Kamis, 12 November 2009

SANGUNE LAKU

Sekar macapat Sinom yang ditulis oleh Ki Sasmita

S I N O M

Dhuh kadangku para mudha,
pirengna piweling iki,
dimen kena kanggo gaman,
lakumu samargi-margi,
amrih rubeda kalis,
tansah pinanggih rahayu,
lan katekaning sedya,
datan kurang sandhang-bukti,
urip mulya ayem-tentrem trus raharja.

Kang sepisan lamun arsa,
miwiti tumandang kardi,
salwiring pakaryanira,
dipun-eling aywa lali,
sawega ambundheli,
ati kanthi niyat tulus,
dedarma mring bebrayan,
datan sineselan pamrih,
pamrihe mung asung karya kang piguna.

Kang kapindho lamun manggya,
ruwet lan bundheting pikir,
enggala ngupadi tamba,
mrih tan ambebuthek ati,
satemah lali dhiri,
sarwa wagu sarta saru,
ing saparitindaknya,
enggala den-usadani,
kanthi minta urun rembuge pra kanca.

Sabacute kudu tansah,
bungah nampani peparing,
nadyan durung jumbuh klawan,
sing dikarepaken ati,
sebab yen dituruti,
satemene ngugung nepsu,
tan wurung ngambra-ambra,
kufur mring nikmating Gusti,
pepuntone pijer koncatan raharja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar