pisan, ta na laba lungana, tanggal ping kalih, pan iya oleh laba.

– 03 –

Tanggal kaping tiga datan becik, tan na laba tanggal kaping papan, rekasa angen margane, tanggal ping lima iku, manggih laba kaping nemneki, tan manggih laba ilang, karyane wong iku, tanggal ping pitu prayoga, manggih rahmating Pangeran tanggal kaping, wolu agring ingi paran.

– 04 –

Tanggal kaping sanga manggih pati, lan pakewuh tur padha sumadhang, tanggal kaping sadasane, manggih laba rahayu, ping sawelas apenget ugi, tanggal ping kalihwelas, tan ana labeku, tanggal kaping tigawelas, oleh utang tanggal pat belas becik, neng parang manggih laba.

– 05 –

Tanggal ping limalas ayu olih, emas perak tanggal ping nembelas, tan antuk laba tanggale, ping pitulas rahayu, p8ing wolulas pan laba manggih, tanggal kaping sangalas, penet pan rahayu, tanggal kaping kalihdasa, gering marga, tanggal ping salikur ugi, (ng)garesah aneng paran.

– 06 –

Tanggal ping rorikur ayu becik, tanggal telulikur laba karya, tanggal kaping patlikure, penet ping limalikur, mapan ala tanggale kaping, nemlikur gesang pejah, punika pinangguh, tanggal pitulikur ala, bakal tukar iya ananireng margi, tanggal wolulikurnya.

– 07 –

Oleh laba sangalikurneki, manggih rahmat saking ing Pangeran, tanggal ping tigadasane, manggih utang neng purug, tititelas masalah iki, ing wong kang alulungan, pangandika Rosul-lolah, salahiwasalam, dipun sami nastiti kadi punika, inggih waluhualam.

– 08 –

Lampaira Kangjeng para Nai, lamun badhe mangkat saking wisma, isarat ingkang kaangge, Jumungah akakemu, lan asusur lampahing Nabi, Muhammad Rosullolah, lamun dina Sabtu, punika angandhut lemah, dinekekken ing puser lapahing Nabi, Adam ingkang minulya.

– 09 –

Dinten Ahan angangge susumping lapahipun Jeng Yusup Bagendha, Isnen natab lalandhepe, Bagendha Umar laku, Slasa manggan asta ing geni, Bagendha Abubakar, ingkan darbe laku, Rebo akukudhung sinjang, lampahipun Nabi Ayub singgih, Kemis tumengeng tawang.

– 10 –

Myang tumungkul ing bantala nenggih, lapahipun Sang Ali Bagendha, winewahan sangatane, kalamun arsa nglurug, angkatira pan sampun uning, langkahe ingkan pecak, sangat lamun sampun, pecak sadasa umangkal, pangwasane sang Gadudha kawon dening, sadhengahing taksaka.

– 11 –

Isnen wusing pecak nem lumaris, pangawasane singa krura kalah, dene*) manjangan yektine. Salasa lamun sampun, pecak kalih angkatireki, pangawasanipun singa, ingkang sru manempuh, kayon dening kang dirada, Rebo wusing pesak pipitu lumaris, menggah pangasanira.

– 12 –

Diwangkara kawong dening sasi, Kemis wusing pesak dwilyas **) Jumungahapan sampuning, pecak triwelas mangkat, de pangawasipun, sona dening kancil kalah, Saptu wusing pecak dwiwelas lumaris, denen pangawasanira.

– 13 –

Sawer kawon dengin kodhok bungkik, tamat sangat Sang Ali Bagendha, wonten santat ingkang kangge, aningkahaken sunu, myang ngadegken sadhengah panti, punika manut tanggal, sapisan witipun, kaping kalih kaping tiga, ping sakawan pang gangsal gya wangsul malih, nem kadi ping sapisan.

– 14 –

Tanggal kaping sapisan pan sami, kaping nenem sawelas nembelas, salikur myang nemlkure, wit surya wedalipun, tekeng pecak slikur potneki. Ahmad pitutur nyata, wit pecak salikur epote pecak sawelas, Jabarail kalangan tangkepanneki, awit pecak sawelas.

– 15 –

Epot bedhuk Brahmin pecak-wesi, awit bedhug ing potipun Asar, Yusup slamet rangeppane, Asar sawengi muput, epot enjing Hyang Surya mijil, Ngijrail rejekinnya, ping kalih winuwus, sami lawan kaping sapta, kalihwelas pitulas rorikur nengggih, myang pitulikur samya.

– 16 –

Purnamaning Hyang Pradangapati, epot pesak salikur punika, Jabarail rejekine, wiwit pecak salikur, epot pecak sawlas Ibrahim, pitulikur rangkepannya, sawlas epot bedhug, Yusup kalangan tangkepnya, bedhuk potnya Irjail apacak-wesi, asar sadalu pisan.

– 17 –

Pole tekeng purnamaning rawi, Ahmad slamet tanggal kaping tiga, ping wolu ping triwelas, wolulas tigalikur, wolulikur punika sami, wit purnamaning surya, pot pecak salikur, Ibrahim slamet rangkepan, pecak slikur pot pecak sawilas marengi, Yusup rijekinira.

– 18 –

Pecak sawlas epot bedhug wanci, Ngijrail pitutur rangkepan, bedhug tekeng Asar pote, Ahmad kalanganipun, awit pasar potira prapti, purnamaning Hyang Surya, Jabarail iku, pacak wesi tangepannya, gantya tanggal ping sakawan samineki, ping sangan ping patbelas.

– 19 –

Ping sangalas patlikur myang kaping, sangalikur punika ingetang, wit Hyang Surya purnamane, epot pecak salikur, Yusup pacakwesi marengi, awit salikur pecak, sawelas potipun, Ngijrail salamet pecak, sawlas epot bedhug Ahmade rejeki, wit bedhug epot Asar.

– 20 –

jabarail pitutur ngrangkepi, Asar prapta purnamaning surya, Ibrahim kalangan mangke, ping gangsal sadaseku, gangsal welas myang kalihdesi, salawe tigang dasa, pan sami puniku, awit purnamaning surya, tekeng pecak salikur epotireki, Ngijrail akalangan.

– 21 –

Pecak slikur sawelas potneki, Ahmad pacakwesi rangkepannya, pecak sawelas awite, epote tekeng bedhug, jabarail slamet ngrangkepi, bedhug epotnya Asar, Brahim rijekiku, Asar sadalau epotnya, purnamane Sanghyang Surya amungkasi, Yusup pitutur Ahmad.

  • ) Prayoginipun dening
  • *) Prayoginipun dwiwias

– 22 –

Raden Jayengresmi tanya malih, kadiparan sangat palintangan, punapi wonten sanese, ki Buyut manthuk-manthuk, manut dinten lampahireki, pipitu kehing lintang, sadinten sadalu, paedahe pyambak-pyambak, awon penet myang laire jabang bayi, tinitik saking lintang.

– 23 –

Lintang Samsu sabarang prayogi, lawan marek ing sri naranata, myang wong agung sasamine, ningkah langkun panuju, ingkang awon tuwin myang sakit, nunugel kesah perang, jejampi nyanyambut, tuwin ngenggali pangganggya, undang-undang prasanakan atanapi, kumpulan tan prayoga.

– 24 –

Lare lair rainten marengi, jales estri umuripun panjang, sinung padhang ing driyane, kedhik rijekinipun, prihatinan ing tyasireki, jalu estri yen medal, dalu watekipun, pan ugi petengan manah, lawan sinung gelap tyase anawengi, gantya kang winursita.

– 25 –

Lintang Juhrah angka dwi nameki, samukawis punika prayoga, dinen ngelmi utamane, rabi tumekeng sarju, anjampeni rare utami, anggalih samubarang, pandamelan atutde, kang awon andum karya, akengkenan dhumateng mengsahing jurit, myang kengkenan sadhengah.

– 26 –

Lare lair jalu lawan estri, ing raina jembar kang polatan, jalu estri yen laire, anuju wanci dalu, langkung kumet wicaraneki, tur pengkok nora (ng)gragap, kaping tri winuwus, lintang Ngatarit pinajar, samubarang prayoga ingkang upami, mumuruk amamarah.

– 27 –

Marek nata myang pados usadi, apan sami prayoga sadaya, dene ingkang boten sae, paes pasah cucukur, lair rinten bilih pawestri, sae keh daulatnya, nging wicara kaduk, ragi panasten ing manah, namun saged ing damel tan nguciwani, yen jaler lair siyang.

– 28 –

Apan awon ing tyas gung prihatin, bilih estri dalu lairira, cupet kang budi wateke, yen jalu lari dalu, watekipun jembar kang budi, sabar lila ing donya, tur sudih begja gung, welasan marang sasama, mangkya catur lintang Kamar kang winarni, samukawis prayoga.

– 29 –

Tuwin marek ing sri narapati, angandikan kang mawa paedah, sisimpen tulus arjane, adagang antuk untung, akengkenan sarju katampi, mamaris tulus trimah, kang awon winuwus, pradata padu myang nglamar, atanapi (n)dhaupaken laki-rabi, punika tan prayoga.

– 30 –

Lare estri lair amarengi, nuju siyang boros watekira, yen jalu siyang laire, cuparira kalangkung, lamun estri lairnya ratri, sae saged ing karya, bekti marang kakung, nastiti mring samubarang, lamun jaler lairipun wektu ratri, barancah mring wanodya.

– 31 –

Panca lintang Juhkal kang winarni, ingkang sae wiwit gentur tapa, pandamel mring Pangerane, awit ngantos pakantuk, lyan punika boten prayoga, yen rare lair siyang, atanapi dalu, jalu estri ugi samya, tansah kambah sakit encok tan kalirih, nanging keh rejekinya.

– 32 –

Tur asabar lila ing donyaki, wadanane mung radi engetan, gumantya angka neneme, lintang Mustrai iku, ratuning kang lintang sapteki, langkung sae sabarang, satingkah rahayu, ingkang awong mung sajuga, amanggalih ngadoni lapahing jurit, yen rare lair siyang.

– 33 –

Jalu estri pan sami prayoga, watekipun saestu sukuran, yen estri lair dalune, ajrih mring piyanipun, pandamelan agal myang remit, widada awidagda, lamun rare jalu, lair dalu langkung pradhah, tan kaconggah nedha ing kebon ananging, remen nyilib tyasira.

– 34 –

Mangkya gantya kasapta mungkasi, lintang Mirah ingkan aprayoga, namping imba paras paes, sunat ugi pakantuk, atanapi ngadoni jurit, lawan iyasa gaman, kajawi puniku, pakaryan awon sadaya, lamun nuju rinten rare lair estri, watak jail kang manah.

– 35 –

Bilih jalu rinten lairneki, tan saranta barang watekira, yen lair nuju ratrine, estri tanapi jalu, tan salamet manahnya gingsir, keket kapara ngarsa, jail amathangkul, sampun jangkep lintang sapta, awon penet ing mangke wiwit winilis, lampahing pilantangan.

– 36 –

Malem akad ing wanci Mahribi, ingkang tampi Samsu taranggana, Ngisal Juhrah tampine, wanci sirep janmeku, lintang Tarit ingkang atampi, tengahe ratri Kamar, lingsir wenginipun, tinampenan lintang Juhkal, bangun enjing lintang Mustari kang tampi, Subuh Mirah gumantya.

– 37 –

Akad enjing Samsu kang nampeni, rame pasar tinampen ing Juhrah, lebar pasar Tangarite, bedhug Kamar kang lungguh, luhur Juhkal ingkang nampeni, Ngasare tinampenan Mustari punika, sontene ingkang atampa, lintang Mirah jangkep saratri saari,lampahing lintang sapta.

– 38 –

Malem Isnen ing waktu Mahribi, ingkang tampi taranggana Kamar, Ngisa-bah Juhkal tampine, ing wanci sirep manus, ingkang tampi lintang Mustari, tengah ratri Mirahnya, lingsir wenginipun, lintang Samsu kang alenggah, bangun enjing lintang Juhrah katan atampi, Subuh Natarit lintang.

– 39 –

Isnen enjing lintan Kamar tampi, rame pasar tinampen ing Juhkal, lebar pasare tinampen, Mustari trengganaku, wanci bedhug Mirah kang tampi, wektu Luhur Samsunya prapteng Ngasar puput, tinampenan lintang Juhrah, wanci sonten Ngatarit ingkang atampi, jangkep lintang kasapta.

– 40 –

Malem slasa ing waktu Mahribi, lintang Mirah seren wektu Ngisa, trengganan Samsu tampine, sirep janma kang lungguh, lintang Juhrah tengahing ratri, Ngatarit ingkang lenggah, lingsir wenginipun, tinampen ing lintang Kamar, bangun enjing lingant Juhkal kang nampeni, Subuh lintang Mustarnya.

– 41 –

Slasa enjang Mirah ingkang tampi, rame pasar Samsu ingkang lenggah, bar psar Juhrah tampine, bedhug tinampen gupuh ing Ngatarit Luhur tinampi, Kamar kang tarangganan, Ngasri Juhkal lungguh, sontene tinampenan, taranggono Mustari pot wektu Mahrib, jangkep kasapta lintang.

– 42 –

Malem Rebo ing waktu Mahribi, lintang Ngatarit pot wektu Ngisa, tinampen Kamar lintange, wanci sirep jalmeku, lintang Juhkal ingkang nampeni, tengah ratri tranggana, Mustari kang lungguh, lingsir dalu tinampenan, lintang Mirah bangun sampun kang nampeni, ing wektu Subuh Juhrah.

– 43 –

Rebo enjing Ngatarit kang tampi, rame pasar tinampen ing Kamar, bar pasar Juhkal tampine, bedhug nulya sinambut, ing Mustari Luhur tinampi, lintang Mirah punika, wektu Ngasaripun, trenggana Samsu lenggah, wanci sonten ing Juhrah kang nampeni, jangkep lintang kasapta.

– 44 –

Malem Kemis ing wektu Mahribi, taranggana Mustari praptanya, Ngisa tinampenan Mireh, sirep ing janma Samsu, tengah ratri ingkang nampeni, kanang tranggana Juhrah, seren lingsir dalu, tinampen Ngatarit lintang, bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi, ing wektu Subuh Juhkal.

– 45 –

Kemis enjing Mustari kang tampi, rame pasar lintang Mirah lenggah, bar pasar Samsu tampine, Ngatarit inggkan lenggah, seren Ngasri wektu, tinampenan lintang Kamar, wanci sonten lintang Juhkal ingkang tampi, jangkep kasapta lintang.

– 46 –

Malem Jumngah ing wektu Mahribi, lintang Juhrah ingkang apilenggah, ing waktu Ngisa epote, tinampen Nataritu, sirep janma Kamar nampeni, tengah ratrinya Juhkal, lingsir ratrinipun, lintang Mustari punika, bangun enjing lintang Mirah kang nampeni, Subuh Samsu tranggana.

– 47 –

Jumngah enjing Juhrah tampi, rame pasar Ngatarit kang lenggah, lebar pasar Kamar Manggen, bedhug ginantyan gupuh, lingan Juhkal ingkang nyiteni, Luhur gya tinampenan Mustari sitengsu, wektu Ngasri tinamenan, lintang Mirah sontene Samsu kang tampi, jangkep lintang kasapta.

– 48 –

Malem Saptu Mahribi Ngatarit, wektu Ngisa tinampen ing Kamar, sirep janma gya tinampen, lintang Juhkal potipun, tengah ratri ingkang nampeni, Mustari taranggana, epot lingsir dalu, tinampen Mirah Tranggana, bangun enjing lintang Samsu kan nampeni, Subuh pan lintan Juhrah.

– 49 –

Saptu enjing lintang Juhkal tampi, rame pasar Mustari kang lenggah, lebar pasar lintan Mirah, bedhug tinampen Samsu, wektu luhur Juhrah nampeni, pot Ngasri tinampenan, Ngatarit sitengsu, sontene tinampen Kamar, titi sampung lampahing lintang saptari, dalu praptaning siyang.

– 50 –

Kang minangka naasing lintang dwi, (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal, ngagesang winenangake, setiyar mrih rahayu, yen wus atut eanganeki, gya sumendhe ing Susksma, widadaning kayun, amung, amung aywa kinekahan, pepetangan tan saged ngewahken takdir, siningkura kainan.

– 51 –

Kaol saking pawon mitra mami, brahmanandi ing Ngata-maruta, tiyang badhe gadhah rate, utawi jama ayun, prapteng janji ing wancineki, laire kanang jabang, pecate nyaweku, wawaton ari sapta, siayan dalu punika sami binagi, kalih welas gathita.

– 52 –

Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi, gathita nem sapta astha nawa, sadasa sawlas tengange, kalihwlas inggih bedhug, gya gathita satunggil kalih, tiga sakawan gangsal, wangsul nenem surup, lajeng etang kadi siyang, dados namung wonten kalih welas wanci, kalamun ari Akad.

– 53 –

Gathita nem sapta sawlas tuwin, tabul satunggal kalawan gangsal, Senen astha sadasane, satunggal tripanceku, Slasa sapta sadasa tuwin, tenggane kalihwelas, kalih gangsalipun, Rebo sapta nawa sawlas, kalih catur Kemis astha sawlas tuwin satunggal tri sakawan.

– 54 –

Jumhan astha sadasa tanapi, kalih welas tiga myang sakawan. Saptu sapta myang nawane, dwidwlas kalih catur, bilih wonten tiyang nyakiti, utawi tyang sakarat, ri Akad tartamtu, lair utawi papatya, gathita nem sapta sawelas satunggil, gangsal salah satunggal.

– 55 –

Raden Jeyengresmi matur aris, kathah temen ing parincenira, mrih widada rahajane, utami dipun enut, tan kainan basanireki, wonten kaol mupakat, punapa saestu, yen badhe karya pemahan, tuwin griya saka usuk denukuri, penet awoning petang.

– 56 –

Leres wonten manawi akardi, ing pamahan dipun estokena, yen (ng)garap pater sitine, cengkali dhepanipun, inggih ingkang adarbe panti, kalamun awiwita, ler kilen mangidul, winicala saking dhepa, wilangannya bumi karta kala kali, kaarah dhawah karta.

– 57 –

Yen mangetan kadhawahna bumi, bilih damel ingkang bubutulan, ambeneraken kalane, myang wiyar ciyutipun, ing pamahan sukaning galih, dene jroning plataran, yen mangaleripun, anotog pager ukurnya, samurdane kang darbe wisma pribadi, tingkahe wismanira.

– 58 –

Den agathuk pager aja lali, yen kekelir sakilening wisma, kang tengen iku lakune, teka ing wismanipun, gathukena ing pager (n)jawi, kang wetan bau kiwa, saking wismanipun, den-gathuk lan wismanira, lolongkange pandhapa, tepusen aglis, lawan pacakanira.

– 59 –

Gedhuging wisma lawan pandhapa, mandhapa iku kalawan lodra, tepusing talapakane, kalih mandhapanipun, lawan lodra yen karya kori, pager tarab cengkalnya, mara-sanganipun, poma sampun asembrana, ing pitedah prayogi aywa kawuri, yen pareng begjanira.

PUPUH XXXVI

PANGKUR

– 01 –

Punika yen karya griya, ukuripun pecakira pribadi, pinecakan panjangipun, gansal petanganira, esri adi naga emas perak lamun, griya kadhawahna emas, pandhapa perak prayogi.

– 02 –

Bilih pawon dhawah naga, payon lesung prayogi dhawah adi, manawi iyasa lumbung, dhawah esri pecaknya, sampun jangkep menggah saka kang denukur, kajawi tangkping ngandhap, lan kajawi purusneki.

– 03 –

Ngukur wiyare kang saka,lajeng kangge ngukur panjangireki, ugi gansal petanipun, bumi banyu prawata myang sangkala geni jangkep gasalipun, dhawah bumi kang prayoga, teteg watekipun bumi.

– 04 –

Dhawah banyu watekira, apan srepan punika (ng)gih prayogi manawi dhumawah gunung, watek kerep aliyan, lamun dhwah sengkala awon kalangkung, kang darbe wisma geringan, dhawah geni tan prayogi.

– 05 –

Kabasmaran watakira, mangkya usuk denetang cajah iji, inggih gansal petangipun, esri kakitri gana, kliyu pokan bilih wisma etang usuk, prayoga esri dhawahnya, pandhapi dhawaha kitri.

– 06 –

Kalih punika prayoga, bilih masjid gana ingkang prayogi, sanese masjid puniku, manawi dhawah gana, tamu angker utawi singit kalangkung, kaliyu datan prayoga, geringan kang gadhah panti.

– 07 –

Yen denetang dhawah pokah, tan prayoga kerep nandhang prihatin, kapejaan jumarunuh, sampun jangkep etangnya, dene pager punika ukuranipun, dedege kang darbe wisma, tuwin dhepane pribadi.

– 08 –

Menggah wiyaring pemahan, sakukanya pan boten denwanceni, gangsal wewilanganipun, bebuka esri etang, tapa lungguh sedana pugeranipun, dhawah sri watak serepan, tapa luwe watekneki.

– 09 –

Lungguh teteg watekira, pan sedana sugiyan watekneki, depugeran watekipun, pitados saha kekah, sampun jangkep ing pundi kaparengipun, tebihing (dn)dhapi lan griya, ugi wonten ukurneki.

– 10 –

Pecaking kang gadhah griya, pan sakawan etanganipun nenggih, awit bale etangipun, omah latar pawuhan, dhawah bale punika ingkang pakantuk, dene yen yasa gedhogan, tuwin kandhang kebo sapi.

– 11 –

Palangipun pinecakan, kajawine pepurus ingkan manjing, kiwa miwah tengenipun, sakawan etangannya, candhi karta rogoh sampoyong puniku, ingkang sae dhawah karta, kalayan dhumawah candhi.

– 12 –

Saka kandhang myang gedhogan, kajawine purus myang pendhemneki, ingukur lan palang wau, dhawah candhi prayoga, ing tebihe saking treping pantinipun, ingukur kalawan pecak, gansal petananireki.

– 13 –

Awit etanipun karta, baya tura samaya angemasi, utami ingkang dhumawuh, ing wewilangan karta, nengna wau titi etangnya ki Buyut, wus anggagat bangun enjang, suwawi waktu Subekti*).

– 14 –

Utami kang radi awal, samya wulu paragating Subekti*), pepujinira nutug, bakdaning pepujian, Gathuk matur alim dalem Kyai Byur, kawula nyuwun wasiat, basanipun tiyang abti**).

– 15 –

Nunutut sadhengah kewan, bokmanawi ing tembe ngingah kambing, amrih cumbu dhaten ulun, ki Buyut angandika, iya kacung pancen ana emelipun, datanpa laku tur cendhak, mangkene basanireki.

– 16 –

Seka leka seka leka, singa buntuk idhepa idhep ing idhepku tut sing saujarku, mung iku ora liya, lamun sira kapareng angelus-elus, marang sadhengahin kewan, kang dadi parenging ati.

–17 –

Kalawan manthening sedya, uga cendhak mangkene basaneki, singa wulu singa buntut, ingusapan pandhawa, lelima tut saujarku mung punika, lamun pinareng ing mangsa, bokmnawan tutut yekti.

– 18 –

Gahuk nuwun-nuwun nembah, sakalangkung kapundhi sih sing yogi, Ki Buyut nyawan sang bagus, sumunaring kang cahya, ngandikeng tyas cecalone janma luhung, manther cahyaning oliya, wasana matur sang adi.

– 19 –

Ing mangke paran ing karsa, seu sokur yen jenak aneng ngriki, rahadyan alon umatur, kang agun apuranta, mangkya ulun ayun (m)dumegekken kayun, ing saparan tanpa sedya, ngulati ingkan lunga nis.

– 20 –

Amung pangestu paduka, rahayune ing lampah bokmanawi, tembe ulun saged wangsul, kantuna karaharjan, wus salaman ki Buyut ngandika arum, mas putu nestapaningwang, sami apuji-pinuji.

– 21 –

Wus tumurun sangkin Murya, ngidul ngilen wus ngambah ing pasisir, tan winarna lampahipun, prapta ing palabuhan Pakalongan kendel ing tepining laut, anom udhuning juragan, kang sangking liyan nagari.

– 22 –

Menawi ari kalihnya, binekta ing nangkoda, sangking Gresik nunut utawi pinupu, mring pawong-sanakira, dupi mudhun juragan kang sangking laut, tinon kang rayi tan ana, sangsaya angles ing galih.

– 23 –

Aduh yayi kadangingwang, Jayengsari myang Niken Rancangkapti, baya mring endi jantungku, amung ta karuhana, ing dunungmu awet mangkene kabanjur, kadya kinjeng tanpa soca, wau Radyan Jayengresmi.

– 24 –

(n)Dedonga marang Pangeran, rahayune kadangira kekalih, tembe sageda pinangguh, atuse manthenging tyas, gya lumampah tambuh kang sindyeng kalbu, kendelnya dalu kewala, bada Subuh gya lumaris.

– 25 –

Prapti ardi Panegaran, kacarita sang yogi kang palinggih, aneng Panegaran gunung, wasi kawisuwara, wakitheng tyas uning satriya anglangut, kendel ing ngandhaping arga, sang wasi utusan aglis.

–26 –

Sabatnya aran Waskitha, kinen mudhun marang ngandhapping wukir, ki Waskitha wus tumurun, pinanggih lan rahdyan, mangenjali matur kawula ingutus, mahawiku Panegaran, Kawiswara sang ayogi.

– 27 –

(n)Jeng paduka ingaturan, minggah maring ing dhepok ulunirit, rahadyan ngandika arum, inggih paman prayoga, sampun kerit Gathak Gathuk tansen pungkur, sang wiku mapag wiwara, wus tundhuk rinangkul aglis.

– 28 –

Kulup ingkang nembe prapta, sajarwaa kekasihira kaki, lawan ngendi pinangkamu, sayogene lereppa, aneng kene kurang nadhah kurang turu, darapon bisaa klakyan, kang dadi karsanta kaki.

– 29 –

Rahadyan dahat lenggana, wus alami pruita ing sang yogi, tatakrabatanya lumintu, sang yogi Kawiswara, lon ngandika ana jiliddan linuhung, sayogya sira anggoa, kanthining janma utami.

  • )Prayoginipun Subekti = Subuh
  • *) Prayoginipun apti = arep, karep

PUPUH XXXVII

KINANTHI

– 01 –

Minangka murda satuhu, tanpa angenaki ati, tama liriing panataran, rantara sesalwirning, sarehning ingkang dumadya, wlasa singa nuwa-nuwi.

– 02 –

Sreda purai ngasamun, samanning sila nagari, aminta sihing ngamarar, awlas asih ring pagimi, unggyannira ngamatirta, cipta mantep marang Widdhi.

– 03 –

Durung dadi lamun durung, darana ring daruning, sakarsa karseng pamasa, satibane kang tinuding, beda pandumming budaya, dayaning (n)donning dumadi.

– 04 –

Kahenengena manengkung, amaladdi samadinning, anegessa karsanging Sang, Amurweng Paningal jati, tingalena maklamullah, malah maluya ywa lali.

– 05 –

Lelakone kang kaluhun, alin-alin denkalilin, lelenga aywa kaalan, ywa lalu atmah lali, kalunta-lunta kalintang, tan wiyang mayanga westhi.

– 06 –

Isthaning anga kagugu, gupita jeg agagappi, aywa gugup ing nalika, nalarrira den alirih, rereh ing pangarah-arah, arahen aywa ngurangi.

– 07 –

Nguranggana ing pangrungu, ing reh aywa nguring-uring, yen miro tmah memirang, amerang amurang niti, titika denkatalika, ywa nunulak tutulan-cik.

– 08 –

Becik rengkuhen pamengku, kumawa ing agal alit, den amulat ing leleta, ywan ingandel dendumeling, (n)dulu ulah karawitan, wittipun tan ana malih.

– 09 –

Sangking kakawin myang kidung, kadi kadang anjarwani, ing sarekaning kalangyan, langening kang milangonni, nglonggana haywan tantara, tariken yen ana luwih.

– 10 –

Miwah ungguhing raras-rum, rumarah murang ing kawi, sesandinig sang kendriya, rekaning kawi kawiddhi, kawiddhi ing widhayaka, ya karana sang siniwi.

– 11 –

Wah tahet babah binarung, ring kasidaning dumadi, dana kariyin denarah, kasantikan wus kawuri, kasudarman tyas mardawa, den manuh manah mamanis.

– 12 –

Manah prenessan ywa kunus, dennira amasang mesi, masalahing sumpet karsa, karsa sineser tan osik, mustika tinon aywa sak, sasat simpen karsa suji.

– 13 –

Ring sojar aja anjujur, kolina kilat ngalingi, tan wring naya ringa mawas, wakitha awangsulanning, yen tan angling den amemma, den amemes ing pangungkih.

– 14 –

Ywa taha berguguk lugu, kaya gopala kapilis, kapelang kapelak-pelak, palenggahe agaligir, wigar agalagar, nganggur tan egaring galih.

– 15 –

Palaning wong ambasengut, ulatte anginggit-inggit, wacana butheking netya, netya ala tan kailir, kelu kalessan ng muka, mengku ala nir pokalih.

– 16 –

Ing wacana yen anuju, pasamuwan srawunganning, dipun sambada ing tembang, manawa katambang balik, denkacakup ing pangucap, titika dipun katitik.

– 17 –

Patitike ywan wus putus, pan wus cinariteng Sruti, sru trep tita ing purwaka, mangka kenging anganggepi, ing cipta ya dyan patutta, ing tembang sambang manawi.

– 18 –

Ana wadi kang sinamun, sinuksa sari-sarining, buhana sabawaning tyas, lair ing tyas kang nampani, nyataning tyas aneng naya, naya netya kang nampani.

– 19 –

Sawadining wardayeku, ing netya pahemanneki, ing wacana (ng)gonning wedhar, sidayaka dayeng wadi, widigda ing ciptamaya, mayana mayaning kapti.

– 20 –

Ati akapti kumudu, asihana ing sesami, witting raga kanasiyan, pan sangking raga pribadi, pribadi asiyeng raga, kadulu dalan dinalit.

– 21 –

Paesan ing sarireku, amberat ingkang kaeksi, nir tasitaning akathah, pangehna ing sarireki, sarira paran bedanya, ambawa ambawani.

– 22 –

Ingkang kadi mangkoneku, endi ulun amurwani, ing paniwi wamangkana, ana pae nupa bumi, dera ngimpun prih sadaya, pan wus jenengin narpati.

– 23 –

Kinasihan ing reh aru, saharja mangakumeki, amiluta ambek ing ngrat, rat karaktettan padha sih, linulut ing lokajana, jeneng kasarjana sami.

– 24 –

Sarat rinaharjeng kayun, mawarah-warah reh aris, tanpa karsa pagehana, kengang murwa angarjani, klitir marang apapa, papa telutuh siningkir.

– 25 –

Mikara kang sikara dur, nimitnya-mitya sajati, juti sajatining mita, siyasat lir sagaragni, genengan kathah isininya, sarira tanpa welang ngling.

– 26 –

Sesumbanging ngrat kasumbung, sesining tapa ing bumi, bumi saja saha jarwa, sojar tekanang binukti, bremara ngusweng kusuma, sumarmaning ganda sari.

– 27 –

Salwir bawaning kang sinung, ing wadi widagdeng kuwi, among jagad jaga-jaga, arjuning ngrat tan kaesthi, saesthining asthagina, ginulang-gulang ing pangling.

– 28 –

Liniling-liling kalangkung, sinelan planu pinalin, sarasa-rasa rinangsang, kang saru-saru siningkir, sikara tan karawatan, kuwat awetta rangkawit.

– 29 –

Wiwitting watara wolu, waluyane wali-wali, wulang lila lan wilalat, ywan linelet temah lali, lalu amilih turida, ruda ruah angrudatin.

– 30 –

Rudating angayun-ayun, wahyu-wahyaning sakalir, kaliliran kalairran, lairing wahyu-winaris, waras ngeniraken maras, marassaken jiwaragi.

– 31 –

Noraga tegeng anurut, anurut rat pinirit, mirit angipat kiparat, puret pepet tan pinipil, papalla sangking sikara, sukura suker singkinkir.

– 32 –

Kertya pakarti katutur, titir pamantara titi, tatas pandining walgita, tan pegat amagut kapti, kaptine ingkang kampita, pitaya den pitayani.

– 33 –

Yen ing tyas pan aywa tambuh, bubuhanne wong ngaurip, angarep-areppa karya, karyane sawiji-wiji, wijining puruitaa, ya asthaguna kinawi.

– 34 –

Kawining Hyang Endra laku, ngudannaken wangi-wangi, angresepi sabuwana, kawaratan ing mamanis, menuhi manah madada, moneng manengku ngenani.

–35 –

Kawining Hyang Yama laku, madhendhakrama tan yukti, ya maluma lwir ya pejah, durjana gelahing bumi, nadyan braya wani ngambah, binubuh pinrih ing pati.

– 36 –

Kawining Hyang Surya laku, ngingsep toya tan katawis, rereh ririh tan rekasa, rasanne tan ngeressi, resik lumintu atata, santyasa ngatiyati.

– 37 –

Kawining Hyang Candra laku, ngasuk ngasepi sang bumi, komala mredu katingal, guya-gutunya mamanis, lir tetessing martotama, resep marang para resi.

– 38 –

Kawining Hyang Bayu laku, anginte sagun pakarti, cuddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi,ya dibya guna kagunan, dinunni saari-ari.

– 39 –

Kawining Kuwera laku, anginte sagung pakarti, buddining rat kinawruhan, sawicara denkawruhi, ya dibya guna kagunan, ginunni saari-ari.

– 40 –

Kawining Baruna laku, ngagem sanjata ngapussi, sagung kang olah durjana, jinajahan sinalisik, sinalasah cinepengan, amempeng dennya ninitik.

– 41 –

Kawining Hyang Brama laku, anggesengi ripu tapis, galak ring ripu lwir singa, kang kinangsah sirna gusis, murub warata kataman, tamannira aneng geni.

– 42 –

Nahan ta guna ginunggung, suraku rumekseng bumi, bumi ginora warana, lana gineneng pinusthi, sesthaning butaning ngolah, ulah sesran musran muni.

– 43 –

Aywa neher ing paniru, angalappa saraganing, Sruti titikanning kangap, kadhapping kilap ngulati, Islam mapan janma tama, kang kapir prandening sesthi.

– 44 –

Asthabrata kang linaku, kelakon pangolahneki, pundi antuk kalah, lan lakune Buddha nguni, beda budining manungsa, akawih ingkang linewih.

– 45 –

Maluya laya anuntur, linanturaken pakarte, Jayengrana pinandhita, ing palagyan palunggyaning, byuha tarien wekasningka, tapa kaluhuran dadi.

– 46 –

Legaweng pati ring ripu, pratapanning kang prajurit, sor tapaning kang pandhita, tapa tapaking jayanti, antyastya pramukyeng tapa, tapa (ng)graning gunung wesi.

– 47 –

Sinembah ing ngalapa gung, singgih yen sirarsa jurit, den prastawa ing sopana, ing bubuka purba titi, titika denkatalika, tutula tinali-tali.

– 48 –

Agama pan sedya ayu, pagahen padhanging pati, aywa ta kaselan meda, dumadya amangguh westhi, nadyan ana hru sayuta, sedya yu pan denpayungi.

– 49 –

Ing agama payungipun, rineksa tebih ing westhi, dyajan ta anut ancala, bubuka ywa ngaruhunii, ruhanana ywang wus pingsal, asapenet gan yen uwis.

– 50 –

Ana (ng)gyanya tindak-tanduk, ing swara asywa dumeling, aywa liyan kang karengya, munga sang nata pribadi, dennira angadu laga, mawastreng papan makangsi.

– 51 –

Bubuhan kang aneng ngayun, tempuking ayuda pan wis, panarcayan mring sang nata, mangsa kaguha ing jurit, sang nata nata ring wuntat, tan patya keh kang umiring.

– 52 –

Mung kanan kering myang pungkur, sawega prayitneng westhi, manawa na katelayah, raganing turangga mregil, tutulunga teka wangwang, ginantya bala toh pati.

– 53 –

Yeka palayarannipun, ring atapa gunungwesi, tan kacaryan tan kawuryan, ring dadi dadining bumi, sastakasa myang riringa, pan purbawisesa jati.

– 54 –

Tan ana lara myang lampus, urippe sangking Hyang Jati, Karana tan takut ing prang, nistha madya utamaning, mantri lingling kina-kina, kinenan malah ing mangkin.

– 55 –

Nisthaning mantri winuwus, yen kawawas lena dhingin, lena kari wadyanira, madyaning mantri yen mati, bareng lawan wadyanira, utamanireng kang mantri.

– 56 –

Yen ing bala ngarsa gempur, tulung ngadegken jemparing, mangsa mangke dadya warta, yen amungun jareng jurit, nistha madya utamanta, mantri ngmasi rumiyin.

– 57 –

Ing lelakonne keh kantun, kaputungan tyas kang nulis, sepi supene kang bawat, tumanduk lamun udani, telasana sanggamu, ywa, dening tanduk tan nindaki.

– 58 –

Lwir tarbuka rupanipun, cundhining rat anjajagi, tan mangra mantreng sarira, purwaning amenggel kawi, kinayah kayuh bawamba, abuning rat ing saricik.

– 59 –

Ing angga akarem liwung, ing pangiwa angenani, tulaten namung pinampar, tan wrin cacden ing sami, sanepaning pasang sewa, sinawwa tan suwawi.

– 60 –

Wiyangga wuyungan kalbu, buhana tandha saben ri, rumaras ywan tan mangguha, uguhing kidung tinampi, nampingana mangka dadya, dadya dawaning murwani.

– 61 –

Nimpeni dadi sinamun, namun dana tanpa mijil, pinunjal tinujel suka, suka ringa manggel kawi, kawisesa budyadarma malangun dadine bumi.

PUPUH XXXVIII

ASMARADANA

– 01 –

Rahadyan sanget gung kingkin, miyarsa andikanira, wasi kawiswara kaot, wus lami neng Panegaran, ngentek piwulangira, dhasar lantip sang abagus, sakep atampi piwulang.

– 02 –

Saya tebih dhabar guling, Gathak Gathuk eca ing tyas, Kawiswara ngandika lon, kulup ywa dadya tyasira, ingsun tan pisan-pisan, risi kanggenan sireku, amung supaya wuwuha.

– 03 –

Kawruh utamining urip, tumekane ing delahan, angidulla bener angger, marang ing Salamet arga, kono ana satriya, atmaja sri Majalangu, nama Seh Sekardelima.

– 04 –

Dhepok ing Salamet wukir, wus manjing agama Islam, Sunan Tembayat gurune, sinepuhan Jeng Suhunan, Adi ing Kalijaga, aran wong bisa ketemu, yen datan lawan nugraha.

– 05 –

Mangkata sedheng kang wanci, rahadyan angaras pada, saha aturira alon, muhung pangestu paduka, kawula darma lumampah sangking pituduh, tuhu tan darbe kuwasa.

– 06 –

Wau mesem sang maharsi, kulup ing pangestuningwang, Gathak Gathuk awotsinom, kawula anyuwun barkah, pinaringana kuwat, (n)dherekken wayah pukulun, angsala idin pandonga.

– 07 –

Iya kenang sun ideni, muga kinuwatna ing Hyang, rahadyan sampun lumengser, linggar sangking Panegaran, lajeng ing lapahira, Gathak Gahtuk tanseng pungkur, wus ngancik sukuning arga.

– 08 –

Sumawuring sari-sari, ganda arum amrik ngambar, gantya ingkang winiraos, ing dhepok Salamet arga, masjid munggul katingal, asri busananing gunung, taru-tarunya tinata.

– 09 –

Sasekaran angubengi, toya wening tinalangan, pating sareweh iline, mangungkan talaga dibya, ngunguwung lirab-lirab, wau panembahan gunung, lenggah tepining talaga.

– 10 –

Ingadhep abdi kakalih, Ki Maklum lawan Ki Sabar, eh Sekar ngandika alon, Sabar Maklum den agepah, ing langgar resikana, bakal ana tamu, utama calon olia.

– 11 –

Sabar Maklum mundur aglis, ing langgar wus ginelaran, Seh Sekar gya kondur alon, ngalela lenggah ing langgar, rahadyan wus katingal, ingawe sang wiku gupuh, radyan anungkemi pada.

– 12 –

Pinangkul keinempit-kempit, arum wijiling kang sabda, slamet satekamu raden, mrelokken mring dhepokingwang, banget sukaning driya, radyan nembah saha matur, pangestu dalem kang mulya.

– 13 –

Seh Sekar ngandika malih, kulup kywa sadaya-daya, ing pangarah dipun sareh, mung ywa pegat ing paminta, lumintu ingkang lampah, yen pinareng wektunipun, bokmanawa katarima.

– 14 –

Suhunan ing Bayat nguni, sung carita marang ingwang, eyangmu buyut kalane, kumpulan lan wali sanga, samya (m)babar sesotya, trusing ngaji pan akumpul. aywa ana parebutan.

– 15 –

Kinarya gita ing kawi, ing Giri Gajah enggone, tatkala aguguneman, para wali sasanga, ing Argapura (ng)gennipun kadhaton ratu agama.

– 16 –

Wali sadaya tinari, dennira Prabu Sarmata*), Suhunan Benang tinaros, myang Suhunan Kalijaga, Suhunan Ngampeldenta, Suhunan Kudus tinantun, kalawan Seh Siti Jenar.

– 17 –

Seh Benthong rumut tinari, sarta pangeran Palembang, Panembahan Madurane, aseba mring Giri Liman, angling Prabu Satmata, sukur pepeg anakingsun, sami limuta kaliman.

– 18 –

Sadaya tunggala kapti, sampun wonten kang sulaya, arempega kang wiraos, sami ababar sosotya, sami miyak warana, sampun wongen masang semu, den anglela den tetela.

– 19 –

– 20 –

Jeng Suhunan adiluwih, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, iya sadar jenengamba, iya jenging purab, iya Alah Sukma Subur, jeneng urip lawan jagad.

– 21 –

Jeng suhunan Giri-westhi, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, imam urip lan nugraha, budi uriping Suksma, urip sara Allah iku, mangkana ing kawruhamba.

– 22 –

Jeng Suhunan Kudus angling, ambabar kang pangawikan, Roh wajib ing imaningong, cahya mancur kadi surya, mijil sangking prabawa, amartani lapahipun, anguripi ing sajagad.

– 23 –

Penembahan Madura ngling, ambabar kang pangawikan, aran kanugrahane, kundhi Allah ta punika, tegese kundhi ika, nabi Allah jatinipun, jinaten ing nama Allah

– 24 –

Pangeran Palembang angling, ambabar kang pangawikan, tegese sariraningong, tegese Allah punika, Allah ingkang amurba, angurip Mahaluhur, amisesa purba dhawak.

– 25 –

Prabu Satmata mangkya ngling, ambabar kang pangawikan, sami lan Allah purbane, kang ngawruhi iya Allah, kaping kalih nur badan, kaping tiga rasul iku, kaping pat Datollah ika.

– 26 –

Seh Siti Jenar mangkya ngling, ababar kang pangawikan, asembah ing Allah ingong, sujud rukuk padha Allah, sembah sinembah Allah, ingsun kang amurba iku, kang misesa ingsun uga.

– 27 –

Wali sadaya mangkya ngling, Siti Jenar Kadariyah, katerasan iku linge, Siti Jenar sigra ngucap, adoha yen benera, ingkang perak iku embuh, iku Allah supayaa.

– 28 –

Prabu Satmata mangkya ngling, iku jisin Siti Jenar, Seh Lemah Bang mangkya linge, raga jiwa den micara, padesane dentilar, Allah kang anglela iku, sakarsanipun wisesa.

– 29 –

Wali sadaya samya ngling, salah sira Siti Jenar, dene angaku badanne Allah badan Siti Jenar, tan langgeng aneng dunya, Siti Jenar iku luput, tembe mangke ngaku Suksma.

– 30 –

Pan wonten lakone nguni, sami ambabar sosotya, sampun aling-aling kang wong, sami amiyak warana, aja na salah cipta, kene yen warahen dudu, anging panggah Siti Jenar.

– 31 –

Prabu Satmata mangkya ngling, Seh Lemah Bang kamanungsan, sanak pakenira kabeh, tan beda lan pakenira, nanging sampun anglela, manawi dudi klurung, akeh wong kang anggegampang.

– 32 –

Kathah wong kang tanpa yekti, tanpa yun angguguruwa, akeh kang (ng)gegampang kang wong, dene warta atimbalan, sajatinipun wikan, dadi tan arsa (ng)guguru, awirang yen ta takona.

– 33 –

Seh Molana samya prapti, sakathahe Aji Cempa, pinereg ing masjid gedhe, mapan kantun wali sapta, samya (m)babar sosotya, tan prabeda kang rumuhun, Siti Jenar ingandikan.

– 34 –

Seh Molana mangkya angling, Siti Jenar nama tuwan, Siti Jenar mangkya turre, ingih Allah jenengamba, nora na Allah ika, anging siti Jenar iku, sirna Jenar Allah ana.

– 35 –

Molana Ngaribbi*) angling, kapkir dadi Siti Jenar, Aji Cempa angling alon, kapir dana Siti Jenar, Islamipun indalah, kapir danas wong puniku, punika kapir sampurna.

– 36 –

Molana Mahribi angling, suhunan (n)daweg winejang, masjid dalem suwung kabeh, ana bekti ana ora, temah ngrusak agama, aggegampang temahipun, kang salah (n)daweg pinedhang.

– 37 –

Seh Siti Jenar mangkya ngling, (n)daweg sampun kalayatan, lawan swarga menga kabeh, Siti Jenar sinerampat, dening kaum sakawan, Seh Lemah Bang sampun khukhum**), pinedhang tatas kang jangga.

– 38 –

Titiga sabate sami, apan sedya pinejahan, samya prawira Khukhum**)e, titiga samya anedya, anebut Subkhanallah, wonten rare angon wedhus, sigra amiyarsa warta.

– 39 –

Siti Jenar wani mati, kasusra angaku Allah, punang rare angon age, lumayu asumbar-sumbar, amareg mring ngayunan wonten Allah kari iku, katungkul ya angon menda.

– 40 –

Prabu Satmata mangkya ngling, rare iku kudu pejah, khukhum**)ena aja suwe, sandhingena Siti Jenar, angling Ki Siti Jenar, sandhingena lawan ingsun, aywa adoh ingsun gawa.

– 41 –

Ponan rare angling aris, sampun (n)dika kalayatan, rare cilik sru tangise, age tumuta pralaya, wus menga lawang swarga, pinedhang janggane sampun, mesem rare angen menda.

– 42 –

Jeng Suhunan Ratu Giri, nora kira Siti Jenar, maksih wutuh reragane, tigang dina gilang-gilang, tumulya uluk salam, kantuna andika ratu, Siti Jenar nulya ilang.

– 43 –

Tan kari sabatireki, sadaya wus samya ilang, miwah rare angon mangke, datan kantun melu ilang, sadaya sampun sirna, gawok sakeh kang andulu, dhumateng Seh Siti Jenar.

– 44 –

Tuturku kang wus kawijil, Seh Lemah Bang wus anyata, katon kandel kumandele, nanging pilih kang abisa, kadi Seh Siti Jenar, akeh mandheg aneng catur, pinentog mundur plarasan.

  • ) Ugi kasebut Prabu Setmata

*) Prayoginipun Mahribi

**) Prayoginipun khukum=kaukum

PUPUH XXXIX

D U R M A

– 01 –

Lawan malih raden sira kawruhana, pan ana kawruh malih, crita Wringin-sungsang, wajibe kawruhana, anggiten dipun sayekti, sajroning mana, lan angger ngong jarwani.

– 02 –

Wringin-sungsang wayahira tumaruna, luhur tan ngawruhi, panjere satunggal, tambenipun sekawan, pupusipun mung sawiji, pange sakawan, wohe retno-di luwih

– 03 –

Kulitira kang wringin kancana mulya, daging kumala adi, otote sosotya, babalunge kalpika, sungsume motyara luwih, uwiting wreksa, iman wujud kang pasthi.

– 04 –

Lan malihe kaki tengah kawruhana, lalima kathahneki, ingkang aneng tengah, aran peksi-dewata, anadene kang angapit, peksi sakawan, iku wajib ngawruhi.

– 05 –

Poma-poma angger sira kawruhana, apa asalmu dhingin, iku kawruhana, asal sangking punapa, miwah benjing lamun mati, endi (ng)gonnira, lawan marganing pati.

– 06 –

Lamun malihe raden sira kawruhana, wastane kang waringin, lan pancere pisan, lawan tambining ngepang, pupuse lang wohe ugi, apa arannya, wajib sira kawruhi.

– 07 –

Lamun mati kang nyawa ngendi marganya, apa ta metu kuping, apan suker ika, apa ta metu netra, iku pasthi moler kaki, yen metu sirah, pasthi pecah kang reksi.

– 08 –

Lamun metu ing embun-embunan radyan, kang pasthi bolong kaki, lamun metu grana, yektine jember uga, lamun metu cangkem najis, lan ngendi baya, margane lamun mati.

– 09 –

Lamun metu ing jubur langkung najis ya, yen metu puser ugi, pasti bojot ika, lah ngendi ingkang marga, lamun ing wulu kang margi, lah iku mokal, marga kalangkung rungsit.

– 10 –

Lah ta raden angger sira tetakona, liyane marang mami, kabeh takokena, purwa madya wasana, takokna dipun patitis, asraha badan, ngaturna pati urip.

– 11 –

Lamun mati apa ta ana ngakerat, prenahe kerat ngendi, takokna den angsal, aja angayawara, dipun weruh ing sajati, basa ngakerat, enggon wong agung sisip.

– 12 –

Anadene enggone wong kang sampurna, tan doyan tan ing ngakir, aneng Darussalam, enggon wong agung mulya, iku gurokna sayekti, ing Darussalam, iku suwargi ening.

– 13 –

Tegesipun kang Darussalam punika, wujud mukal kang pasthi, iku gurekena kang aran wujud mukal, yen tan weruha sayekti, angur si kopar, karuwan mati garing.

– 14 –

Lat ta iku raden sira gurokena, lah poma dipun olih, kalamun oleha, ing guru kang wawarah, silema ironing jaladri, upama nira, ywa toleh anak rabi.

– 15 –

Yen pepeka ing wejang guru kang pasal, temahan mati kapir nuli labuhana, sejange gurunira, labuhan kawan prakawis, aywa kawuntar, tapa kawan prakawis.

PUPUH XL

PANGKUR

– 01 –

Dhingin kang ingaran tapa, anarima shing Hyang Suksma jati, apa karsane Hyang Agung, apan anut kewala, anglir sarah aneng satengahing laut, apa karsaning parentah, kawula teka nglakoni.

– 02 –

Ping pindho ingaran tapa, geniara iku dipun lakoni, anadene artinipun, malebu ing dahana, yen kabrangas ing ujar iku den teguh, yen denucap ing tetangga, mapan tan nedya gumingsir.

– 03 –

Kaping tiga banyuara, tegesipun punika tapa ngeli, mapan anut ing pitutur, rembuge pawon sanak, lan nasabi ing wong kawiranganipun, iku laku kang utama, wong awas ing Suksma jati.

– 04 –

Kalawan kaping patira, tapa ngluwat amendhem jroning siti, iya iku tegesipun, aja ngatokken uga, ing becike awake dhewe puniku, miwah lawan lakunira, pendhemen dipun aremi.

– 05 –

Kalamun ta malihira, dipun andhapasor sareh ing budi, den kalah*) ing parapadu, utamakna ing lampah, iya iku wong bekti marang Hyang Agung, iku aranne wong lanang, iya wong menang prang sabil.

– 06 –

Iku ganjarane benjang, cinacadhang manggon ing sawarga-di, ingkang dahat adiluhung, kang aran Darussalam, sarwa muwah adi-adi sakalangkung, pan sampun karsaning Allah, kang duwe wong aprang sabil.

– 07 –

Wong aprang sabil punika nora lawan si kopar lan si kapir, sajroning jajamu iku ana prang Bratayuda, luwih rame ayuda pupuh pinupuh, iya lawan dhewekira iku jatine prang sabil.

– 08 –

Sampune amenang aprang, nuji ngancik ing nagri Maespati, amboyong Kencanawungu, nuli jumeneng nata aparentah**) sakathahe para ratu, datan ana kang amalang supami jumeneng aji.

– 09 –

Iku poma ala poma, aywa mamang manahira sayeksti, poma setyana iku, ujar kang dhingin uga, den prawira anganggit sajroning kalbu, iku laku kang utama, tan ana ingkang nyameni.

– 10 –

Lawan malih atakona, sampurnane ing niyat lawan takbir, miwah sahadat punika, kalawan yen sakarat, poma raden punika tan dipun antuk, lawan sampurnaning pejah, takokna dipun patitis.

– 11 –

Pan lilima kathahira, gurokena iku dipun mangerti, iku sampurnaning kawruh, poma ta dipun angsal, iya iku sira gurokena kulup, yen tan amuruk mangkana, dudu gurumu sayekti.

– 12 –

Yen sira ayun unginga, bumi pitu lah reden sun jarwani, kang dhingi bumi rannipun, ingaran bumi retna, kaping pindho ingarang bumi kalmu, bumi jantung kaping tiga, pan kaping pat bumi budi.

– 13 –

Lawan kaping limanira, ingaran bumi jinem sayekti, lawan kaping nenemipun, ingaran bumi suksma, ping pitune bumi rahsa arannipun, iku wajig kawruhana, tegese sawiji-wiji.

– 14 –

Ingkang aran bumi retna, tegesipun dhadhanira pribadi, bumining manungsa luhung, iku gedhong kang mulaya, ingaran astaning Islam iku, lawan kaping kalihira, bumi kalbu denwastani.

– 15 –

Bumi kabu tegesira, astane ing iman kang sajati, kaping telu bumi jantung, iku ta ingaranan, astane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, ingaran bumi budi.

– 16 –

Bumi budi tegese, astanane ing puji lawan dhikir, lawan kaping pimanipun, bumi jinem tegesnya, ingaran astanane sih satuhu,lawan kaping nemme ika, bumi suksma den arani.

– 17 –

Utawi kang bumi suksma, iya iku astanane ing ngelmi, nenggih kaping pitunipun, ingaran bumi rahsa, bum rahsa apan iya tegesipun, astaning***) ing paningal, asmaradana gumanti.

  • ) Prayoginipun den ngalah

**) Prayoginipun amarentah

***) Prayoginipun astanane

PUPUH XLI

ASMARADANA

– 01 –

Raden kawruhana malih, prakara kang langit sapta, ana ing sira dununge, poma-poma dipunpirsa, langit kang ana sira, mara ngong jarwani kulup, den becik pidhangetira.

– 02 –

Dhingin langit roh-jasmani, dene langit ping kalihnya, langit roh-nabadi ranne, roh-napsani kaping tiga, dene langit kaping pat, roh-rokani wastanipun, dene langit kaping lima.

– 03 –

Ingaran roh-nurani, langit kaping nemme ika, roh-rabani ing wastane, langit kaping pitu ika, roh-kapi wastanira, anenggih ing tegesipun, langit roh satunggal-tunggal.

– 04 –

Tegese langit jasmani, tinitahaken ing Allah, amepeki ing uripe, ana ing jasa sadaya, langit roh-nabati ka, amepeki uripipun, salire badan sadaya.

– 05 –

Ingkang langit roh-napsani, amepeki ingkang karsa, karepe badanne kabeh, langit rho-rokani uga, mepeki ngelunira, sakehe badan sadarum, langit roh-nurani ika.

– 06 –

Amepeki cahyaneki, sakehe badan sadaya, langit roh rabani raden, amepeki adhipira, ingkang badan sadaya, lang langir roh-kapi iku, pan pepak pasrahing badan.