Minggu, 31 Juli 2011

SULUK SAJATINING SALAT SARENGAT TAREKAT KAKEKAT MAKRIPAT

SULUK SAJATINING SALAT SARENGAT TAREKAT KAKEKAT MAKRIPAT


Anggitanipun abdi-dalem Pangeran Sastrawijaya.
Sekar tengahan Gambuh Ketawang : 9 pada.

Kawruhana jenenge sa/lat kang nyata, kang kariyin ing-aran salat Jumungah, iya iku bubuhaning sembah raga, salat kajat iku sembahe tyasira.
Salat daim sembah ing roh mring Pangeran, lawan salat ismu ngalam kawruhana, iya iku bubuhaning sembah rasa, sakalire jumeneng aneng manusa.
Tertibipun kabeh iku kawruhana, jasadira roholah den-kawruhana, sadayane puniku aneng nging sira, lapalipun puniki ing-ucapena.
Al ‘insanu siri wahana sirahu (?), nyataning dat puniku nyataning sipat, nyatane roh asmane ati sejati, nyatanipun apngallolah iku jasat.
Apan sira dadya warananing suksma, poma-poma aywa kerup sanak ing wang, sapa wonge angulati ing pangeran, nora liyan aneng dhirine priyongga.
Yen muhunga mring sariranya pan sasar, iya iku sabdaning nabi kang nyata, lan sing sapa arsa wikan ing sarira, sanyatane dadi wikan ing pangeran.
Iya / iku kang ngarsa wruh dipun-nyata, lan sing sapa kang wikan maring sarira, dadi wikan wong ngiku maring pangera, kang satengah ana lapal kang mangkene.
Al ‘insanu naskatu aki dalilnya, maknanipun manusa tandhane ekak, tersandhane puniku patang prakara, ingkang dhihin puniku tandhaning edat.
Kaping kalih puniku tandhaning sipat, kang kaping tri ya apengaling manusa, ping sakawan obah osik saking Ngallah, rasaningsun iya rasaning manusa.