Rabu, 11 November 2009

SERAT CENTHINI SURYANAGARAN

I.
Pagagating gita mawedharing,
ngèbèr carita calon ngulama,
ran Jayèngresmi kamasé,
artiné ngran wira nung ya wus samya dipun tetepi,
surtining kanuraga,
ya si dhasar putus,
narambahi saq-lilira,
ganal alus andhap luhur dèn kawruhi,
raket mring padadiyan.

Murwa carita Sèh Amongragi,
kang lagya dhadhekah kanigara,
kawiryawan lir pamané,
dadya paguron agung,
awerana siswa kekalih,
aran Ki Jamal Jamil,
kèdhep wuwusipun,
suyut dhusun kèring kanan,
saktèroné wukir kidul samya
prapti, agung bekta puñjungan.

mangkana kang watek santri,
wus prapta masjid karajan

gentya ingkang winurciteng kawi,
dhukuh geng kinaot,
Wanamarta kang dadya pundene,
Kyai Bayipanurta

winarna nyageng Hikendhu,
nuju neng jerambah linggih,
land Nidaya datan tebah,
sami angrukti kandhur

tan winarna solahira,
kang sami nendra ira tri,
mene genti kang winarna,
anenggih mas Jajengresmi

Jajengresmi wus anduga,
mring kletheke kang paman lan kang rayi,
pramila wus mireng dangu

pengangguran sami reraosan ngelmi, menggah ing ngagesang, dununge kawan
prekawis, margining nikmat

nora wuwus,
ambak si wong jereh jeruh,
tan kena kumrosak,
lumayu aniba tangi

yata prapta ing gantara wanci bedhug,
siliranira wus ngidid,
lan pancering lintang wuluh

Kulawirya ah hret nauri wacana,
lagi duduga mami,
karo-karonira,
padha bote Sinangga

paman daweg mangkat mumpung endjing,
Kulawirya ngling mengko antekna,
yen wus dhuwur sengengene,
sed

mesem ki mas Jayengresmi,
Jayengraga latah-latah,
guguk ki Ragil wuwuse,
Nuripin sira meh kalap

yata kang samya lumaku,
wus dungkap kendhiting wukir,
sumilak tanpa payoman,
anggiglak munggul wara

wruhing cipta kyai Ragayuni,
marang kang miraos,
mesem namun wuwus nyarakake

samapta kang pasogatan,
ngandika Sèh Ragayuni,
daweg sami krama Allah,
ing ngiku sami wewanting

Sèh Ragayuni ngandika,
anauri garuneke ki Ragil,
kang langkung nglangka Puniku

mangkana umangkat wus,
Jayengresmi Ngawirya Jengkewuh,
kapat santri Nuripin lumakyeng ngarsi,

mangkana umangkat wus,
Jayengresmi Ngawirya Jengkewuh,
kapat santri Nuripin lumakyeng ngarsi,

kemas bagus Jayengresmi nangling miyum,
kadya pundi paman,
punapa prayogi mampir,
mring padesan puna

amakolehake palenthining wadhuk,
Jayengraga gumuywang ngling,
niku watak santri lugu,
dhasar cacendh

wruhanta man bab adabul kali,
kamot aneng jro kitab Musarar,
kayugya dadi kaline,
limalas pasalipun

Ki Wuragil Wirya nuli,
menyat saangking palungguhan,
lumaku tanbuh taose,
uga bundhet uga lejar

prapta sila baringkungan,
pundhake den isik-isik,
Jayengraga atetanya,
Jare kowe iku santri,

pra wiyaga kang wus kraseng ngati,
dumadya samya lom,
pating galeges guyune dhewe,

kang maksih sami malungguh,
jenek mangsegan nyenyamik,
parigyan wus kinen lunga,

Kulawirya Jayengraga,
kalihe duk amiyarsa,
santri Nuripin tuturnya,
gumujeng ameteg jaja

Ni Sembada lon muwus,
mengko bengi wayangan karepku,
angruktiya sajen kang sarwa prayogi,
lan bakal

Jayengraga wuwusira,
paman sampun rinaseng raseng kapti,
aran si uwus kelakun

prapta wanci puspa teja samber lawa,
trap pandam ombak warih,
byor gapuranira,
mendhapa simbar sasra

biyang Kacer angaturi,
kang samya rerep neng nglanggar,
kentar Canthika kinongkon

praptanipun,
Kulawirya Jayengkewuh,
papan pasamuan,
aneng tengah denya linggih

Ki Pamade tan pegat panggunggungipun,
mring pasindhene bo manis,
batin ngalem warnanipun

kathah lamun winarna solahe sami,
suka pari suka,
mung Jayengraga duk myarsi,

lekas jantur badhute ngadjoni,
lungguh aneng ngarepe kang beksa,
ronggeng meksih grudha dege

Bok Candha matur ngrepa sih,
mring ki Ragil Kulawirya,
bok inggih ya dalem Kenthol

malih mangsuli carita,
kang kantun aneng mandhapi,
sira kenthol Jayengraga,
kalawan santri Nuripin,

gumareget Jayengraga myarsi,
tuture bok melok,
wus saya dreng sakaro-karone,
tansah nguswa prembayun

winarna kang samya lungguh,
neng sela ketyaning beji,
dangu kenthol Kulawirya

ing ngawe-awe gupuh,
majeng lakonira mundhuk-mundhuk,
prapta sire byantara patik tinuding,

dahat nedha tarima ki Jaballodin,
de taha weh patwa,
bab sang-at lintang durari,

Paman Kulawirya paran,
prayogine lelampahan puniki,
laju aprituwin wangsul,
kang paman angandika,

inggih talah paman ngagesang puniku,
sasolah bawane dadi,
sesmita ngakeratipun,
awon sae leres sisip

milanipun,
wonten ingkang rebut kawruh,
padudon kadadak,
ingkang remen ahli gendhing,

wong kang samya angluhurken gendhing ngakal,
pangesthinireng tokid,
awoh durung kembang,

II.
laju lampahe ngawirya katri,
tumurun ngambah wana gerotan

sebet byar wau ta ingkang,
lajyarsa ngalih panagan,
pan sarwi salin gagragan

Ki Wuragil Wirya jundhil,
rengen Nuripin carita,
nungling si purut cocote,
babandholen ngomyang-ngom

ingaruhan kang paguyon sami,
ring biyung den oso,
lan ta aja gugujon nek kowe,

Ngancarani kya Sindu,
wawi anak memangsegan ngriku,
lawan wedang rajatawa maedahi,

mangkana wus tata lungguh,
papajar ki Sinduragi,
duk meksih sami jajakan,
kang sami saeka kapti,

yen sangking pamanggih kula,
dipun sami wrin ihsani,
wit sabar ing tyas santosa,

lir tinerep ngares apemanasah awit,
karenan pirena,
ngimbahi pamlenging galih,

Jayengraga sumundhul nambung ngling,
ngaturaken bodho,
nohing wulang ing guru liyane

kasaru bedhug ngoneni,
dereng sami salat ngisa,
katungkul samya miraos,
gugup kyai Malarcipta

tuhu kahananira yyang Widdi,

elok datan kena ingupama, ningali miyarsakake

muwus malih Kyai Sindu,
wruhana banjure Ripin,
kang salat tekeng tarekat,

lingnya Kyai Sinduraga,
yeku Ripin kanyataning upami,
traning tirta neng ron
lumbu,
arah wujuding Al

dene rika yun weruh kaking datulah,
kanane dipun pirit,
lan ngibaratira,
Nuripin mula-mula,

angaturi pra dhatangan sami mudhun,
mring wisma antara prapti,
pinarak neng bale mungkung,

lampahipun agami ingkang tinamtu,
babe tiyang pejah,
dhusun ingkang calek ardi,

nulya aba wakatama nabi,
rasullolah ya nabi Mukamad,
Ngajam nabi warusule,
wakatama nibiyu,
ulonira

Jayengresmi matur pamit,
majeng arsa ngaras pada,
Sinduraga kereh-kereh,

kang endi iki marganya,
Wanalela turira ris,
puniku ingkang utara,

kang endi iki marganya,
Wanalela turira ris,
puniku ingkang utara,

sinten ta kang dhudhukuh,
mangun brangta pilenggah ing ngriku,
anenggih sèh Sidalaku Jahiduni

lah ing ngriku kang samya miyarsi,
ngawirya sakaron,
Jayengresmi Jayengraga dene,
tyasira lir katere

sapraptaning wisma dulu,
Nurripin angaglah guling,
lawan Kyai Wanalela

datan pae lan mukmin ingkang munkinu,
mutakil mungguh Yyang Widdi,
uliya gosul ngalamu,

kula tannya kakang kyai,
menggah srat Panitisastra,
kakang punapa pedahe,

kang punika palupyaning janmi,
kang sayugya kotamaning mitra,
Jayengresmi mesem noleh,
sasminta ring

ronrone Panitisastra,
kang wus kasebut ing ngarsi,
wawaton ingkang utama,
niskara ulah praja di,

yen arsa ahli nunurat,
tuwin ngiket karya gita,
yogya sami ngawruhana,
kang ayun parameng sastra

sura sasi nilem ing jaladri,
bahning mahastra candra sangkala,
kalakona pangapuse,

tamat Sruti Masewaka,
Asthabrata sadaya den muradi,
denira Sèh Sidalaku,
tuwin Panitisastra,
tan na

surya mijil nyipat srengganing aldaka,
tirah-tirahing ardi,
wuryaning pangantyan,
srebeng syaning pa

pra ngawirya gumujeng duk aningali,
mring Nurripin de ta,
kaserakatnya dumadi,

Nuripin lawan ki Paku,
gandhengan sabuk barendhil,
ciptane wus pinrayitnan,

saya seseg dennya ngudi ngelmi,
ke mas jayengsinom,
lir winungkal wimbuh gumergese,

nuwun priksa pinten panunggilanipun,
sedayane kang ngran kapir,
mesem wecana ki Datuk,
linsem punapa

sakamantyan sukanira sami,
wring kojahe ki santri keh cubak,
lan ki Datuk pradikane,
tansah denira

Gya tungkul ngupaya bukti,
ngumbar hawa mrih asmara,
elinga sarak srengate,
pujine peksi dinimrat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar