Jumat, 13 November 2009

SERAT KIDUNGAN

Kidungan punika serat kina pralambangipun ngelmu Islam ingkang sajati, tuwin minangka wawarah pamujining kawula dateng Gusti, iketanipun Kanjeng Susuhunan Kalijaga Waliyullah; kasambet iketanipun Kyai Rangga Sutrasna pujangga.

Babon asli saking kagungan dalem
Gusti Kanjeng Ratu Pambayun
putri ing karaton dalem SURAKARTA ADININGRAT
.

Tembang Dhandhanggula


… 01 …

Ono kidung rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana mgarah mring mami, guno duduk pan sirno.

… 02 …

Sakehing lara pan samya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landk guwane wong lemah miring, myang pakiponing merak.

… 03 …

Pangupakaning warak sakalir, nadjan arca myang sagara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

… 04 …

Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakub pamiyarsa ningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Njeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyaw, Edris, ing rabutku, Bagenda Ali kulit ingwang, getih daging Abu Bakar Ngumar singgih, balung Bagenda Ngusman.

… 05 …

Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti aminah bajuning angga, ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, netraku ya Muhammad, pamuluku Rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadya sarira tunggal.

… 06 …

Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamatan dening Date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

… 07 …

Lamun ana wong kadenda kaki, wong kabonda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, kang luwar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras.

… 08 …

Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

… 09 …

Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insya allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rajatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kali-Jaga.

… 10 …

Ana kidung reke angartati, sapa weruh reke aran ingwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping tiga, Arta-daya tengsun, aran ingsun duk jajaka, Ki Artati mangke aran ingsun ngalih, sapa wruh aran ingwang.

… 11 …

Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Arta-daya, tunggal pancer sauripe, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad, kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den tutug pada sawengi, adoh panggawe ala.

… 12 …

Lawan rineksa dening Hyang Widi, sakarsane tinekan dening Hyang, rineksa ing jaman kabeh, kang maca kang angrungu, kang anurat myang kang nimpeni, yen ora bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.

… 13 …

Kang sinedya tinaken Hyang Widi, kang kinarsan dumadakan kena, tur siniyan Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun nedya muja semedi, sasaji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.


… 14 …

Somahira ingaran Penjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah lawan saparane, pari purna satuhu, anir mala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun, ajejuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng artati, anom tan kena tuwa.

… 15 …

Panunggale kawula lan Gusti, Nila-ening arane duk gesang, duk mati Nila arane, lan Suksma-ngumbareku, ing asmara Mong-raga yekti, durung darbe peparab, duk rarene iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Hyang Jari iya Sang Artati, yeku Sang Arta-daya.

… 16 …

Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan wisa, marma Arta-daya rane, duk lagya aneng gunung, ngalih aran Asmara-jati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, ni Panjari lunga ngetan, ki Artati nurut gigiring Merapi, anuju mring Sundara.

… 17 …
Ana pandita akarya wangsit, minda kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung, wekasan langit jaladri, isiningwuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma njahing tawang.

… 18 …

Ngambil banyu apikulan warih, amet geni sarwi adadamar, kodok ngemuli elenge, miwah kang banyu dikum, myang dahana murub kabesmi, bumi pinetak ingkang, pawana ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.

… 19 …

Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat, agodong mega rumembe, apradapa kukuwung, kembang lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucak akasa bungkah pratiwi, ayode bayu bajra.

… 20 …

Wiwitane duk anemu candi, gegedongan miwah wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma kang wruh, yen wruha purwane dadi, candi sagara wetan, ingobar karuhun, kajangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing tawang.

… 21 …

Gunung Agung sagara Serandil, langit ingkang amengku buwana, kawruh ana ing artine, gunung sagara umung, guntur sirna amengku bumi, ruk kang langit buwana, dadya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candi-candi sagara.

… 22 …

Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama, pan sampun kawruhan reke, Arta-daya puniku, datan kena cinakreng budi, anging kang sampun prapta, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandap nyang nginggil, kapurba kawisesa.

… 23 …

Bumi sagara gunung myang kali, sagung ingkang sesining bawana, kasor ing Arta-dayane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Arta-daya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen lulungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

… 24 …

Jim peri prayangan pada wedi, mendak asih sakehing durbriksa, rumeksa siyang dalane, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

… 25 …

Siyang dalu rineksa ing Widi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidep ing janma kabeh, aran wikuning wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, peparab Hyang Tega-lana, kang asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalising panca baya.

… 26 …

Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa Malaekate, Nabi Wali angepung, sakeh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara mara mati, tumpes tapis sadaya.

… 27 …

Ana kidung angidung ing wengi, bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangadeke, lumaku Sang Hyang Ayu, alembehan Asmara-ening, ngadeg pangawak teja, kang angidung iku, yen kinarya angawula, myang lulungan gusti geting dadi asih, sato setan sumimpang.

… 28 …

Sakatahe upas tawa sami, lara roga waluya kang menggawe, duduk samya kawangsul, akawuryan sanguning pikir, ngadam makdum sadaya, datan paja ngrungu, pangucap lawan pangrasa, myang tumingal kang sedya tumekeng napi, pangreksaning Malaekat.

… 29 …

Jabrail ingkang animbangi, milanira katetepan iman, pan dadya kandel ngatine, Ngijraile puniku, kang rumeksa ing ati suci, Israpil dadi damar, madangi jro kalbu, Mikail kang asung sandang, lawan pangan tinekan ingkang kinapti, sabar lawan narima.

… 30 …

Ya hudaknjeng pamujining wengi, bale aras sesakane mulya, Kirun saka tengen nggone, Wanakirun kang tunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawe ala, satru lawan mungsuh, pangeret tengajul rijal, ander-ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga.

… 31 …

Dudur molo tengayatul kursi, lungguh neng atine surat amangam, pangeburan lara kabeh, usuk-usuk ing luhur, ingkang aran wesi ngalarik, nenggih Nabi Muhammad, kang wekasan iku, atunggu ratri lan siyang, kibedepan ing tumuwuh pada asih, tunduk mendak maring wang.

… 32 …

Satru mungsuh mundur pada wedi, pemidangan ing betal mukadas, tulak balik pangreksane, pan Nabi patang puluh, paring wahyu mring awak mami, apan Nabi wekasan, sabda Nabi Dawud, apetak Bagenda Ambyah, kinaweden belis lanat lawan ejim, tan ana wani perak.

… 33 …

Pepayune godong dukut langit, tali barat kumendung ing tawang, tinunda tan katon mangke, arajeg gunung sewu, jala sutra ing luhur mami, kabeh rumeksa, angadangi mungsuh, anulak panggawe ala, lara rago sumingkir kalangkung tebih, luput kang wisa guna.

… 34 …

Gunung sewu dadya pager mami, katon murub kang samya tumingal, sakeh lara sirna kabeh, luput ing tuju teluh, taraknyana tenung jalenggi, bubar amdyur suminggah, Sri Sedana lulut, punika sih rahmatulah, rahmat jati jumeneng wali jasmani, iya Sang Jati-mulya.

… 35 …

Ingaranan Rara Subaningsih, kang tumingal samya sih sadaya, kedep sapari polahe, keh lara sirna larut, tan tumama ing awak mami, kang sangar dadi tawa, kang geting sih lulut, saking dawuh Sipat Rahman, iya rahmat rahayu pangreksaneki, sarana nganggo metak.

… 36 …

Yen lumampah kang mulat awingwrin, singabarong kang pada rumeksa, gajah meta neng wurine, macan gembong ing ngayun, naga raja ing kanan kering, singa mulat jrih tresna, marang awak ingsun, jim setan lawan manungsa, pada kedep teluh lawan antu bumi, ajrih lumayu ngintar.

… 37 …

Yen sinempen tawa barang kalir, upas bruwang racun banjur sirna, temah kalis sabarang reh, jemparing towok putung, pan angleyang tumibeng siti, miwah saliring braja, tan tumama mring sun, cedak cupet dawa tuna, miwah sambang setan tenung pada bali, kedep wedi maring wang.

… 38 …

Ana paksi mangku bumi langit, manuk iku endah warnanira, Sagara eroh wastane, uripe manuk iku, amimbuhi ing jagad iki, warnanipun sakawan, sikile wewolu, kulite iku sarengat, getihipun tarekat ingkang sajati, ototipun kakekat.

… 39 …

Dagingipun makripat sajati, cucukipun sajatining sadad, eledan tokid wastane, ana dene kang manuk, pupusuhe supiyah nenggih, amperune amarah, mutmainah jantung, luamah waduke ika, manuk iku anyawa papat winilis, nenggih manuk punika.

… 40 …

Uninipun Jabrail singgih, socanipun punika kumala, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun Tursina nenggih, angaub soring aras, karna kalihipun, ing gunung Arpat punika, uluwiyah ing lohkalam wastaneki, ing gunung Manik-maya.

… 41 …

Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kawasaneki, anekakken pangarah.

… 42 …

Punang getih ing raina wengi, ngrerewangi Allah kang kuwasa, andadekaken karsane, puser kawasanipun, nguyu-uyu sabawa mami, nuruti ing paneda, kawasanireku, jangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ingwang.

… 43 …

Yeku kadangingsun kang umijil, saking marga ina sareng samya, sadina awor enggone, sakawan kadang ingsun, ingkang nora umijil saking, marga ina punika, kumpule lan ingsun, dadya makdum sarpin sira, wewayangan ing Dat samya dadya kanti, saparah datan pisah.

… 44 …

Yen angidung poma den memetri, memuleya sega golong lima, takir potang wewadahe, ulam-ulamanipun, ulam tasik rawa lan kaki, ping pat iwak bangawan, mawa gantal iku, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta saduwit, sawungkuse punika.

… 45 …

Tumpangena neng pontangnya sami, dadya limang wungkus pontang lima, sinung sekar cepakane, loro sapontangipun, kembang boreh dupa ywa lali, memetri ujubira, donganira Mahmut, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiraneki, agung sawabe ika.

… 46 …

Balik lamun ora den lakoni, kadangira pan pada ngrencana, temah udrasa ciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madep laku iku den awas den eling, tamat ingkang kidungan.

Tembang Sinom

… 01 …

Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung sawahe ugi, yen apal sadayanipun, kena ginawe tulak, kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.


… 02 …

Kang rumiyin ing mbang wetan, Durganeluh Maospahit, lawan Raja Baureksa, iku ratuning dhedhemit, Blambangan winarni, awasta Sang Balabatu, kang rumeksa Blambangan, Buta Locaya Kediri, Prabu Yeksa kang rumeksa Giripura.


… 03 …

Sidakare ing Pacitan, Keduwang si Klentingmungil, Hendrjeksa, ing Magetan, Jenggal si Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Punggung si Abur-abur, Sapujagad ing Jipang, Madiyun sang Kalasekti, pan si Koreg lelembut ing Panaraga.

… 04 …

Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggiling wesi, Macan guguh ing Grobogan, Kaljohar Singasari, Srengat si Barukuping, Balitar si Kalakatung, Buta Kroda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carub awor kang rumeksa ing Lamongan.

… 05 …

Gurnita ing Puspalaya, Si Lengkur ing Tilamputih, si Lancuk aneng Balora, Gambiran sang sang Kaladurgi, Kedunggede Ni Jenggi, ing Batang si Klewr iku, Nglasem Kalaprahara, Sidayu si Dandangmurti, Widalangkah ing Candi kayanganira.

… 06 …

Semarang baratkatiga, Pekalongan Gunturgeni, Pemalang Ki Sembungyuda, Suwarda ing Sokawati, ing Tandes Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh, Buta Tringgiling Tanggal, ing Kendal si Gunting geni, Kaliwungu Gutuk-api kang rumeksa.

… 07 …

Magelang Ki Samaita, Dadung Awuk Brebes nenggih, ing Pajang Buta Salewah, Manda-manda ing Matawis, Paleret Rajeg-wesi, Kutagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Carebon Setan Kaberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallajang.

… 08 …

Genawati ing Siluman, Kemandang Waringin-putih, si Kareteg Pajajran, Sapuregol ing Batawi, waru Suli Waringin, ingkang aneng Gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang aneng ing Tunjungbang.

… 09 …

Setan Karetek ing Sendang, Pamasuhan Sapu Angin, Kres apada ing Rangkutan, Wandansari ing Tarisig, kang aneng Wanapeti, Malangkarsa namanipun, Sawahan Ki Sandungan, Pelabuhan Dudukwarih, Buta Tukang ingkang aneng Pelajangan.

… 10 …

Rara Amis aneng Tawang, ing Tidar si Kalasekti, Maduretna ing Sundara, Jelela ing ardi Sumbing, Ngungrungan Sidamurti, Terapa ardi Merbabu, Lirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi Kendeng kang den reksa.

… 11 …

Ing pasisir Buta Kala, Telacap Ki Kala Sekti, Kala Nadah ing Tojamas, Segaluh aran si Rendil, Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowange, gunung Duk Geniyara, Bok Bereng Parangtaritis, Drembamoa ingkang aneng Purbalingga.

… 12 ….

Si Kreta karangbolongan, Kedung Winong Andongsari, ing Jenu si Karungkala, ing Pengging Banjaransari, Pagelan kang winarni, aran Kyai Candralatu, ardi Kendali Sada, Ketek putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Ngayah kajanganira.

… 13 …

Rara Denok aneng Demak, si Batitit aneng Tubin, Juwal-pajal ing Talsinga, ing Tremas Kuyang nenggani, Trenggalek Ni Daruni, si Kuncung Cemarasewu, Kala-dadung Bentongan, si Asmara aneng Taji, Bagus-anom ing Kudus kayanganira.

… 14 …

Magiri si Manglar Munga, ing Gading si Puspakati, Cucuk Dandang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedi, kali Opak winarni, Sangga Buwana ranipun, Pak Kecek Pejarakan, Cing-cing Goling Kalibening, ing Dahrama Karawelang kang rumeksa.

… 15 …

Kang aneng Warulandeyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasujayan Udan riris, Widanangga Dalepih, si Gadung Kedung Garunggung, kang aneng Kabareyan, Citranaya kang neggani, Ganepura ingkang aneng Majaraga.

… 16 …

Logenjang aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta Garigis, kang aneng ing Matesih, Jaranpanolih ranipun, si Gober Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Abar-abir ingkang aneng Jatimalang.

… 17 …

Arya Tiron ing Lodaya, Sarpabangsa aneng Pening, Parangtandang ing Kesanga, ing Kuwu si Ondar-andir, Setan Telaga pasir, ingkang aran si Jalilung, Kala Ngadang ing Tuntang, Bancuri Kala Bancuring, kang angreksa sukuning ardi Baita.

… 18 …

Rara Dungik Randu Lawang, ing Sendang Retna Pangasih, Buta Kepala Prambanan, Bok Sampur neng ardi Wilis, Raden Galanggang Jati, aneng ardi Gajah Mungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel Rahaden Panji, Pager Waja Rahaden Kusumayuda.

… 19 …

Si Pentul aneng Kacangan, Pecabakan Dodol Kawit, kalangkung kasektenira, titihane jaran panolih, kalacakra payung neki, larwaja kekemulipun, pan samya rinajegan, respati rajege wesi, cametine pat-upate ula lanang.

… 20 …

Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mangetan, mangidul panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 21 …

mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak ngalor parannya, manginggil panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali manduwur, mangisor panyabetnya, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 22 …

Demit kang aneng Jepara, kalwan kang aneng Pati, kalangkung kasektenira, keringan samaning demit, ing Ngrema Tambaksuli, Yudapeksa ing Delanggu, si Kluntung ing Jepara, Gambir Anom aneng Pti, si Kecebung Kadilangu kang den reksa.

… 23 …

Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kula warga Nyai Kidul, sampun pepak sadaya, para pramukaning demit, nungsa Jawa paugeran kang rumeksa.

… 24 …

Gantya ingkang winursita, danyang kang ngreksa nagari, jroning praja Surakarta, ingkang pinurwa ing kawi, andana pangreksaning, kang ngripta wilapa kidung, Kyai Rangga timbalan Sang Aji, kang jumeneng Paku Buwana ping gangsal.

Tembang Asmarandana

… 01 …

Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila, den dohna tulak sarike, ngetang sagunge lelembat, kang kerah Goplem ika, demit lit-alit sadarum, pan dede demit pra raja.

… 02 …

Setan brekasakan sami, si Goplem ditya kebayan, demit jro karaton kabeh, sawabe kinarya tengga, wong sakit budur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas.

… 03 …

Gedong upas kang nenggani, Kala Janggol singkirannya, kang ngreksa Ringin kembare, Kala Sogoksilit ika, si Biti ing Pandeyan, lawan si Gutul Pinanggul, si Angklung aneng Gapura.

… 04 …

Si Lengur Waringin kalih, Bajang Klewer ngreksa Gladag, Jim Putih ing Mesjid gede, Kyai Gotil ing Pajeksan, Plentung Mangku Bumenan, Jungkit Patihan nggenipun, Kyai Modin Bumi Natan.

… 05 …

Tambur Pagongan nggoneki, Bajang Angkrik Tepasanan, Bagus Bengkak rumeksane, ing paseban Prang Wadanan, Gutik ing Pamurakan, si Bodong Loji, nggenipun, Bagus Keret ing Plenggahan.

… 06 …

Ing Karetek Wewe Gerit, Gandor Loji cilik nggennya, Bangkrah aneng dedalane, Pak Tekik, aneng Pacinan, Angkrik ing Pasar besar, kang rumeksa aneng Panggung, Jebres wasta Ki Balentang.

… 07 …

Gus Lampor Jagalan nenggih, Ki Busik ing Wanareja, Ki Londet ing Krapyak, nggone, Balatidir ing Kentingan, Lengkrah Pucangsawitan, Ketek-ketek aneng Jurug, ing Beton si Kalanadah.

… 08 ..

Loji kebon Uwil-uwil, Tengklik Cocor Keter rannya, Mele Pakecohan nggone, Busikmelik Kaluraman, si Jrangkong ing Penjalan, Kotes Sawahan nggenipun, Buta Piti aneng Sangkrah.

… 09 …

Ing Ganggang Bletutur nenggih, Patunggon si Basahlungkrah, Sanasewu dedanyange, Bok Suwenggi wastanira, Kopraljulig Sampangan, wus tamat sasaneng tembung, pamanguning padanyangan.

… 10 …

Gantya kang pinurweng kawi, kalamun darbe atmaja, jalu estri datan pae, nggenira amrih kamulyan, aywa na kang pepeka, lela-lelanen ing kidung, kinanti kalis ing sawan.

Tembang Kinanti

… 01 …

Yen anangis lare iku, lela-lelanen lan dikir, supaya doh kang lalara, sarap sawane yen wani, saking rahmating Hyang Suksma, lan supangate Njeng Nabi.

… 02 …

Winacaha puji iku, setane lumayu nggendring, sarap sawane sumimpang, kala kalane sumingkir, cacing racak pada mendak, remi kruma pada mati.

… 03 …

Pitik tulak pitik tukung, tetulaking jabang bayi, ngedohaken cacing racak, sarap sawane sumingkir, si tukung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi.

… 04 …

Si jabang bayi puniku, kekasihira Hyang Widi, rineksa ing Malaekat, den emong ing Widadari, pinayungan ing Hyang Suksma, kinebutan para Nabi.

… 05 …

Sakatahe wali kutub, ngulama lan para mukmin, samya angreksa ki jabang, mila tebih ing sasakit, sirna larane ki jabang, walagang slamet ki bayi.

… 06 …

Ana kinjeng tangis tangis mabur, mentok aneng sela ardi, myarsa tangise ki jabang, gyha prapta amarepeki, arsa nyuwuk kang lelara, ngalingi sarwi njampeni.

… 07 …

Punapa t jampinipun, godong asrah ing Hyang Widi, berambang lembahing manah, temu teminahing ati, adas uyah siring nala, mung salawat puji dikir.

… 08 …

Tegese dikir puniku, manut marang Kanjeng Nabi, Mochammad Dinil Mustapa, kalawan maknane dikir, eling mring Pangeranira, kang Agung kang Maha Suci.

… 09 …

Mangkana ta donganipun, alahuma Adam Sarpin, kaheru huwal kamolah, wajibuhu ngalaihi, warabbuhu kayatullah, cep meneng aja anangis.

…10 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng wetan tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si malang sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 11 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 12 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kidul tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 13 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 14 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kulon tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 15 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 16 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng elor tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 17 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 18 …

Sapa ana lungguh iku, aneng kiwa-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 19 …

Sapa ana lungguh iku, aneng tengen-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 20 …

Sapa ana lungguh iku, aneng dagan-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 21 …

Sapa ana lungguh iku, Ulon-ulon-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 22 …

Sapa kuwe mengak-minguk, apa si Bajing akikik, kinongkon si Aji-plampang, arsa mrawaseng ajurit, amburu si Kutilapas, payo burunen den aglis.

… 23 …

Tundungen dimene mumbul, sumengka ing awiyati, yen wis adoh tan katingal, sigra baliya den aglis, moluwa maling aguna, angreksa si jabang bayi.

… 24 …

Apa swarane gumludug, kadya lindu gonjang-ganjing, layak si Bledug kasanga, pada atanding kuwanin, kalawan Sapi Gumarang, payo buraken den aglis.

… 25 …

Yen wus sumengka manduwur, sira baliya tumuli, ngumpula si Aji-plampang, atunggu si jabang bayi, ingsun matak aji dipa, ingsun tuduh anggoleki.

… 26 …

Burunen celeng Demalung, tundungen dimen manginggil, yen wus ora katingalan, sira baliya den aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun jabang bayi.

… 27 …

Dadiya tetulak tanggul, aja na kang sarap sawan, sumingkira ingkang tebih, kariya guna yuwana, utama bekti basuki.

… 28 …

Widada dawa kang umur, kacukupan sandang bukti, ntuk wahyu begja daulat, drajat nugrahaning Widi, cepak jatu kramanira. Oyod arondon lestari.

… 29 …

Sawengi aja na turu, adohna sakeh bilai, singkirna sakehing lara, tulak sarik samya kandih, baliya nuju wetonnya, si jabang amales becik.

… 30 …

Gantya mangke kang winuwus, nunggal anggite wong luwih, ngukarani pepujiyan, tutulaking jabang bayi, sinawang yuda-kenaka, mamrih rahayuning urip.

Tembang Pangkur

… 01 …

Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku sing asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntutut, pada sira suminggaha, muliya mring asal neki.

… 02 …

Ana kanung saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan brekasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 03 …

ANa kunang kidul sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 04 …

ANa kunang kulon sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 05 …

ANa kunang lor sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 06 …

ambalik maring awaknya, mbalik marang jasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap punika gantya winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah sami.

… 07 …

Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon kulhu kuning, ywa wuruk sudi mring sun, ywa marang kaki jabang, sarap mangke sarap wedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal neki.

… 08 …

Samya geger setan wetan, anrus jagad kulon playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 09 …

Geger stan kidul samya, anrus jagad elor playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 10 …

Ajiku gajah pamudya, kebo dungkul brapa rep-sirep sami, sirepa lelara iku, asuwung jantung jagad, tuting mata-mata liring manik ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.

… 11 …

Tibakna mring janma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikan, sun angadeg satengahing sagara gung, palinggihku lintang johar, ingkang ingsun-sedya dai.

… 12 …

Tan pegat pamuji mantra, pun Jaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Mochammad Rasulullah, salalahu ngalaihi wa salamu, wa ngalaekum salam, agantya manising puji.

Tembang Dhandhanggula

… 01 …

Sipat iman wa mantu bilahi, tegesipun pracaya ing Allah, ing Pangeran sajatine yan Pangeran kang Agung, kang akarya bumi lan langit, angganjar lawan niksa, mring manungsa sagung, langgeng tur murba misesa, Maha Suci angganjar paring rijeki, aniksa angapura.

… 02 …

Kaping kalih wa malaekati, tegesipun pracaya malaekat, anapun tegesem ingutus ing Hyang Agung, pakaryane anunulisi, marang kawulanira, kang dosa lit agung, kang karya purba wisesa, neka-neka gawena sawiji-wiji, sakehe malaekat.

… 03 …

Kaping tigane wa kutubihi, tegesipun pracaya ing kitab, kang tinurunaken kabeh, kitab Adam sapuluh, Nabi Esis seket winilis, anenggih ponang kitab, Idris telung puluh, Ibrahim sapuluh kitab, Torat Musa Dawud Jabur Ngisa Injil, kitab Kuran Mochammad.

… 04 …

Yogya sira kawruhana sami, muga-muga antuka supangat, iya iku andikane, gusti Njeng Nabi Rasul, sinung rahmat dening Hyang Widi, sing sapa ngapalena, iya janjinipun, den padakken asidekah, saben warsa sami lan wong munggah kaji, sapisan marang Mekah.

… 05 …

Lan den dohken sakehing bilai, sinung rahmat ing donnya akerat, sarta linebur dosane, lan malih sawabipun, lamun ana janma kang sakit, lan sira wacakena, ngulon-ulonipun, ngalamat ingkang alara, oleh tamba saking sabdaning Hyang Widi, lan berkahing Panutan.

… 06 …

Kawruhana kehing pra Nabi, Nabi Adam kang mangka wiwitan, Nabiyullah wekasane, katahe yen pinetung, kawan dasa langkung kalih, lah sigra estokena, sadaya den emut, luwih agung kang supangat, lemah sangar kayu aeng lebur sami, tan ana kara-kara.

… 07 …

Gantya malih murwanio amuji, Caritane nenggih wringin sungsang, punika ageng sawabe, ananging ta kalamun, winaca sru pareng nujoni, ana wanudya wawrat, iku tan pakantuk, manawa dadya jalaran anggogrogken wetengane kang nggarbini, dadya wasaneng durma.

Tembang Durma

… 01 …

Wringin sungsang wayahipun tumuruna, ngaubi awak mami, tur tinuting bala, pinacak suji kembar, pipitu jajar maripit, asri yen siyang, angker kalane wengi.

… 02 …

Duk samana akempal kumpuling rasa, netraku dadi dingin, netra ningsun emas, puputihe mutyara, ireng-ireng wesi manik, ceploking netra, waliker uda ratih.

… 03 …

Idep ingsun kekencang bang ruruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa tengen pisan, cupakku surya kembar, kedepku pan kilat tatit, kang munggeng sirah, wesi kekenten adi.

… 04 …

Rambut kawat sinomku pamor anglayap, batuk sela cendani, kupingku salaka, pilingan ingsun gangsa, irungku wesi duaji, pasu kulewang, pipiku wesi kuning.

… 05 …

Watu item lungguhe ing janggut ingwang, untuku rajeg wesi, lidah wesi abang, aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambeku iya, sela matangkep kalih.

… 06 …

Guluku-ningsun paron wesi galigiran, jaja wesi sadacin, pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi walulin, bauku denda, sikutku pukul wesi.

… 07 …

Asta criga epek-epek ingsun cakra, cakar wok jempol kalih, panuduh trisula, panunggulku musala, mamanisku supit wesi, jentikku iya, ingaran pasopati.

… 08 …

Bebokongku sela ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebol-ingsun karah, luput denda kang tinja, balubukan entut mami, uyuhku wedang, dakarku purasani.

… 09 …

Jembut kawat gantungaku wesi mentah, walakang wesi gapit, pupu kalataka, sungsum ingsun gagala, ototku gungane wesi, ing dalamkan, ingaran kaos wesi.

… 10 …

Sampun pepak sarira-ningsun sadaya, samya pangawak wesi, pan ratuning braja, manjing aneng sarira, tan ana braja ndatengi, dadya wiyana, ayu sarira mami.

… 11 …

Ana kidung sun-angidung bale anyar, tanpa galar asepi, ninis samun samar, patining wuluh kembang, siwur burut tanpa kancing, kayu trisula, gagarannya calimprit.

… 12 …

Sumur bandung sisirah talaga mancar, tibeng jaja ajail, dinding endas parah, ulur-ulur liweran, tatambang jaringing maling, dadal dadnya, gagulung ing gagapit.

… 13 …

Naga raja pangawasan manik kembang, kembang gubel abaji, tajem neng kandutan, udune sarwi nungsang, kurangsangan angutipil, angajak-ajak.

Kamis, 12 November 2009

BABAD DEMAK PESISIRAN


Asmaradana

Bismillahirrohmanirrohim

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Ingsun amimiti amuji, anebt nama Yang Suksma, kang murah hing dunya mangke, ingkang (……..) ing akherat (1), kang pinuji datan pegat, angganjar kawelas ayun, angapura wong kang dosa.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Sampunne muji Yang Widi, amuji Nabi Muhamad, kelawan kawula wargane, sahabat sekawan ika /2/ ingkang nama abubakar, Ngumar Ngusman kaping telu, Kaping pat Ngali Murtala.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Tatakala wiwite nulis, ing dinten Sapatu punika, anggalipun kaping pat likur, sangalas, haiya iku taunipun, kang nulis nama Marsuf punika.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Panedhane kang anulis, sampun maca bari nginang manawa keneng dubang, sampun maca /3/ barini yudud menawa keneng dahana, sampun maca ngadal ika, menawa kang tembang.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Penedhane kang anulis, mering sanak kang amaca, den-agung pengapurane, aksara kathah kang bangga kirang den-wuwuhana, sampuh geguyu kang nurun kang nurat dereng pespada.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Wntenten carita Winarni, nuturaken kang kina-kina, saking Adam sedayane, ana dadi nabi ika, ana dadi waliyullah, ana dadi guru ratu, ana kang dadi manolan.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Nabi Adam asewini, wolung dasa punjul sanga, kang kocap siji putrane, Nabi Sis iku kang nama, Nabi Sisi sampun peputra kalih sami jalunipun, ang sepuh Raden Anwas.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Nurcahya ingkang weragil, Raden Anwasapeputera, Rahaden Kinad namane, /4/ Raden Kinadapeputera, Raden Mustalil namanya, Raden Mustalil sesunu, Raden Majid namanira.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Puterane Raden Majid, Nabi Ederis nama nira, Nabi Ederis atmajane, kekalih Raden Malha, Rahaden Malha peputra, ingkang nama Raden Sahur, nenggih Sahur nuli peputra.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Kang nama Raden Musalik, Raden Musalik peputra, Nabi Nuh ika namane, Nabi Nuh sampun peputra sekawan jalu sedaya, setunggal ingkang cinatur, Raden Sam wahu namanya.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Raden Sam asesiwi, Raden Sangid namanira, nenggih Sangid atmajane, inggih nama Raden Palya, Raden Palyaapeputera, ingkang nama Raden Rangu, putrane Rangu tetiga.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

/5/ Cinatur ingkang satunggil, ingkang nama Raden Sarah, Raden Sarah atmajane, pan gangsal jalu sedaya, cinatur ingkang satunggal, ingkang nama Raden Pahur, Raden Pahurapeputera.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Paig Azar ingkang nami, patih Azarapeputera, Nabi Ibrahim namane, Nabi Ibrahim peputra, kekalih pan sami pirya, satunggil ingkang cinatur, nami Ismail namanya.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Putrane Nabi Ismail, Raden Sabit namanira, Raden Sabit atmajane, ingkang nama Raden Yasjab, Raden Yasjabapeputera, ingkang nama Yarab ika, Raden Yarabapeputera.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Raden Pahur nama neki, Raden Pahur peputra, Raden Mutawab namane, Raden Mutawab /6/ peputra, ingkang nama Raden Ngadnan, Raden Ngadnan sesunu, kang nama Mungadi ika.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Raden Mungadi sesiwi, ingkang nama Raden Najar, Raden Najar atmajane, ingkang nama Raden Mapar, Raden Maparapeputera, ingkang nama Ilyas niku, Raden Ilyasapeputera.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Abuthalib nama neki, Abuthalibapeputera, Ki Hujimah ing namane, Ki Hujimahapeputera, Ki Kunanah ingkang nama, Ki Kunanah asesunu, Kiyahi Tafsir ingkang nama.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Kiyahi Tafsir asesiwi, Kiyahi Faqir namanira, Kiyahi Faqir atmajane, Kiyahi Ghalib ingkang nama, Kiyahi Ghalibapeputera, Ki Ngabdul Manab ika, Ngabdul Manab apeputera.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Kiyahi Hasim nama neki, /7/ Kiyahi Hasim apeputera, Ngabdul Muntalib namane, Ngabdul Muntalib apeputera, ingkang nama Ki Ngabdullah, Ki Ngabdullah sesunu, kang nama Nabi Muhammad.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Nabi Muhammad puniki, gustine para utusan, nyalini serengat mangke, tur dadi Nabi wekasan, Nabi Rasulullah ika, wus karsaning Yang Agung, tumeka dina kiyamat.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Nabi Muhammad sesiwi, kang nama Siti Fathimah, Dewi Fatimah puterane, kekalih pan sami prirya, cinatur ingkang satunggal, Sayid Husen namanipun, Sayid Husen apeputera.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Kang nama Zainal Ngabidin, Zainal Ngabidin peputera, Ki Zainal Ngalim namane, Zainal Ngalim apeputera, ingkang nama Zainal Kubra, Zainal Kubra asesunu, Zainal Kusen /8/ nama hira.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Zainal Kusen asesiwi, kang nama Mahmud Alkubra, Mahmud Alkubra puterane, kang nama Jumadi Alkubra, Jumadi Alkubra peputera, tetiga sedayanipun, apan tunggil ibu rama.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Ingkang bajang putera neki, jejuluk Maulana Ishaq, ana dene penengahe, nama Ibrahim Asmara, kang weragil Siti Asfah, kambil garwa raja Ngerum, Ngabdul Majid nama nira.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Wanten ganti kang winarni, kocap rayine Anwas, Nurcahya ika namane, Sis kang gadah putera, kaprenah putune Adam, Nurcahya sampun sesunu, Nurrasa ika namanya.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Nurrasa sampun sesiwi, ingkang nama Sang Yang Wenang, Sang Yang Wenang atmajane Sang Yang Wening nama nira, /9/ Sang Yang Wening apeputera, Sang Yang Tunggal namanipun, Sang Yang Tunggal apeputera.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Benthara Guru kang nami, Benthara Guru peputera, per lima sedayane, cinatur ingkang satunggal, Benthara Wesnu namanya, nenggih Wesnu ngadeg ratu, jumeneng ing Gilingtosan.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Wesnu putera Serigati, Serigati sampun peputera, Yang Terwasthi ika namane, Yang Terwesthi jumeneng nata, ing Medhang Andhong negara, Yang Terwesthi sampun sesunu, Parikena ingkang nama.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Parikena anama Mamumanawasa sesiwi, nama Manumanawasa mangke, peputera Raden Sutapa, punika sampun peputera, jalu warna nira bagus, Raden Sekutrem namannya.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Sekutrem peputera Sakeri, nenggih /10/ Sakeri apeputera, Polasara atmajane, Polasara apeputera, ingkang nama Abiyasa, Abiyasa sesunu, tetiga pan sami pirya.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Cinatur ingkang satunggil, ingkang nama Pandhudewa, Pandhu ika atmajane, lelima sedaya nira, punika pan sami pirya, satunggal ingkang cinatur, ingkang nama Ki Arjuna.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Arjuna sampun sesiwi, Abimanyu nama nira, Abimanyu atmajane, Parikesit nama nira, Parikesit apeputera, Udayana namanipun, Udayana apeputera.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Jayadarma nama neki, jayadarma apeputera, Jayamijaya namane, Jayamijaya peputera, Gendroyana nama nira, Gendroyana asesunu, kang nama Sumawicitera.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

/11/ Sumawicitera sesiwi, ingkang nama iterasuma atmajane, ingkang nama Pancaderiya, Pancaderiya peputra, Selajala namanipun, Selajala apeputra.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Serimapunggung ikang nami, Serimapunggung apeputera, setunggal bagus rupane, ingkang nama Gendhiawan, Gendhiawan apeputera, lelima sedayanipun, pan ami jumeneng nata.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Cinatur ingkang ssetunggal, jumenang na ripan, Resi Genthuyu namane, Resi Genthuyu apeputera, gangsal kocap setunggal, kang nama Lembumiluhur, jumeneng noting Jenggala.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Lembumiluhur sesiwi, ingkang nama Rawisrengga, gentine nata ramane, oning negara Jenggala, rawisrengga apeputera, jalu warna nira bagus, kang /12/ nama Raden Laliyan.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Laliyan jumeneng aji, ing negara Pejajaran, perabu agung sutapane, Laliyan sampun peputera, Mundhisari ingkang nama, anggentosi ramanipun, ngadeg nata Pejajaran.

۩۩۩ 39 ۩۩۩

Mundhisari putera kalih, Mundhingwangi ingkang sepah, Arya Bajaran rayine, Mundhingwangi ngadeg nata, ing negara Pejajaran, anggentosi ramanipun, Banjaran dadi patihnya.

۩۩۩ 40 ۩۩۩

Mundhingwangi asesiwi, sekawan sedaya nira, apan esteri pambajenge, Ratna Kesuma kang nama, isteri malih panggulunya, nama Raden Ayu Himuk, nuli jalu rayi nira.

۩۩۩ 41 ۩۩۩

Raden Suruh ingkang nama, tetiga tunggal ibu, wanten malih nggih putrane, /13/ kang Ciyung Wanara, ibune saking ampayan, kocapa Rahaden Suruh, matur dateng ingkang rama.

۩۩۩ 42 ۩۩۩

Adhuh Rama kados pundhi, kakang bok Ratna Kesuma, kedah awon pratingkahe, aremen dateng kawula, sang nata nimbali sampun, dumateng Ratna Kesuma.

۩۩۩ 43 ۩۩۩

Wus dateng ngaran nerpati, Sang Ayu Ratna Kesuma, kang rama agal wuwuse, Ratna Kesuma ta sira, kang aran Rahaden Suruh, Sang Ayu medel kewala,

۩۩۩ 44 ۩۩۩

Wekasan duka sang aji, dumateng Ratna Kesuma, sakelangkung den dukane, tan jamak Ratna Kesuma, pan sira dudu manusa, kuduremen ing sedulur, lungaha sira den enggal.

۩۩۩ 45 ۩۩۩

Tinundhung rama aji, atapa/14/ ing gunung Kombang, kelangkung mati ragane, wus awor lawan lelembut kesah saking gunung Kombang, ngedaton segara kidul, wus dadi ratuning lelembut.

۩۩۩ 46 ۩۩۩

Den Ayu Himuk winarni, pan kathah sesakitira, semu kurang parungone, bisu sumerta apicang, keng rama kelangkung mirang, binucal ing pulo Onderus, pinupu ing raja Englan.

۩۩۩ 47 ۩۩۩

Nurunaken raja Kumpeni, ing tanah Englan lan Peresman, lawan tanah Sopahnyole, kocapa Ciyung Menara, sesirnane ingkang rama, punika jemeng prabu, ing negara Pajajaran.

۩۩۩ 48 ۩۩۩

Raden Suruh jumeneng aji, ing negara Majalengka, Berawijaya jejuluke, apeputera Berakumara, gumati ing Majalengka, Beraku /15/ mara asesunu, ingkang nama Araden Wijaya.

۩۩۩ 49 ۩۩۩

Araden Wijaya sesiwi, kang nama Kartawijaya, Kartawijaya puterane, kang nama Anggawijaya, punika ingkang wekasan, ngadeg perabu Majalangu, tunggal nama Berawijaya.

۩۩۩ 50 ۩۩۩

Sigegen nata Majapahit, kocapa nata ing Cempa, raja Kunthara namane, ratu kapir binethara, merentah Kujing negara, Kalicare lan Kalikut, Gur lawan Mulebar.

۩۩۩ 51 ۩۩۩

Raja Kunthara asesiwi, tetiga wau puterannya, kang kalih sami isterine, putera jalu kang satunggal, ingkang sepah nama nira, Berawati Muratninggerum, kambil garwa Berawijaya.

۩۩۩ 52 ۩۩۩

Kang panengah nama neki, Raden Ayu Canderawulan, ana dene weregile, jalu bagus warna nira, kang nama Raden Cingkera, sasedane sang perabu, Jingkera kang ngadeg ing nata.

۩۩۩ 53 ۩۩۩

Wanten kang winuwus malih, nama Ibrahim Asmara, andarung wau lampahe, maring negara ing Jempa, karsane panggih sang nata, tan kawanan lampahipun, wus datang negara Cempa.

۩۩۩ 54 ۩۩۩

Melebet ing dalem puri, sang nata lagiya sineba, Ibrahim marek ngarsane, sang nata enggal tetanya, dateng Ibrahim Asmara, derwis sapa arahmu, pan apa kang sira seja.

۩۩۩ 55 ۩۩۩

Sira marek maring mami, teka gati lampahira, Ibrahim enggal ature, dhuh gusti nami kawula, Sayid Ibrahim Asmara, dateng kawula pan estu, sumeja ngajak sang nata.

۩۩۩ 56 ۩۩۩

Manjingga agama suji, sarengat Nabi Muhammad, ngucap kalimah kalih, anla ilaha illa lallah /17/, Muhammad rasulullah, punika ing lafalipun, rukune agama islam.

۩۩۩ 57 ۩۩۩

Lan nyembah lan amuji, dumateng Allah tangala, anuta ing penggawene Muhammad nabi wekasan, sampun nyembah ing berahala, punika agama kufur, nyembah muji ing berahala.

۩۩۩ 58 ۩۩۩

Saking permaning Yang Widi, sang nata kedhep sesama, dateng Ibrahim ature, sang nata nulya angucap lafat kalimah sahadat, kawula warga nan anut, sedaya pan sampun islam.

۩۩۩ 59 ۩۩۩

Wus maning agama suci, sang nata negara Cempa, sumerta gadhang wergane, sanegara angudhangan, ing kutha miwah ing desa, sedaya pan sampun anut, amanjing agama islam.

۩۩۩ 60 ۩۩۩

Wus manjing agama suci, /18/ wadiya ing Cempa sedaya, Berahala ginempur kabeh, karsane wau sang nata, tan ana kari setunggal, akarya sang perabu, masjid panggonan ngibadah.

۩۩۩ 61 ۩۩۩

Kelangkung sihe nerpati, dateng Ibrahim Asmara, nenggih sang nata karsane, Ibrahim den panggihena, dumateng Ni Caderawulan, tumulya nikahhan sampun, Ibrahim lan Conderawulan.

۩۩۩ 62 ۩۩۩

Patut gennya pelakerami, Ibrahim lan Conderawulan, kelangkung dene asihe, sang puteri langkung bektinya, dumateng ing laki nira, miwah bekti ing Yang Agung, miwah kathah dana nira.

۩۩۩ 63 ۩۩۩

Ri sampune lami-lami, adarbe putera tetiga, putera kang sepuh namane, Rahaden Raja Pandhita, penengahe Raden Rahmat, pawestri weragilipun, /19/ Dewi Zainab nama nira.

۩۩۩ 64 ۩۩۩

Sampune winuruk ngaji, wus putus kitan lan Qur’an, usul fikih lan tafsire, kocapa malih Berawijaya, perabu agung Majalengka, punika anggadhah sunu, langsung manise caritannya.

PUPUH 02
Peksi nala

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Kawarnahan puterane sang ngaji, Berawijaya nata Majalengka, kang saking Cempa ibune, tetiga sedayanipun, ingkang sepah putera nawestri, Puteri Adi namanira, dadine garwanipun, Ki Dipati Adiyaningrat, kang penengah Lembu Peteng nama neki, jumeneng oning Madura.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Raden Gugur putera kang weragil, datan arsa mengku kartiyasa, meksih ambetur tapane, waten malih puteranipun, Berawijaya Majapahit, ibu /20/ raksesi denawa, jalu puteranipun, ingkang nama Raden Damar pinayungan tanah Palembang negari, jejuluk Ki Arya Damar.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Wanten malih puterane sang aji, ibu saking Panaraga, kekalih jalu puterane, Benthara Katong kang sepuh, pan jumeneng ing Panaragi, ana dene rayinira Dipati Lunu, wanten malih puteranira, ibu ingkang saking Pekgelen negari, jalu amung setunggal.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Ingkang nama Ki Jaran Panolih, ingkang ngerih Sumeneb lan Sampang, ing Balega keratone, nulya gadhahe sang perabu, Berawijaya ing Majapahit, garwa puteri saking Cina langkung anyunipun, Berawijaya Majalengka, langkung teresna, dateng puteri saking Cina singgih, temahan dipun senggama.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Sampun lama perabu Majapahit, /21/ gennya ngage puteri saking Cina, ngatos sepuh wangwarattane, karsanira sang perabu, Berawijaya ing Majapahit, puteri saking Cina, wangwarattane wus sepuh, punika den wedalena ing sang nata, Arya Damar kang den titipi, sineleh ing tanah Palembang.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Berawijaya nata Majapahit, angendika datang ingkang putera Arya Damar namane, mangkene ngendikanipun, Arya damar ingsun atitip, dumateng peken nira, puteri wangwarat sepuh, puteri adi saking Cina, poma-poma aja sira senggamani, yen durung babar puteranya.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Arya Damar matur awot sari, gusti kawula sumangga ing karsa, kawula derma kemawon, anglampahi pakonipun, rama perabu ing Majapahit, tumulya den paringena, puteri Cina ika, dumateng Ki Arya Damar, wus /22/ ketampan, Arya Damar enggal pamit, ing sang perabu Berawijaya.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Sampun mangkat Arya Damar singgih, tan kawarna lampahe neng marga, dugi tanah Palembang, melebet ing dalem sampun, sarta gawa parameswari, kagungane sang nata perabu Majalangu, puteri adi saking Cina, den titipna maring Ki Arya Damar singgih, puteri wangwarat sampun sepah.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Sampun jangkep ing sawelas sasi, wangwarat tane, babar putera nira, jalu tur bagus rupane, cahyane lir mas sinepuh, Arya Damar ingkang mastani, bebayi kang sampun bakar, Raden Patah ika, sawusira lama-lama Arya damar gadhah, kersa ing sang puteri, wekasan dipun senggama.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Sampun lama genira ngeresmine, Arya Damar maring /23/ puteri Cina, kantos wangwarat teri sasine, wus jangkep ing sangang satun, angsale pun wangwarat sang puteri, babar jalu putera nira, rupane tur bagus, bayi sampun ingngaranan, Raden Husen Arya damar sesiwi, tunggal ibu lawan Patah.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Kuneng wau carita sang puteri, ingkang wonten negara Palembang, saking Cina pinangkane, kocap malih sang perabu, Berawijaya ing Majapahit, kelangkung susah manahnya, dene sakit lumpuh, ujare resi bujangga, Berawijaya yen tanno ngangge Wadhan Kuning, sakite tan bisa wulya.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Berawijaya ngangge Wadhan Kuning, mituruti ujara bujangga, manwa dadi warase, sakite ing /24/ sukunipun, Wadhang Kuning dipun resmine, lawan perabu Brawijaya, angsal tigang dalu, nuli suda sakitira, Berawijaya ngangge puteri Wadhan Kuning, wusana ilang sakitnya.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Sampun wulya pan kadi wingi uni, Berawijaya malah saya kuwat, selari ngangge Wadhan Kuning, tinimbalan saben dalu, Wadhan Kuning maring sang aji, tan kuwarna lari nira, nuli wangwarat sepuh, sampun jangkep sasi nira, nulya babar jalu puterane apekik, sang nata kelangkung wirang.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Ingngaranan puterane ang aji, Raden Bondan Kejawan kang nama, tumulya den wedalake, semerta lan ibunipun, juru sawah kang den titipi, nenggih padhukuhan nira, dhusun Karangjambu, /25/ sawusira lama-lama, Raden Bondan Kejawan ika angelih, Lembu Peteng ingkang nama.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Lembu Peteng susah manah neki, oneng desa Karangjambu ika, kelangkung dene meparate, tegal sawah karyanipun, datan beda ing wadiya alit, Lembu Peteng kelangkung mirang yen sampun misuhur, Lembu Peteng putera nata Berawijaya, ing mangke dadi wong alit, dadiya kesah amertapa.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Lembu Peteng nulya bentur tapi, oning ngarga Diyeng namanira, kelangkung mati ragane, tanpa dhahar tanpa turu, ora ana kacipta ing ati, anak putu nira bisaha amengku, ing negara terah Jawa lama-lama, Lembu Pteng angsal wangsit, ujare kinon nyuwita.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Nulya kesah Lembu Peteng singgih, saking arga panggonanene / 26/ tapa, kalunta-lunta lampahe, mudhun jurang munggah gunung, datan pegat nggennya mertapi, ngulari wadiya utama kang wespada sampun, jajah desa milang kori Lembu Peteng, lumapah rahina wengi, nulya manggih pedhukuhan.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Padhukuhan ingkang langkung aseri, kang pilenggah ing dhukuh punika, Ki Tarub ika namane, lenggah manteri kami sepuh, pan punika tunari-nari, dateng perabu Berawijaya, oning Majalangu, Lembu Peteng nulya seba oneng ngarsa, Ki Tarub inggih marani, pinarak oneng pandhapa.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Lembu Peteng nulya awot sari, maserahena ingkang jiwa raga, mila nyuwita karsane, Ki Tarub mesem gumuyu, Lembu Peteng dipun tingali, ketara jahita natera, /27/ winangwang ing semu, bocah iki terahing nata, nulya Ki Tarub sarwi bebisik, kulup ingsun takon ing sira, pinangkanya sira saking ngendi, lawan sapa ingkang dherbeni putera, Lembu Peteng matur age, adhuh gusti awak ingsun, anakipun Mbok Wadhang Kuning, deten wisma kula dhusun Karangjambu Tarub, eling wantehan, Berwijaya angge Mbok Wadhan Kuning, punika anggadhah putera.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Putera nira Mboke Wadhan Kuning, ika pirya bagus warna nira, tumulya den wedlke, sumerta lan ibunipun juru sawah kan den titipi, permila den wedalna, nenggih marganipun, sang nata kelangkung wirang, Nyai Wadhan Kuning kasenggama lawan sang ngaji, lama-lama apeputera /28/.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Sedatenge Lembu Peteng singgih, langkung bungah Ki Tarub manahnya, lir manggih iten bomine, nulya ngendika Ki Tarub, dateng Lembu Peteng puniki, kulup aja sira taha, ngeladeni ingsun, niyata kinarya lampah amertapa, menawa pinanggih wingking, bisa mengku kertiyasa.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Lembu Peteng matur awot sari, gusti kawula sungga ing karsa, kawula lumados mangke, dateng karsane sang wiku, pan kawula boten angideni, ing karsaning Jeng Tuwan, siyang lawan dalu, mila dados kajad kawula, bangkat karya ing karsanipun sang aji, angsala sabab pandonga.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Seben dina genira ngeladeni, Lembu Peteng maring Ki Tarub ika, tan pegat pertapane, Ki Tarub welas andulu, dateng Lembu Peteng puniki, tan pegat /29/ dennya mertapa, siyang lawan dalu, saperadene nora luta, angeladeni sira mering mami, Ki tarub nulya ngendika.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Angendika sering ingkang ngabdi, ingkang nama Lembu Peteng ika, mangkene pangandikane, Lembu Peteng sira ika, ingsun pundhut mantu peribadi, pan sira sun panggihena, anak ingsun kang sepuh, Nawangsih ika namannya, Lembu Pteng miturut karsane sang yugi, ujare sumangga ing karsa.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Pan sinegeg Lembu Peteng singgih, kocap malih perabu Berawijaya, rerasan lawan garwane, ratu ayu ingkang sepuh, puteri saking Cempa negari, awerta dheteng sang nata, yen gadhah sedulur, pawesteri ayu setunggal, ingkang nama Ratu Ayu Caderasasi /30/, cahyane lir wulan purnama.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Berawijaya oneng Majapahit, amiharsa wartane kang garwa, kelangkung dene gawake, enggal nimbali sang perabu, ing puterane Ki Randhukuning, ingkang nama Arya Bangah, manteri ingkang sepuh, pinercaya ing sang nata, Arya Bangah tan dangu tumulya perapiti, ing ngarsa nira sang nata.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Arya Bangah jengandika punika, kula duta kesah dateng ing Cempa, amudhut mering puterane, ing rama Cempa perabu, ingkang nama Conderasasi, Arya Bangah pamit enggal dumateng sang perabu, nulya mangkat Arya Bangah lampahira, datan kawarna ing margi, wus dugi negara Cempa.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Arya Bangah sampun angsal warti, oneng Cempa, sang perabu wus seda, kang ngadek nata /31/ puterane, kang meruju namanipun, Raden Cingkera wahu sang ngaji, ana dene Conderawulan, punika pan sampun, akerama angsal Molana saking Tulen, Ibrahim Asmara kang nmi, amulang agama islam.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Arya Bangah susah manah neki, wus ngerasa yen tan oleh karya, dinuta maring gustine, saking langkung bangkitipun, Arya Bangah dadi ngawahi, ing wekase Berawijaya, nata Majalangu, wus katur nata ing Cempa, kang dinuta, kinen melebet ing puri, dateng ngarsane sang nata.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Arya Bangah dateng ngarsane sang ngaji, ing ngendikan paran pinagkanya, Arya Bangah alon ature, apan sarwi awot santun, inggih gusti kawula puniki, dinuta dening sang /32/ nata perabu Majalangu, serta salaminipun pidhah, paramaswerti katur dateng sang ngaji, wiyose kinon angelawad.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Pan sang nata perabu anom singgih, sedane kanjeng rama tuwan, pan meksih wnggal mirangi, sang nata ing Majalangu, datan wanten ingkang mertanai, ananging midhanget babar, saking Tembi Kalikut, punika kang asung warta, ing sang nata Berawijaya Majapahit, sang perabu Cempa ngendika.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Permilane ingsun tan mertani, dateng kakang perabu Berawijaya, pan ingsun ngarsa dhewe, yen asor awak ingsun, kakang perabu ing Majapahit, mila ratu binetara, ngereh sami ratu, lamun ingsun akirima ing nuwala, dateng perabu Majapahit, menawi datan /33/ kaduga.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Sampun rembag guneman sang ngaji, dateng duta saking Majalengka, duta pinaringan age, pangage kang bagus, mateng Cempa nulya akirima, werni kalung lawan gelang, katur sang ayu, peramasweri Majalengka, pan punika pernah rakane sang ngaji, perabu negara Cempa.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

Wus pamita duta Majapahit, maring sang nata ing Cempa punika, tumulya enggal lampahe, datan kawarna ing ngenu, lampahira duta wus perapti, ing negara Majalengka, merek ing sang perabu, matur sarwa awot sekar, Arya Bangah dumateng paduka aji, dhuh gusti kawula dinuta.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Lampah kawula dinuta sang aji, datan angsal ing pamundhut Tuwan, pan /34/ sampun wonten lakine, puteri Cenderasatun, kambil garwa turun Jeng Nabi, nama Ibrahim Asmara, sampun putera telu, lan malih atur kawula, ing paduka rama aji, pan sampun lalis, dene ingkang gumantiya.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Rayi Tuwan kang jumeneng aji, ingkang nama Rahaden Cingkara, punika, puniki wanten kintune, werni gelang lawan kalung, kinon ngaturaken paramesweri, raty ayu ingkang sepah, nama Murtiningngerum, sang nata nuli ngendika, dateng duta, ika aturena peribadi, aja ana wewerta.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Yen kang rama punika wus lalis, poma-poma aja sira wewerta, menawa dadi susahe, Derawati Murtiningngerum, mireng warta ramane wus lalis, lah kebat /35/ sira aturna, dumateng sang ratu, kiriman kang saking Cempa, duta mangkat melebet ing dalem puri, ngaturaken pakiriman.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Sampun katur pakiriman neki, warni gelang lawan kalung ika, sang puteri nampani age, Darawati Murtiningngerum, nulya niba sarwi anjerit, kaget sekehe pawongan, ningali Sang Arum, kang nangis jeroning pura, pan gumerah, kadiya ombaking jaladeri, sang nata tumulya duka.

۩۩۩ 39 ۩۩۩

Arya Bangah ningali puteri, langkung susah sajeroning manah, bakal kadukan gustine, sang nata tumulya melebu, sajerone ing dalem puri, Arya Bangah den acam-acam, bayai ika matur, yen kang rama sampun seda, Berawijaya runtika sejro /36/ ning ati, aningali Ki Arya Bangah.

۩۩۩ 40 ۩۩۩

Angendika nata Majapahit, maring klang garwa, paran pakenira apa kang dadi susahe, anank ingsun sarwi gegulung, anglasar ana ing siti, nulya matur paramaswari, dumateng sang perabu, milane kawula karona rama nata, ing Cempa pan sampun lalis, Berawijaya alon ngendika.

۩۩۩ 41 ۩۩۩

Ika sapa kang mituturi mering sira, rama aji seda, dene tan ana surate, ingkang teka maring ingsun, nuli mitutruni Darwati, boten wnten kang wewerta, nanging janjinipun, rama nata lamun seda gelang kalung, den kirimaken ing mami, punika pertanda nira.

۩۩۩ 42 ۩۩۩

Kuneng wau nata Majapahit, kang kocapa putera kang oneng Cempa, Raja / 37/ Pandhita namane, Raden Rahmat rayinipun, arsa pamit ing rama neki, tan tuwi mering kang uwa, Dewi Murtiningngerum, garwanipun Berawijaya Majalengka, wus kari pan dennya apamit, binektanan punakawan.

۩۩۩ 43 ۩۩۩

Punakawan Aburerah kang nami, anut lampah ngulati tunutan, tan pegat pangabektine, ing siyang kelawan dalu, angabekti maring Yang Widi, kaluta-luta lampahnya, datang manggih perabu, ingkang layar maring Jawa, nulya kesah dumateng Kucing negari, ngulati kang tunutan.

۩۩۩ 44 ۩۩۩

Tan kawarna lampahe neng margi, pan tumeka ing Kucing negara, amanggih tunutan mangke, palwa keci namanipun, perahune juragan Geresik, wus munggah tiyang tetiga, bubar /38/ jangkar sampun, bahita sampun menengah lelayarane sampun angsal pitung wengi, katempuh angin pelahara.

۩۩۩ 45 ۩۩۩

Bahitane darung lampah neki, wus tumeka mahara Kamboja, mahara agung karange, bahita ketemper sampun, aneng karang Kamboja singgih, lunas ing bahita, rusak layare, rinapas raja Kamboja, ingkang ana sejerone palwa keci, palwane nulya binakar.

۩۩۩ 46 ۩۩۩

Putera Cempa kang rinampas singgih, ingkang nama Pangeran Pandhita, rembagan lawan rayine, miwah punakawanipun, bahitane pan sampun eting, binakar raja Kamboja, bocah ingkang telu, wus rembag tiyang tetiga, nulya aken ing wong Kamboja negara, punika ingkang dinuta.

۩۩۩ 47 ۩۩۩

/39/ inuturan duta tingkah neki, oneng palwa duta pamit inggal, tumulya laju lampahe, datan kawarna ing enu, sampun perapta ing Majapahit, wus katur dateng sang nata perabu Majalangu, sang nata nuli ngandika duta, pinangkannya saking ngendi, lan sapa ingkang wewerta.

۩۩۩ 48 ۩۩۩

Duta matur sarwine awot sari, gusti kawula pan tiyang Kamboja, ngaturi wiyose puteri ayu Conderasatun, pan ing Cempa ingkang negari, punika anggadhah putera kekalih jalu, katiga lan punakawan, arsa sohan dumateng paduka aji, punika anitih palwa.

۩۩۩ 49 ۩۩۩

Palwa pecah ana ing jeladri, pan kateper karang ing Kamboja, dipun rampas sedayane, kang wonten sejeroning perahu, datan wonten ingkang kari, karsane raja Kamboja, palwane tinu-tinu, ing mangke putera ing Cempa langkung susah, oneng Kamboja negari, dadi ngabdine sang nata.

۩۩۩ 50 ۩۩۩

Seri Nelemdra natang Majapahit, apan mireng ature ponang duta, kelangkung dene welas, miwah para maswarinipun, sekelangkung dennya ngerdaten, dene sampun mireng warta, saking duta wot satun, tumulya seri nara nata, Berawijaya animbali dateng manteri, ingkang aran Arya Bangah.

۩۩۩ 51 ۩۩۩

Tan adangu Arya Bangah perapti, ing ngarsane perabu Berawijaya, nulya dinawuhan age, Arya bangah ingsun angerungu, putera Cempa anunggang keci, puterane Ni Conderawulan, kalih sami jalu, tetiga lan punakawan, palwanira /41/ ketawang karang jeladeri, ana ing marga Kamboja.

۩۩۩ 52 ۩۩۩

Keci rusak nulya den rampasi, ing sang nata maharaja Kamboja, telas kabeh momotane, palwane nulya tinu, bocah tetiga ginawe ngabdi, kaliyan raja Kamboja, langkung susahipun, kang ika sira sun duta, amunduta mering putera kang kekalih, tetiga lan punakawan.

۩۩۩ 53 ۩۩۩

Anggawaha manteri kang perjurit, kang peryuka ing busana nira, anaha sepuluh bahe, Arya Bangah pamit sampun, sarta gawa perjurit menteri, tan kocapa ing lampahira, Kamboja wus rawuh, nulya katur ing sang nata, angendika, duta pinangkannya pudi, lawan sinten ingkang duta.

۩۩۩ 54 ۩۩۩

Arya Bangah nulya matur aris, ing sang nata maharaja Kamboja, dhuh gusti kawula /42/ wiyose, dinuta mering sang perabu, Berawijaya ing Majapahit, kinon mundhut putera Cempa, keponakannipun, sang perabu Majalengka, kalih pirya tiga punakawan neki, ingkang dados ngabdi tuwan.

۩۩۩ 55 ۩۩۩

Margane nupang palwa keci, palwa pecah kegawang karang, maharaja pernahe, pan tuwan alap sedarum, wadiya nira ana ing keci, sang nata ing Majalengka, langkung sukuripun, dene boten kerem toya bocah tiga ingkang tuwan badhe ngabdi, punika kinon mudhuta.

۩۩۩ 56 ۩۩۩

Duta tita iling alingen ing ngoni, Berawijaya perabu Majalengka, merentah sami rajane, tanah sabrang akeh teluk, mering sang nata ing Majapahit, Banjar Siyem lan Kamboja, pan wus padha twluk, ana dene liyanira / 43/ apan kathah, ingkang paserah balu pathi, ing negara Majalengka.

۩۩۩ 57 ۩۩۩

Sampun regbag guneman sang ngaji, ing Kamboja dateng Arya Bangah, sang nata utusan age, animbali bocah tetelu, tan adangu tumulya perapti, oneng ngarsane sang nata, sarwi awot satun, ujare raja Kamboja, kulup sira pinundhut mering sang aji, perabu agung Majalengka.

۩۩۩ 58 ۩۩۩

Lah miluha kulup sira niki, mering dutane nata Majalengka, anuta saking lakune, putera Cempa awot satun, dateng perabu Kamboja singgih, lajeng matur putera Cempa, kawula miturut, ing karsane Kanjeng Tuwan, pan kawula kawilis yen dados ngabdi, anut saking kersa tuwan.

۩۩۩ 59 ۩۩۩

Arya Bangah pamit mering sang ngaji, ing /44/ Kamboja sarta bocah tiga, wus lepas wahu lampahe, datan kawarna ing ngenu, sampun perapta ing Majapahit, wus katur seri nara nata, bocah ingkang telu, paramaswari Majalengka, langkung terisna, remen dennira ningali, dumateng putera ing Cempa.

۩۩۩ 60 ۩۩۩

Berawijaya nata Majapahit, langkung asih mering putera Cempa, den anggep puterane dhewe, apa barang kang jinaluk, Berawijaya iku maringe, ananging putera ing Cempa, susah manahipun, dene wong Majalengka, agamannya punika pan meksih kapir, tan anut agama islam.

۩۩۩ 61 ۩۩۩

Putera Cempa bekti ing Yang Widi, titingalan wong ing Majalengka, pan padha gumuyu kabeh, ujare wong Majalangu, bodho /45/ temen bocah puniki, madhep ngulon bocah tiga cangkeme celathu, tangane angakep dhsdha, tan adangu dhengkule dipun pijeti, tumulya angabung kelasa.

۩۩۩ 62 ۩۩۩

Nulya ana wong tuwa sawiji, mara ngucap aja sira cacad ya ika nyembah dewane, gustine bocah tetelu, nanging sira tan melu derbeni, dewa ingkang sinembah, nanging bocah ika, mulane aja sira nacad, ing manusa anyembah ing dewa neki, datan padha pertingkahnya.

۩۩۩ 63 ۩۩۩

Nulya ana wong anom datenge, mar ngucap mering putera Cempa, ya ika kurang pikire, babi gurih datan ayun, kodhaok kokang datan binukti, amilih daginge ameda ambune aperengus, ananging putera ing Cempa, datan duka maring bocah /46/ Majapahit, mila meksi sami nomnoman.

PUPUH 03
Roning Kamal

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Sigegen putra Cempa, Arya Banjaran winarni, ing negara Pejajaran, rayine sang Mundingwangi, Arya Banjaran sesiwi, kang nama Arya Mentahun, Arya Mentahun peputera, nama Arya Randhu Guting, Randhu Guting punika putera tetiga.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Arya Galuh ingkang sepah, panengah punika singgih, kang nama Arya Tanduran, Arya Bangah kang weragil, Arya Galuh asesiwi, kekalih pan sami jalu, nama Arya Penanggungan, Ranggalawe ingkang rayi, cinarita puterane Ki Penanggungan.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Tiga sami jalu nira, kang sepah Arya Baribin, kang panengah Arya Teja, dene putera kang weragil, Ki Tarub /47/ wahu kang nami, Arya Baribin sesunu, kalih estri ingkang sepah, Maduratna ingkang nami, werujune jalu kang nama Jakandar.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Putera neki Arya Teja , punika amung kekalih, esteri putera ingkang sepah, kang nama Ni Conderawati, ana dene ingkang rayi, pan ika putera kang jalu, Raden Syukur namanira, puterane Tarub winarni, sedayane punika amung tetiga.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Punika esteri sedaya kang sepah nama Nawangsih, kang panengah namanira Raden Ayu Nawangsari, kang weruju nama neki, Raden Ayu Nawangarum, pan genti ingkang kocapa, putera Cempa kang winarni, ingkang wanten ing negara Majalengka.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Arsa pamit maring sang nata, Berawijaya Majapahit, badehe /48/ mantuk mering wesma, ing tanah Cempa negari, sang perabu datan ngiripani, putera Cempa badhe mantuk, ngendikane Berawijaya, kulup aja sira mulih, ingsun paring penggawehan maring sira.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Penggawehan kertiyasa, apa kang sira remeni, tumenggung miwah bupatiya, manteri arya lawan patih, lamun sira arep kerami, pilihana sanak ingsun, utawi putera bupatiya, tuwen puteranipun patih, lan malihe ingsun wus ngerungu warta.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Negara ing Cempa, punika wus den unggahi, kaliyan raja ing Dhustan, wus teluk negara Kucing, Kalikut lan Kalijare, Mulebar lawan Kemagur, pan wus teluk sedaya, mung keri Cempa negari, meksih mare perangan lawan ing Dhustan.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Semana /49/ putera ing Cempa, punika samiya turuti, ing karsane Berawijaya, nata perabu Majapahit, Raja Pandhita akerami, nenggih ingkang ngambil mantu, Arya Baribin Resbaya, punika pernah negari, garwanira Raden Arya Maduratna.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Dhedhukuh Raja Pandhita, ing dhusun Sinatut singgih, ana dene Raden Rahmat, punika sampun akerami, kambil mantu manteri Tubin, Arya Teja namanipun, apan dadi garwanira Raden Ayu Conderawati, ngampel Denta Raden Rahmat dhukuhan nira.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Ana dene Aburerah, punika sampun akerami, kamantu wong Nganpel Denta, Kiyahi Kusen nama neki, punika pan tiyang alit, pakaryanira nenabur, garwane Aburerah, bok Samirah nama neki, /50/ dhedhukuh Burerah dhusun Tangkilan.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Nandur kapas Aburerah, wus awoh kelangkung dadi, den udhal saben dina, durung ana putus neki, bok Samirah kang gilingi, punika kinarya sumbu, katur ing Pangeran Rahmat, ginawe damring masjid, saben dina kapase den aturena.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Pangeran ing Ngampel Denta, Jeng Pangeran anamani, dateng Aburerah ika, Ki Ageng Kapasan singgih, wanten malih wong sawiji, patinggi ing Malangu, kirid lampah Jeng Pangeran, Wirajaya nama neki, pinaringan pendamelan tukang tosan.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Raja Pandhita peputra, tetiga sedaya neki, kekalih pan sami pirya, satunggal ika kang esteri, ingkang sepah putera neki, Haji Ngusman /51/ namanipun, puterane ingkang panengah, nama Raden Ngusman Haji, kang weragil Nyahi Ayu Gedhe Tandha.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Raden Rahmat apeputera, pan gangsal sedaya neki, pawesteri ingkang tetiga, kang jalu punika kalih, punika akeran ing ngilmi, ana dene ingkang sepuh, kang nama Siti Saripah, Muthmainah Sumendhi, Siti Haspah puniki gih rayinira.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Ana dene putranira kang jalu nama Ibrahimm, kang weruju nama nira, punika Rahaden Kosim, putera kang gangsal puniki, saking Tubin ibunipun, garwa malih Raden Rahmat, puteranipun Ki Bang Kuning, Mas Karimah punika ing nama nira.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Tumulya anggadhah putera, kekalih pan sami esteri, ana dene ingkang sepuh, Mas /52/ Murtasiyah kang nami, dene putera kang weragil, Murtasimah namanipun, karsanipun Raden Rahmat, putera kalih kinon ngaji, oneng Ngampel sinahu kitab lan Qur’an.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Puterane Ki Tarub kocap, sedya sampun akerami, Nawangsih putera sepah, Lembu Peteng garwa neki, ibune Nyi Wadhan Kuning, Berawijaya ramanipun, jinunjung derajatira, Lembu Peteng duk ingoni, nama Tarub anggentosi maratuwa.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Sawusira lama-lama, Lembu Peteng asesiwi, punika amung satunggal, putera jalu tur apekik, Getas Pendhawa kang nami, wanten malih puteranipun, Ki Tarub ingkang penengah, nama Dewi Nawangsari, gih punika garwane Raden Jakandar.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Dhedhukuh oneng Melaya, Bangkalan pernah /53/ negari, lama-lama apeputera, kekalih pan sami esteri, Dewi Isah ingkang nami, punika putera kang sepuh, ingkang anom pugera nira, Dewi Irah ingkang nami wanten malih puterane Tarub wekasan.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Nawangarum ingkang nama, Raden Sukur garwa neki, lama-lama apaputera, kekalih kang sepuh esteri, ingkang nama Dewi Sari, ana dene kang weruju, Raden Syahid nama nira, Raden Syukur duk ingoni, kang pilenggah tumenggung ing Wilatikta.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Genti ingkang cinarita, kocapa kang dadi aji, ing negara Pejajaran, puterane sang Mundhingwangi, Ciyung Menara kan nami, nanging selir ibunipun, Ciyung Menara peputera, jalu warnanira pekik, ingkang nama Rahaden Babang Wecana.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Babang Wecana peputera, Babang Pamengger / 54/ kang nami, boten purun keperintah, dateng perabu Majapahit, tumulya kesah anepi, dhedhukuh wnaten Semeru, lama-lama apeputera, Menak Pergola kang nami, Ki Pergola punika nenggih peputera.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Menak Sembayu namanya, punika jumeneng aji, ing negara Belabangan, wanten malih kang winarni Molana Ishaq kang nami, ing Paseh negaranipun, Molana sampun peputera, kekalih jalu lan esteri, ingkang sepuh punika putera kang pirya.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Ana dene namanira Raden Bagus Ngabdul Qadir, dene esterine punika, Dewi Sarah ingkang nami, putera kalih maksih alit, tan kena pisah lan ibu, Molana nulya kesah, lelana dumateng Jawi, nopal keli lampahe Molana Ishaq.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Wus munggah Molana Ishaq, bahita /55/ layang mering Jawi, bahita kapal namanya, nangkudane wong ing Gresik, Molana Ishaq datengi, dumateng nangkudanipun, wiyose badhe anupang, nangkuda sampun ngeridhani, nulya menggah Molana Ishaq neng kapal.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Sampun bukar jangkarira, pan eco sinilir angin, tan kawarna lampahira, Molana oneng jeladeri, sampun dateng tanah Jawi, ing Geresik negaranipun, Molana munggah ing dharat, lajeng maring Surowesthi, lajeng jujuk padhukuhan Ngampel Denta.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Pangeran ing Ngampel Denta, Raden Rahmat nama neki, selagi asholat ngasar, oneng jero masjid neki, dene ingkang ma’mun sami, punika tiyang tetelu, sawiji Ki Wirajaya, Aburerah kapeng kalih, Ki Bang /56/ Kuning punika kang kaping tiga.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Molana Ishaq ning jaba, wong sholat dipun enteni, wus mari dennya sholat, Molana Ishaq dhingin, uluk slam oneng jawi, Raden Rahmat nulya metu, sarwi ajawab salam, wus tutur tinugur sami, leluhure wong loro bareng karuna.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Ojare Molana Ishaq adhuh gusti anak mami, babap ira rayiningwang, neng Cempa nama Ibrahim, Raden Rahmat matur nuli, dumateng tamu kang rawuh, ing tanah Jawa punika, gusti meksi agama kapir, mung kawula miwiti eslaming Jawa.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Mplana Ishaq ngendika, dateng Raden Rahmat singgih, dhuh gusti anak kawula, pan sira ingsun namani, Sunan Mangdum ingkang nami, jenenge / 57/ Sunan puniku, kang sinembah maring wadiya, Mangdum ingkang adhingin, islamipun pan negara tanah Jawa.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Raden Rahmat nama Sunan, Molana Ishaq ngesterini, sawusira lama-lama, wong Ngampel sami agami, miwah wong kampung Panilih, punika agama sampun, wus rata wong Surabaya, Islamipun wadiya alit, riseksana Molana Ishaq panutan.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Ing Sunan Mangdum punika tumulya angelaya bumi, ngedul ngetan paranira, mudhun jurang munggah ngardi, dugi tanah Banyuwangi, Molana munggah ing gunung, Selangu wahu namannya, mertapa sarwi ngabekti, shalat fardlu sunate datan tininggal.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

Ora dhahar kala rina, ora sare kala wengi, tan wanten kaciting manah, mung Gusti kang Maha Luwih, mugi /58/ paring iman suji, tewekal kelawan sukur, ngabekti maring Pangeran, adoha penggawe sirik, lan malihe tetepa iman kawula.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Kocapa nata belabangan, Menak Sembayu kang nami, punika anggadhah putera, pam esteri ayu linuwih, Sekardadu nama neki, punika pan sakit aseru, sekeh dhukun lunga teka, usaha datan marasi, duk semana sang nata lagiya sineba.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Sekehe manteri lan rangga, bupati kelawan patih, sang nata nulya ngendika, dumateng para bupati, lah ta seksennana sami, maring soyaberaningsun, sapa bisa marasana, maring anak ingsun puteri, pan punika dadiya jatukeramannya.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Sun paling ing Balabangan, ngadek perabu anu /59/ bejing, patih Belabangan anyembah, matur dumateng sang aji, pan wanten Ajar sawiji, pujuke ardi Selangu, datan sami ajar kathah, sepalah tingahe luwih, agamane pan beda lan Ajar bathah.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Lingsir kulon surup surya, babang wetan angabekti, ngadeg sedhakep amuja, nyepeng cengku ngabung siti, ngulon bener adhep neki, karya jobah ngake kethu, mugi dipun-timbalana, menawi waged jampeni, angendika sang nata maring Ki Patihnya.

۩۩۩ 39 ۩۩۩

Patih sira timbalana, ajar ingkang ana wukir, Ki Patih nulya utusan, animbali ajar agelis, duta sampun datengi, luhure ardi Selangu, ajar sampun ingaturan, lumampah duta kang ngiring, datan dangu lampahe Ajar /50/ wus perapta.

۩۩۩ 40 ۩۩۩

Ing jerone dalem pura, katur mering seri bupati, sang nata nulya ngendika, dumateng Ajar kang perapti, eh Ajar sun pureh nambani anak ingsun Raden Ayu, pawesteri amung satunggal, ika sakit sampun lami, bok menawa sakite ika yen sirna.

۩۩۩ 41 ۩۩۩

Lamun waras anak ingwang, wus dadi ing ngujar mami, sapa-sapa marasena, pan ika kinarya laki, mering anak ingsun puteri, lan malih negaraningsun, Belabangan ingsun pejah, kinarya gajaran neki, sun paringi nama perabu anom ika.

۩۩۩ 42 ۩۩۩

Seksana Molana Ishaq, puteri nulya den tambani, usaha sampun tumiba, nulya siran sakit neki, wulya kadi wingi uni, /61/ puteri Ayu Sekardadu, sang nata kelangkung suka, ningali mering sang puteri, tinambanan warase sekala dadang.

۩۩۩ 43 ۩۩۩

Sang puteri nuli den kerama, dumateng Molana singgih, ing negara Belabangan, punika enggal pinelih, Molana Ishaq mengkoni, ngadek perabu, anom sampun, kang anut Molana Ishaq, pinerdi agama suci, sampun kathah kang manjing agama islam.

۩۩۩ 44 ۩۩۩

Risampune lama-lama, Molana Ishaq matur aji, adhuh gusti rama nata, mugi gusti amereni, anyembah kelawan muji, ing berahala dewa ratu, peryugi paduka nyembah, ing Allah kang maha suci, gih punika kang damel pejah lan gesang.

۩۩۩ 45 ۩۩۩

Sang nata tumulya /62/ duka, talingan kadiya sinebit, wedana kadiya sinepang, kang netera melerok andik, kerut-kerut ponang lathi, pedhange nulya den unus, sang nata nulya ngendika, pedhange sarwi den-isis, pesthi mati katiban astaningwang.

۩۩۩ 46 ۩۩۩

Ningali Molana Ishaq, mering sang nata rama aji, punika angunus pedhang, karsane badhe menjahi, Molana melayu gendering, nusup alas munggah gunung, garwane tinilar wawarat, sampun wonetn pitung sasi, berebes mili sang puteri, oneng pungkuran.

PUPUH 04
Pangkur

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Molana Ishaq umpetan, oneng wana, ing panggonan ingkang sepi, tan ana jalma kang weruh, Molana nulya nenedha, mering Allah Pangeran kang /63/ maha agung, tinarima panedhannya, Belabangan akeh gegering.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Isuk lara sore pejah, sore lara esuk pan samiya mati8, langkung sungkawa sang perabu, wadiya nira kathah pejah, tinulakan gegering pan saya aseru, sang nata ing Belabangan, tanpa dhahar tanpa guling.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Delenge seri nara nata, daya iki anak ingsun nini puteri, wawarattane kang kinadhut, akariya ing gara-gara, lamun babar sun buwang segara besuk, risampunne lama-lama, wawaratan bebayi lahir.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Miyos jalu putra nira, cahyanira lir kadi emas singling, sang jabang bayi sinambut, nulya binuwang semudera, winadhahhan pethi tumulya linarung, inguncelaken ing toya, pan deres ilining werih.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Ning segara lembak-lembak, angin /64/ rebut rineksa dening Yang Widi, wanten malih kang rinuwus, nenggih wonten perahu dagang, nganti toya dangu denira alabuh, ningali pethi kumambang, setija nulya den ambil.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Kang pethi nulya binuka, pan wus menga pethi isi jabang bayi, jalu werna nira bagus, anenggih namgkuda nira, pedangange Nyai Gedhe Patih ika, semana kinon adagang mering negara ing Bali.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Selamine gennya dagang, Ki Nangkuda mering negara ing Bali, datan manggih ing pakewuh, sumerta tan mawi tuna, nulya karsa nangkuda layaran, dumateng Tandhes negara, pan ico sinilir angin.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Datan kawarna ing marga, lampahira sampun dumateng ing Geresik, prahu pan sampun labuh, nangkuda tumulya munggah, mering dharat /65/ bebayi den bekta sampun, tumulya den aturane, ing Nyahi Gedhe Pinatih.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Nyi Gedhe Patih tetannya, ing nangkuda anake sapa puniki, nangkuda enggal umatur, punika angsal kawula, neng segara amanggih katut ing arus, pelabuhan Belabangan, tumibul wadhahe pethi.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Pan kelangkung bungahira, ing manahe Nyai Gedhe Pinatih, dene datan derbe sunu, ing mangke amanggih anak, pan tumulya ing ngaranan Raden Paku, Nyi Gedhe langkung gumatiya, dumateng puterane singgih.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Ingkang putera sinusuwinan, datan purun anging ngmuk deriji, punika ingkang sinusu, malah kantos pitung dina, putera nira sinusunan datan purun, tumulya den alapena, ing toya susune kambing.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

/66/ Genti ingkang cinarita, malih cukap Molana Ishaq sanggih, mantuk mering Pasyeh sampun, pinanggih anak lan kadang, nanging garwa punika pan wus lampus, kantung puterane kalih pisan, adhuh anak ingsun iki.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Adhuh anak ingsun nyawa, apan sira ya ingsun wertane, ing tanah Jawa puniku, ana sanak kadangira, pan punika Raden Rahmat namanipun, ing negara Surabaya, padhukuhan Ngampel Gadhing.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Ngadek Sunan Waliyullahi, Raden Rahmat punika ingkang miwiti, islaming Jawa sedarum, amulang ngelmu sarengat, lan thareqat sumerta haqeqatipun, marentah ing wali ibdal, ing negara tanah Jawi.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Sampun angsal pitung /67/ dina, oneng wisma Molana nulya lalis, kathah wali ingkang rawuh, kutub kelawan ibdal, para ulama lan mu’min thasawuf, sedaya anyolatena, mering Molana Ishaq singgih.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Sawuse den saletena, pan binekta dumateng ing taman sari, para wali ngiring sedarum, gumuruh maca selawat, miwah anamaca tasbih lawan hamdu, ana ingkang maca Qur’an, ana ingkang muji tahlil.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Sampune sinarekena, Seh Molana ing taman Paseh negari, para wali samiya mantuk, dateng wismane dhewek, katun putera kekalih rembagan panika, lumapah anupal keli.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Sampun kesah saking taman, lalare kalih lampahe anupal keli, mudhun jurang munggah gunung, dugi /68/ tanah parsisiran, pan punika tanah Ngadan namanipun, nulya munggah palwa ika, alayar dumateng Keling.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Putera kalih nulya nupang, oneng palwa nangkuda sampun ngeripani, bukar jakar layar sampun, dumugi lahut seketera, apan eco baita ing lampahipun, layaran sawelas dina, dumugi Keling negari.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Wanten ing Keling negara, laminira angsal tigang dasa hari, umulya manggih perahu kang layar dumateng Jawa, nulya numpang putera kalihan punika, pan eca ing lampahira, baita semilir angin.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Putera kalih nulya numpang, ing daratan laju mering Surawesthi, Ngampel Denta kang jinujuk, datan kawarna ing marga, lampahira ing Ngampel pan sampun rawuh, pinanggih /69/ ing Kanjeng Sunan, uluk salam putera kalih.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Jeng Sunan ing Ngampel Denta, jawab salam tumulya, enggal nakoni, adhuh kawula atumut, tetannya ing jengandika, pinangkannya lawan sinten namanipun, kang perapta matur pertela, nami kawula Ngabdul Kadir.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Wadene rayi kawula, gih punika Dewi Sarah ingkang nami, rama kawula puniku, kang nama Molana Ishaq, nggih punika ing Paseh negaranipun, ing mangke sampun perlaya, nalika gesang wewerti.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Ing negara tanah Jawa, ingkang nama padhukuhan Ngampel Gadhing, ana sanak kadang ingsun, ingkang nama Raden Rahmat, pan punika ngadek sunan wali kutub, merentah ing wali /70/ ifdal, tur mulang ing ngelmu bathin.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Jeng Sunan Ngampel ngendika, jengandika pan inggih sedulur mami, bapa kawula sedulur, lawan bapa jengandika, Raden Rahmat Ngabdul Qadir dipun rangkul, samiya nangis tiyang kaliyan, katiga lawan kang rayi.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Genti kang cinarita, pan kocapa Raden Jakandar mertapi, amesu ing raganipun, ning Demung gi gennya mertapa, pan wus lama angsalipun bentur laku, jinujung mering Pangeran, keramat tur dadi wali, jinujung mering Pangeran, keramat dadi wali.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Jejuluk Sunan Melaya, Ki Jakandar tan putus denya mertapi, sumeja bekti Yang Ngagung, nanging tapa oneng wisma, Ki Jakandar badannya pan sampun /71/ mungkur, ngadhepaken ing akherat, berongta mering Yang Widdhi.

PUPUH 05
Asmaran

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Kocap malih Ngabdul Kadir, punika sampun akerama, Ni Dewi Isah garwane, puterane sunan Jakandar, sawusira lama-lama, Ngabdul Kadir pan dinunung, ngimani Cerebon negara.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Dhedhukuh ing Gunung Jati, Ngabdul Kadir duk semana, ambentur laku karsane, anging tapa oning wisma, tigang sasi datan dhahar, tinarima ing Yang Agung, apan dadi waliyullah.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Nama Sunan Gunung Jati, wus kathah wong manjing islam, tepis wiring dhukuhane, akeh ajar kepelajar, kang tan anut ing agama, nusup alas munggah gunung, ajrih kinon manjing islam.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Kanjeng Sunan Gunung Jati, lama-lama apeputera, kekalih nenggih puterane, ingkang sepah ika pirya, Ngabdul Jalil namanira, dene putera kang weruju, pawesteri nama Supiyah.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Wanten kang winuwus malih, tedhak saking Rasulullah, tetiga sami piryane, Sayid Mahsin kang setunggal, kaping kalih Sayid Ahmad, Halifah Husen kaping telu, tanah Yaman wismanira.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Wonten kesah dateng Jawi, tan kawarna lampahira, dumugi tanah Jawane, ing negara Surabaya, jujuk dhukuh Ngampel Denta, pinanggih Kanjeng Sinuwun, uluk salam wong tetiga.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Jeng Sunan jawab tumuli, salame wediya kang perapta, enggal Jeng Sunan wiyose, dhuh sanak kawula tannya, /73/ saking ngendi penangkanya, lawan siten namanipun, kang perapta matur pertela.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Sayid Muhsin nama mami, anenggih recang kawula, Khalifah Husen namane, kelawan Ki Sayid Ahmad, ing Yaman ingkang negara, dateng kawula pan estu, nyuwita dateng panduka.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Sumeja sinahu ngelmi, syarengat lawan tareqat, apadene haqeqate, Sunan nulya ngendika, dhuh nyawa sanak kawula, wong gelmu yen kurang laku, punika tanpa gaweya.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Nulya matur Sayid Muhsin, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, mugi angsala pandongane, ing luhur kawula sedaya, sumerta pandonga tuwan, puruna ambentur laku, ekalasha mering Pangeran.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Tumulya winulang singgih, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, Muhsin miwah /74/ rejange, minuruk ngelmu sarengat, tareqat lawan haqeqate, sedaya pan sampun putus, ing lafath miwah ing makna.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Kanjeng Sunan Ngampel Gadhing, ing putera kang sepah wus kerama, Siti Syarifah namane, kambil garwa Haji Ngusman, putrane Raja Pandhita, datan lama dhedhukuh, kapernah ardi Manyuran.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Haji Ngusman bangun teki, amesu ing raga nira, Mandhalika gen tapane, tanpa angsal tigang wulan, jinujung mering Yang Agung, sinung derajat waliyullah.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Sawusira lami-lami, Haji Ngusman apeputera, satunggal jalu puterane, ing ngaranan Amir Hasan, den Siti Muthmainah, puterane Kanjeng Sinuwun, padhukuhan Ngampel Denta.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

/75/ Punika apala kerami, nenggih ingkang ngambil garwa, Ki Sayid Muhsin namane, oneng alas dhedhekah, tumulya ambentur tapa, amesu ing raganipun, ardi Pegat gennya tapa.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Ora sare kala wengi, ngabekti mering Pangeran, ora dhahar ing rinane, amerangi napsu hawa, sampun angsal tigang wulan, tinarima derajat waliyullah.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Sampun nira lami-lami, Sayid Muhsin apeputera, satunggal jalu puterane, ingaranan Amir Hamzah, ana dene Siti Hasyfah, puterane Kanjeng Sinuwun, padhukuhan Ngampel Denta.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Punika apala kerami, nenggih ingkang ngambil garwa, Ki Sayid Ahmad namane, datan lama adhedhekah, kapernah ardi Kamelaka, tetapi tanderbe sunu, dadi lampah /76/ amertapa.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Sayid Ahmad amertapi, nanging tapa oning wisma, kelangkung mati ragane, dhatan dhahar datan nedera, anyegah ing napsu hawa, sampun angsal tigang satun, sinung derajat waliyullah.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Sampun putus gene tapi, anyegah ing napsu hawa, anetepi ngibadahe, ngadhepaken maring Allah, kadonnyan sampun tininggal, siyang dalu rukung sujud, ngabekti maring Pangeran.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Ana dene Raden Ibrahim, puterane ing Kanjeng Sunan, Ngampel Denta dhukuhane, punika apala kerami, Dewi Irah garwa nira, Ki Jakandar kang sesunu, lama-lama apeputera.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Puterane Raden Ibrahim, pawetersi amung satunggal, Ni Dewi Rahil namane, Ibrahim nulya pinernah, ngimani Lasem lan Tubin, oning Bonang /77/ adhedhukuh, tumulya ambentur tapa.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Raden Ibrahim mertapi, ardi Gadhing gennya tapa, kelangkung mati ragane, tanpa sare tanpa dhahar, anyegah ing napsu hawa, nyinggahi haram lan mekeruh, fardlu sunah tan tiningal.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Sampun angsal tingang sasi, tinarima ing Pangeran, Raden Ibrahim tapane, sinung derajat waliyullah, nama Kanjeng Sunan Bonang, akeh wadiya ingkang anut, ngabekti maring Pangeran.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Wanten malih putera neki, Kanjeng Sunan Ngampel Denta, Raden Kasim namane, selagi dereng dewasa, ana dene putera nira, saking ampayan kang ibu, isteri kalih dereng kerama.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Wanten malih kang winarni, puterane Raja Pandhita, Ki Ngusman Haji namane, punika sampun akerama, Dewi /78/ Sari garwanira, puterane Raden Tumenggung, ing negara Wilatikta.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Datan lama Ngusman Haji, pan dinunung dadi iman, ing Jipang lan Ponolane, oning Ngudung adhedhekah, tumulya ambentur tapa, amesu ing raganira, mertapa ardi Jambanagan.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Ora dhahar kala hari, anyegah ing napsu hawa, ora sare ing wengine, ngibadah maring Pangeran, fardlu sunah tan tininngal, suminggah ing haram mekeruh, tumajuh maring Pangeran.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Sampun angsal tigang sasi, lah punjul sedasa dina, Ki Ngusman Haji tapane, tinarima ing Pangeran, sinung derajat waliyullah, nama Kanjeng Sunan Ngudung, lama-lama apeputera.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Amung kalih putera /79/ neki, putera kang sepah punika, Dewi Sujinah namane, kang weragil ya pirya, Amir Haji namanira, dene Nyahi Tandha ika, puterane Raja Pandhita.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Punika sampun akerami, nenggih kang ngambil garwa, Halifah Husen namane, dinunung imam Medura, dhedhukuh ing Kertayasa, lama-lama asesunu, pan jalu amung satunggal.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Halifah Mungra kang nami, Halifah Husin tumulya, ambentur laku karsane, ardi Yadhi gennya tapa, tanpa sare tanpa dhahar, sampun angsal tigang santun tinarima ing Pangeran.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Sinung derajat dadi wali, nama Sunan Kertayasa, wus akeh ika rewange, kang manjing agama islam, wonten malih cinarita, puterane Raden Tumenggung, ing negara Wilatikta /80/.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

Ingkang nama Raden Sahid, punika sampun akerama, Ni Dewi Sarah garwane, puterane Molana Ishaq, apan tunggal ibu rama, kelawan Kanjeng Sinuwun, ing gunung Jatipura.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Raden Sahid asesiwi, tiga sami jalu nira, kang sepah Raden Sangid namane, pawesteri ingkang penengah, Dewi Rukiyah kang nama, isteri malih rakilipun, Dewi Rufingah namanya.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Raden Sahid kinon ngimani, ing Dermayu lan Manukan, ing Kalijaga pernahe, sampun nira lama-lama Raden Sahid temanira, tumulya ambentur laku, inmg Pulupeh gennya tapa.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Sampun angsal tigang sasi, lan punjul sedasa dina, tinarima ing Gustine, sinung derajat waliyullah, nama Sunan Kalijaga /81/, akeh wadiya ingkang anut, ngabekti maring Pangeran.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Wus putus gennya mertapi, Kanjeng Sunan Kalijaga, nanging tapa oneng wismane, rahina tan mawi dhahar, wengine tan mawi nedera, kadonyan pan sampun mungkur ngadhepaken ing akerat.

۩۩۩ 39 ۩۩۩

Kocapa Den Ngabdul Jalil, lawan Amir Hasan ika, Den Amir Haji rewange, Den Sangid lan Amir Hamzah, punika sami nyuwita, dumateng Kanjeng Sinuwun, padhukuhan Ngampel Denta.

۩۩۩ 40 ۩۩۩

Pan bocah gangsal punika, oning dhukuh Ngampel Denta, raden Kasim pembateke, pan sinahu ngaji Qur’an, Kanjeng Sunan ingkang mulang, sedaya pan sampun putus, tumulya winulang kitab.

۩۩۩ 41 ۩۩۩

Wonten malih kang winarni, kanggo /82/ neng Tnadhes negara, Rahaden Paku namane, Nyi Patih kang gadhah putera, wus umur limalas warsa, maca Qur’an sampun putus, tumulya sinahu kitab.

۩۩۩ 42 ۩۩۩

Raden Paku mireng warti, ing negara Surabaya, Ngampel Denta dhukuhane, wanten pandhita ngulama, amulang ngelmu sarengat thareqat haqeqatipun, nama sunan waliyullah.

۩۩۩ 43 ۩۩۩

Raden Paku matur aris, dumateng ing ibu nira, mengkana atur wiyose, ibu kawula mireng warta, ing negara Surabaya, wonten ngulama pinujul, nama sunan wliyullah.

۩۩۩ 44 ۩۩۩

Kang ngendika aris, adhuh anak ingsun nyawa, pan ora salah wartane, iya ika waliyullah, ingkang nama Raden Rahmat, jejuluk Jeng Sunan Maqdum, dhedhukuh ing Nganpel Denta.

۩۩۩ 45 ۩۩۩

Raden Paku atur neki, dumateng ing ibu nira, kawula kesh ing mangke, gadhahi karsa nyuwita, dateng Sunan Ngampel Delta, ananging kawula suwun, ibu ingkang maserahena.

۩۩۩ 46 ۩۩۩

Kang ibu amuwus aris, adhuh anak ingsun nyawa, apa sang karsamu bahe, pan ingsun tan mawi mulang, Raden Paku nulya mangkat, kang ibu nulya tut pungkur, tan kawarna oning marga.

۩۩۩ 47 ۩۩۩

Dumugi ing Ngampel Gadhing, pinanggih ing Kanjeng Sunan, Nyi Patih alon ature, apan sarwi awot sekar, gusti sedateng kawula, sumeja sohan pukulun, sumerta maserahana.

۩۩۩ 48 ۩۩۩

Maserahana kawula gusti, dateng ing anak kawula, mila nyuwita /84/ karsane, sumeja sinahu kitab, ginawe perabot ngibadah, Kanjeng Sunan nulya muwus dateng Nyai Patih ika.

۩۩۩ 49 ۩۩۩

Eh Nyai Gedhe Pinatih, ana ngendi anakira, Nyi Patih enggal ature, wedene anak kawula, ing mangke wanten ing jab, ngakub ngadhepi kanjeng serut, mugi tuwan timbalana.

۩۩۩ 50 ۩۩۩

Raden Paku den timbali, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, tumulya enggal datengi, mara seba sarta nyembah, Jeng Sunan kendel sekala, kengetan tamu kang rawuh, kang nama Mulana Ishaq.

۩۩۩ 51 ۩۩۩

Kanjeng Sunan Ngampel Gadhing, ngendika dateng Nyi Patinya, mangkene pangendikane, eh Nyahi apa nyata, bocah iki anakira, apa anak olih mupu, Nyi Patih matur pertela.

۩۩۩ 52 ۩۩۩

Ing /85/ purwane putera neki, tinurut sedayanira, Jeng Sunan mireng ature, Nyi Gedhe Pinatih ika, Jeng Sunan eling santayan, warta saking Toyaarum, ana sayid saking Ngarab.

۩۩۩ 53 ۩۩۩

Molana Ishaq kang nami, punika apala kerama, nenggih kang dadi garwane, puterane seri nara nata, ing negara Belabangan, kang garwa wawarat sampun sepuh, punika tinilar kesah.

۩۩۩ 54 ۩۩۩

Wus jangkep ing sasi neki, wawarat tan bebayi babar, jalu tur bagus warnane, tumulya sinebut enggal, kaliyan seri nara nata, winadhahan pethi sampun, binucal dhateng segara.

۩۩۩ 55 ۩۩۩

Sunan Ngampel muwus aris, ing Nyi Gedhe Patih ingsun ika, eh Nyi Patih ingsun kiye, yen mangkono aturira /86/, iya melu ngaku anak, ing anakira si Paku, Nyi Patih nulya wot sekar.

۩۩۩ 56 ۩۩۩

Nyi Patih umatur aris, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, mengkono atur wiyose, dhuh gusti sumangga karsa, kawula dermi kemawon, angadhah anak si Paku, nanging tuwan kang peryuga.

۩۩۩ 57 ۩۩۩

Amupu ing anak mami, miwah mulang tata kerama, sumerta mulang ngelmune, syarengat Nabi Muhammad, tareqat lawan haqeqat, punika jengandika wuruk, kawula paserah ing tuwan.

۩۩۩ 58 ۩۩۩

Den Paku winulang ngaji, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, wus putus ngelmu sedayane, syarengat lawan thareqat, sumerta ngelmu haqeat, tumulya winulang suluk, ing wirid napsu badaniyah.

۩۩۩ 59 ۩۩۩

Pan genti ingkang winarni, kocapa kang /87/ ana Palembang, Rahaden Patah namane, puteranipun Berawijaya, nata perabu Majalengka, punika gadhah sedulur, pan tunggal ibu kewala.

۩۩۩ 60 ۩۩۩

Raden Husen ingkang nami, samana sami rembagan, Raden Patah lan rayine, sumeja kesah nyuwita, dumateng ing Ngampel Denta, putera kalih sampun rembug, tumulya enggal pamitan.

۩۩۩ 61 ۩۩۩

Pamit mering bupati, ing tanah Palembang negara, Ki Arya Damar nemane, pamit sampun rindhanan, putera kalih nulya mangkat, datan kawarna ing enu, wus dateng ing enu, wus dateng ing Surabaya.

۩۩۩ 62 ۩۩۩

Jujuk dhukuh Ngampel Gadhing, wus panggih ing Kanjeng Sunan, Raden Patah lan rayine, mara seba nulya nyembah, sumerta nyukemi pada, Kanjeng Sunan nulya muwus, adhuh nyawa ingsun tetanya, Raden Patah lan rayine, mara seba nulya nyembah.

۩۩۩ 63 ۩۩۩

/88/ Pinangkannya saking ngendi, lawan sinten westanira, Den Patah alon ature, dhuh gusti westa kawula, sinembah ing Raden Patah, rayi kawula punika, Raden Husen westanira.

۩۩۩ 64 ۩۩۩

Ing Palembang wisma mami, pernah puterane sang nata, Majalengka negarane, ingkang nama Berawijaya, wodene rayi kawula, punika tunggal ibu, kang rama perabu Palembang.

۩۩۩ 65 ۩۩۩

Sedhateng kawula punika, sarta sedherek kawula, mila nyuwita yektose, dumateng ing Kanjeng Sunan, sumerta seja kawula, angulati ngelmunipun, ngibadah maring Pangeran.

۩۩۩ 66 ۩۩۩

Tumulya winalang ngaji, Raden Patah ing Jeng Sunan, apan gangsar pengajine, wus putus amaca Qur’an, tumulya winulang kitab, dene Raden Husen /89/ ika, apan dhedhel penhajine.

۩۩۩ 67 ۩۩۩

Raden Patah sampun ngarti, sedaya ngelmu syarengat, apa dene tareqathe, sumerta ngelmu haqeqat, ngibadah tan mawi pegat, sunate miwah kang fardlu, haram amkeruh dipun tinggal.

۩۩۩ 68 ۩۩۩

Sapin nira lami-lami, Den Husen micareng nala, keperiye saking karepe, pun kakang Rahaden Patah, teka jungkung maca kitab, kaya dudu terahing perabu, ora mikir panjenengan.

۩۩۩ 69 ۩۩۩

Raden Husen matur angelis, dumateng ing raka nira, adhuh kakang kaya periye, nyuwita ing Kanjeng Sunan, oning dhukuh Ngampel Denta, angulati ngelmunipun, ngibadah pan sampun cekap.

۩۩۩ 70 ۩۩۩

Nanging saking karsa mami, sumangga kakang nyuwita, dumateng /90/ Majalangune, ing sang perabu Berawijaya, angulati kertiyasa, menawa pinanggih besuk, bisa mengku panjenengan.

۩۩۩ 71 ۩۩۩

Raden Patah muwus aris, dumateng ing rayi nira, dhuh yayi lungaha dhewe, nyuwita dateng sang nata, perabu agung Majalengka, nanging ingsun nora melu, meksih momong ing salira.

۩۩۩ 72 ۩۩۩

Raden Husen matur nuli, dumateng kang raka, mangkana atur wiyose, dhuh kakang sediya kawula, nyuwita ing Majalengka, punika pan boten wurung, nanging panuwun kawula.

۩۩۩ 73 ۩۩۩

Mugi kakang angideni, ing sedaya kawula punika, angsale saking berkate, ing Jeng Sunan Ngampel Denta, Raden Husen pamit enggal, dumateng Kanjeng Sinuwun, kanthi /91/ pamit ingkang raka.

PUPUH 06
Kinanti

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Raden Husen pamit sampun, ing Jeng Sunan Ngampel Gadhing, lan malih pamit kang raka, apa sampun den ridloni, Raden Husen nulya mangkat, lumampah tan mawi kanthi.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Mandheg mayong, lampahipun, tumulya anolih buri, wis tebih dennya lumampah, kang raka sampun kawingking, Raden Husen gagacangan, lumampah tan nolih buri.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Datan ka warnaning enu, Raden Husen alapah neki, wus dateng ing Majalengka, tumulya sohan nerpati, seri nalendra Berawijaya, nata perabu Majapahit.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Raden Husen awot santun, padha nata den sungkemi, sang nata kaget /92/ tumingal, kengetan puterane singgih, kang nama Ki Arya Damar, sang nata amuwus aris.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Adhuh ngawusira kulup, pinangkannya saking ngendi, lawan sapa aranira, Raden Husen matur aglis, anenggih wisma kawula, ing tanah Palembang negari.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Wadotan kawula punika, Raden Husen wasta mami, anenggih bapa kawula, Arya Damar ingkang mami, sedateng kawula punika, sedaya nyuwita jeng gusti.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Sigegen ingkang winuwus, Sunan Ngampel kocapa malih, punika anggadhah putera, kekalih pan sami isteri, ibune saking ampayan, puteranipun Ki Bang Kuning.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Dene putera ingkang sepuh, Murtasiyah ingkang nami, punika apala kerama, Raden Paku garwa neki /93/, kang wisma Tandhes negara, putera Nyi Gedhe Patih.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Raden Paku nulya dinunung, ngimani Tandhes negara, Raden Paku nulya karsa, dhedhukuh wanten ing Giri, Raden Paku bangun tapa, amesu ing raga neki.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Mertapa wanten ing gunung, ardi Tukangan kang nami, sampun angsal tigang wulan, lan punjul sedasa hari, tinarima ing Pangeran, sinung derajat wali.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Ing mangke Rahaden Paku, dadi nama Sunan Giri, apan kathah rewangira, kang anut agama suci, sawusira lama, Raden Paku asesiwi.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Sekawan sedayanipun, puterane Jeng Sunan Giri, putera jalu ingkang tiga, kang satunggal ika isteri, ana dene ingkang sepah, Raden Perabu ingkang /94/ nami.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Dene putera kang panggulu, kang nama Raden Misani, dene malih rayinira, Raden Guwa ingkang nami, rayine malih punika, isteri nama Ratnawati.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Murtasimah kang winuwus, putera Sunan Ngampel Gadhing, ibune tunggal ampeyan, punika apala kerami, Raden Patah garwa nira, puteranipun seri bupati.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Berawijaya Majalangu, puteri Cina ibu neki, Raden Patah nulya dhukuh, Bintara pernah negari, dinunung yen dadi imam, ing Demak lawan ingeradin.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Raden Patah bentur laku, amesu ing raga neki, nanging tapa oning wisma, ora dhahar ing raga neki, nanging tapa oning wisma, ora dhahar kala hari, wengine tan mawi nedera, sampun angsal tigang sasi.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Jinujung /95/ maring Yang Ngagung, sinung derajad dadi wali, anama Sunan Bintara, wus kathah ing rencang neki, kang sami anut agama, ngibadah mering Yang Widi.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Raden Patah nulya sesunu, ika nenem kathah neki, jalu putera ingkang gangsal, kang setunggal ika isteri, ana dene ingkang sepah, Pangeran Purba kang nami.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Dene putera kang penggulu, Raden Teranggana kang nami, ingkang rayi namanira, Raden Bagus Sidakali, rayine malih punika, Gendhuruhan ingkang nami.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Dene putera kang weruju, isteri nama Dewi Ratih, wanten malih cinarita, putera Sunan Ngampel Gadhing, jalu kantun satunggal, ibune saking Tubin.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Raden Kasim namanipun, punika /96/ apala kerami, kang garwa Dewi Supiyah, putera Sunan Gunung Jati, Den Kasim nulya pinernah dadi imam kang pinaci.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Ing Lawang lan Sedayu, Derajat dhukuhan neki, tumulya ambentur tapa, Jongpangkah gennya mertapi, ora sare ora dhahar, sampun angsal tigang sasi.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Jinujung mering Yang Agung, sinung derajat wali, anami Sunan Derajat, pan wus kathah recang neki, Den Kasim nulya peputera, tetiga sedaya neki.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Pangeran Trenggana kang sepuh, panengah Pangeran Sandi, kang weruju Dewi Wuryan, genti malih kang winarni, kocapa Raden Amir Hasan, Haji Ngusman kang sesiwi.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Amir Hasan den ambil mantu, lawan /97/ Sunan Kalijaga, ana dene garwa nira, Rukiyah nenggih kang nami, kocap Raden Amir Hamzah, puteranipun Said Muksin.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Punika den ambil mantu, lawan Sunan Kalijaga, ana dene garwanira, Rupingah nenggih kang nami, Raden Sangid cinarita, putera Sunan Kalijaga.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Punika den ambil mantu, lawan Kiyahi Ngusman Haji, garwane Dewi Sujinah, punika nenggih kang nami, datan lama adhedhekah, oneng Murya pernah neki.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Raden Sangid bentur laku, amesu ing raga neki, mertapa ning Sapterangga, ora dhahar kala hari, wengine tan mawi nedera, sampun angsal tigang sasi.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Junujung mering Yang Agung, sinung derajat dadi wali, dadi nama Sunan Muriya, tumulya /98/ anggadah siwi, puterane jalu satunggal, kang nama Pangeran Sateri.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Den pernahe ing Kadilangu, jejuluk Pangeran Yehi, wonten malih cinarita, Raden Bagus Amir Haji, Sunan Ngdung kang peputera, punika apala kerami.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Dewi Ruhil garwanipun, Sunan Bonang kang sesiwi, Amir Haji nulya pinernah, dhedhukuh Kudus negari, Mir Haji tapa neng wisma, datan dhahar tigang sasi.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Junujung mering Yang Agung, sinung derajat dadi wali, nama Sunan Kudus ika, genti malih kang winarni, Ngabdul Jalil kang kocap, wong anom tan purun kerami.

PUPUH 07
Roning Kamal

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Ngabdul Jalil kang kocapa, putera Sunan Gunung Jati, punika tan purun kerama, meksih ngaji wahdah tauhid, lawan ngemu usuluddin, lawan ngaji ngelmu junum, lawan ngaji ngelmu makripat, lawan ngaji ngelmu sufi, ingkang mulang Kanjeng Sunan Ngampel Denta.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Wahdah tauhid tegesira, kawula tunggal lan gusti, tunggalle tanpa kapokan, pan kupule dadi siji, ing dalem kalimah takbir, mujajah maring Yang Agung, tan ana gusti lan kawula, lebure papan lan tulis, pan sinepa jene awor lan tembaga.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Wose eling jenenge tembaga, wose kari rupaning jene, ananging ingkang gemebeyar, iya cahyananipun jene-jene, nanging sira den nestiti, pesemon /100/ kang kaya ika, pan aja keliru tapa, kang dudu dipun arani, malih mandar selamet imanira.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Usuluddin tegesira, wiwitane wong musafir, tegese musafir ika, lumampah maring Yang Widi, ananing Allah barengi, ing kawula lampahipun, lumampah tan mawi pisah, kawula kelawan Gusti, pan sinepa wawangan lawan manusa.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Ngelmu junum tegesira, kawula tan eling dhiri, kedanan maring Pangeran, dene sipat rahman rohim, tegese rohaman puniki, peparing tanpa jinaluk, sedya kang darbe nyawa, iya pinaringan rizqi, peparinge kelawan kersane dhewek.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Sifat rohim tegesira, Gusti Allah kang welas asih, asihe dateng kawula, pan /101/ inggih ing benjing akhir, ing donya sampun ketawis, asihe kang maha agung, dumateng kawula nira, kang sinung iman sayekti, pinaringan hidayah saking Pangeran.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Edane kawula ika, dumateng kang maha suci, ora edan zawal ngakal, balik edan donya mikir, maring ingkang maha suci, mung satunggal wujudipun, ananging kawula nira, satingkah polahe pesthi, bebarengan ing Allah kang maha mulya.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Tegese ngelmu makripat, lamun sira arep uneng, dumateng Allah tangala, aningalaha ing dhiri, bisa wujud peribadine, sumerta wujude suwung, cangkeme tan bisa ngucap, mata kalih tan ningali, sumerta badane /102/ tan bisa polah.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Sedaya tingkah jalma, miwah ngocap lan ningali, punika Allah karya, manusa iya barengi, ananging datan dayani, kawula pertikahipun, mung Allah kang maha mulya, anduweni sifat qodir, pan pinesthi wiyude Allah tangala.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Ngelmu sufi tegese, anuceni maring ati, ambuwang ngujub lan riya, miwah sumngah lawan kibir, ati mang-mang lawan bahil, sirik kafi lawan hasud, sedayane marenana, ngagoha ati kang bening, sabar lila tawekal maring pangeran.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Wus putus ngelmu sedaya, Raden bagus Ngabdul Jalil, tumulya enggal pamitan, ing Jeng Sunan Ngampel Gadhing, pamitan dipun /103/ ridhoni, Ngabdul Jalil mangkat sampun, datan kawarna ing marga, ing Jepara sampun perapti, adhedhukuh dul neng Siti Jenar.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Ngabdul Jalil amertapa, amesu ing raga neki, rahina tan mawi dhadhar, ora sare kala wengi, ora ana kang pinikir, mung Allah kang Maha Agung, ika sipat Qidam Baqu, wujude dhohir lan batin, Gusti Allah nyeratani mering kawula.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Ganti ingkang cinarita, kocap Sunan Ngampel lalis, para wali dateng sedaya, pada nyalataken sami, Sunan Giri kang ngimani, para wali makmun sedarum, sawuse den sholatena, inarekaken tumuli, pasarehane ana lor wetane pendapa.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Pepekan wali sedaya, Sunan Bonang /104/ lawan Giri, lawan Sunan Kalijaga, Derajat lan Gunung Jati, Murya Kudus lawan Wisi, Manyoran Demak lan Ngdung, Melaya lan Kertayasa, oneng dhukuh Ngampel Gadhing, pirembugan jenengaken ing khalifah.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Sunan Giri angendika, dateng sekeh para wali, boten wonten kang peryoga, dadi khalifah agama, mung Sunan Demak negari, peryoga jumeneng perabu, lah ta padha seksenana, Sunan Demak dadi aji, para wali padha ngamini sedaya.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Pan sampunira mangkana, Sunan Demak kersa mulih, dumateng negara Demak, para wali sami ngiring, tan kawarna oneng margi, ing Demak pan sampun rawuh, /105/ Jeng Sunan Demak ngendika, dateng sekeh para wali, sanak-sanak sumangga sami rembagan.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Adege agama islam, kuwajiban perang sabil, wus kocap ing dalem Qur’an, miwah Hadis Kanjeng Nabi, lah padha rembagan sami, angerubut si Malangu, kapire kawak kumuwuk, tan anut agama suci, para wali punika rembak sedaya.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Kanjeng Sunan Jati Pura, matur dateng Sunan Giri, yen sampun rembak sedaya, akathahe para wali, pan sinten ingkang perayogi, dadi tindih perang pupuh, angrebbut ing Majalangu, nulya dawuh Sunan Giri, Sunan Ngudung ingkang dadi senapatiya.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Para wali sampun rembak, Ngdung dadi sena /106/ pati, angrebut ing Majalengka, kersaning Jeng Sunan Giri, ananging dipun paringi, prajurit mung pitung ewu, sarta modin kawandasa, lan malih dipun kantheni, Amir Hasan puterane Sunan Manyoran.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Lan malih Amir Hamzah, puterane Jeng Sunan Wilis, wuse pepek para punggawa, sumerta praboting jurit, gagaman tumbak lan keris, sinapan kelawan kestul, ana ingkang gaman pedhang, miwah ana gaman bedhil, miwah ana ingkang gwa gaman tumbak.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Pan genti cinarita, Arya Tanduran winarni, ing negara Majalengka, punika anggadhah siwi, tetiga sedaya neki, dene putera ingkang sepuh, anama Ki Gajah /108/ Mada, kang penengah nama neki, Gajah Wila kang weragil Gajah Sena.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Putera tiga sedayanira, pan sami dadi patih, pepatihe Berawijaya, nata perabu Majapahit, Gajah Mada kang meriksani ing perkara para padu, dene patih Gajah Wila, pajegan dipun periksani, Gajah Sena kang meriksani perjurite.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Dene puterane sang nata, Raden Gugur ingkang nami, punika wus pinaringan, nama Pangeran Dipati, oneng dalem Majapahit, kinarya wakil sang perabu, Raden Gugur sampun putera, kalih sami jalu neki, ingkang sepuh anama Lembu Niseraya.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Ingkang ragil nama, Lembu Kanigara singgih, kersanipun Berawijaya, nata perabu Majapahit, kang /109/ wayah kalih puniki, sinungan nama Tumenggung, oneng kitha Majalengka, mrentah arya lan manteri, wanten malih inggih putera saking Palembang.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Puterane Ki Arya Damar, Raden Husen ingkang nami, nyuwita maring sang nata, Berawijaya Majapahit, Raden Husen den paringi, dadi dipati ing Terung, jejuluk Ki Pecat Tandha, wanten malih kang winarni, ingkang nama Rahaden Dhandhnag Wecana.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

Putera saking Panaraga, pernah ipe mering sang aji, nyuwita mering sang nata, Berawijaya Majapahit, punika dipun paringi, ing lenggah nama Tumenggung, oneng kita Majalengka, Dhadhang Wecana sesiwi, putera jalu punika /110/ amung satunggal.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Raden Banjar ingkang nama, ngadek arya oneng Tingkir, jejuluk Dhadhang Wurahan, wanten malih kang winarni, pernah ipe maring sang aji, Berawijaya Majalangu, ingkang nama Wulung Kembang, nyuwita ing Majapahit, sinung nama Tumenggung oneng Berangkal.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Sigegen kang cinarita, Sunan Ngudung kocap malih, badhe kesah bandayuda, angrebut si Majapahit, gegaman sampun mireti, tumulya Jeng Sunan Ngudung, angago rasuka zimat, ontakesuma kang nami, riseksana Sunan Ngudung pamit enggal.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Pamita mering sang nata, Sunan Demak ingkang nama, pamit sampun rinidhonan, tumulya lumampah /111/ agelis, Jeng Sunan Ngudung anitih, kuda ules jajan biru, den iringi para punggawa, tamtama perjurit manteri, pan gimerebeg lampahe wong andon yuda.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Jeng Sunan Ngudung ning ngarsa, sinahuban songsong kuning, gendera sampun binebyar, ing ngarsa miwah ing wingking, bendhene sampun tinitir, gunung beri muniya gumuruh, surake kadiya muniya ampuhan, surake wong andon jurit, Amir Hasan anitih kuda pelangka.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Ana dene amir Hamzah, kuda rajeg kang titihi, Amir Hasan oneng kanan, songsonge gadhung melathi, Amir Hamzah oneng kering, apan pethak songsongipun, tan kawarna oneng marga, /112/ lampahe kang andon jurit, sampun dugi alas Tunggarana.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Jeng Sunan Ngudung mesanggerah sumerta perjurit, oneng alas Tunggarana, semana enggal anulis, nuwala panantang jurit, tan dangu nulya keperangguh, mantri ingkang nitih kuda, dipun adhang oneng margi, tinakonan mantri ingkang nitih kuda.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Ature kang nunggang jaran, kawula wong Majapahit, lurah dusun Cakar Ayam, bebedhok kidang lan kancil, kersane Seri Narapati, Berawijaya Majalangu, Sunan Ngudung angendika, dateng lurah nitih esthi, pasang yogyake lurah sira sun duta.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

Ngaturaken kang nuwala maring perabu Majapahit, nuwala sampun tinampan, Ki Lurah /113/ lumampah aglis, datan kawarna ing margi, wus perapta ing dalem pura, nuwala katur sang ngaji, duk semana sang nata lagi sineba.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Pepek kang para sentana, Tumenggung Arya lan Patih, nuwala enggal tinampan, maring perabu Majapahit, nuwala binuka aglis, tumulya winaca sampun, ungale kang ponang surat, ngalamat surat puniki, dumatenga ing sang perabu Berawijaya.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Wiyose kang punang surat, eh ta prabu Majapahit, lamun sira nyata lanang, lah ta payo tandhing jurit, ana dene aran mami, jejuluk Jeng Sunan Ngudung, kersane Sunan Bintara, kinon ngerusak Majapahit, lah sedaya /114/ perajurit ing Majalengka.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Mapaga neng Tunggarana, lamun sira bosen urip wus putus ungeling surat, sang nata ngendika aris, dumateng Kiyahi Patih, Gajah Sena namanipun, eh Ki Patih Gajah Sena, ika ana gaman perapti, saking Demak si Patah kang gawe pokal.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Kang ika sira sun duta, amapak gaman kang perapti, sumerta sira gawaha, perjurit rong puluh kethi, lan malihe sun kantheni, kang nama Ki Arya Jambul, perjurit saking Balega, puterane Jaran Panoleh, lah mangkata aja mundur tengahing rana.

PUPUH 08
Durma

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Gajah Sena pamitan mering sang nata, Berawijaya Majapahit, pamit sampun rinidhonan, ajujuk ing Tunggarana, pandi /115/ kanira sang aji, Ki Gajah Sena, umatur sendika Gusti.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Sampun mangkat Ki Gajah Sena punika, den iring perajurit manteri, miwah para tamtama, nulya beber kendera ing ngarsa miwah ing wingking, nebut tengara, kendhang gong kelawan beri.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Tan kawarna lampahira oneng marga, Tunggarana sampun perapti, bala islam wus katingal, nanging Gajah Sena, perajurite sawelas kethi, den anguhhen, kang sangang kethi amabantoni.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Ayon-ayonan wong islam lawan wong kopar, pan sigera bendhil-biledhil, panggah perajurit islam, anesug ing madya kopar, pan awor dadi satunggal-satunggal, pedhang-pinedhang , lan ana bedhik-binedhik.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Kathah pejah /116/ punggawa ing Majalengka, wong islam gih katah mati, banjir getih belabar, selur aserah watang, bangkene susun atindih, islam lan kopar, pan awor dadi sawiji.

۩۩۩ 07 ۩۩۩

Genambulana perajurit ing Majalengka, Gajah Sena aran mami, wadiya islam sedaya, payo tandhing ayuda, ayonana budi mami, barenga mara, mesthi yen ingsun tadhahi.

۩۩۩ 08 ۩۩۩

Amir Hasan amapag Ki Gajah Sena, payo tandhing padha siji, Gajah Sena angucap, maring Ki Amir hasan, lamun /117/ arep angayoni, sira tumbuka, sun tadhahi jaja mami.

۩۩۩ 09 ۩۩۩

Amir Hasan anumbak Ki Gajah Sena, panumbake wadi-wadi, ananging datan tumama, Amir Hasan angucap, ed perajurit Majapahit, sira malesa, anumbak dumateng mami.

۩۩۩ 10 ۩۩۩

Gajah Sena anumbak Ki amir Hasan, kena lambung ingkang kering, terus lambung ingkang kanan, Amir Hasan niba, tan dangu nulya ngemasi, Ki Amir Hasan, yudane sampun kecodhi.

۩۩۩ 11 ۩۩۩

Amir Hamzah amedali bodayuda, anempuh ajarak pat, kang raka Amir Hasan, apan sampun perlaya, Gajah Sena kang nelasi, Ki amir Hamzah, jaja bang lir metu geni.

۩۩۩ 12 ۩۩۩

Amir Hamzah /118/ apetak oneng payudan, eh perajurit Majapahit, kebat sira ngucap, lafth kalimah syahadat, yen tan ngocap sun pateni, Ki Gajah Sena, Amir Hamzah den parani.

۩۩۩ 13 ۩۩۩

Ayuh-yunan Gajah Sena lan Amir Hamzah, tumbak tinumbak wani, apan pedhang-pinedhang, genti gebang-ginebang, datan ana kang kecodhi, watang binuwang, agenti keris-kineris.

۩۩۩ 14 ۩۩۩

Gajah Sena oleh tandhing bodayuda, perejurit kang saking Wilis, anama Ki Amir Hamzah, kuwel dennya bodayuda, den bithi amales bithi, dugang-dinugang, pan genti jiwit-jiniwit.

۩۩۩ 15 ۩۩۩

Nulya medal Sunan Ngudung neng payudan, ambakta gegaman seking, miwah gawa tamtama, sami perawireng /119/ rana, Gajahe Sena dipun-byuki, tamat matiga, Sunan Ngudung kang nelasi.

۩۩۩ 16 ۩۩۩

Pan cinadak Ki Gajah Sena punika, Jeng Sunan Ngudung agelis, den seking walikatira, tatas terus ing jaja, tan dangu nulya ngemasi, Ki Gajah Sena, perjurit ing Majapahit.

۩۩۩ 17 ۩۩۩

Wadiya islam katun tigang dasa gangsal, bala kopar dateng malih, sangang kethi kathahira, saperaboting wong ngayuda, kegamanira miranti, wus ayun-ayunan, wong islam datan gumingsir.

۩۩۩ 18 ۩۩۩

Pan terengginas wong islam anulya nerajang, dumateng barisan kapis, nanging pinara tiga, sedasa nempuh ing kanan, kang sedasa nempuh kering, kang gangsal welas, /120/ anempuh tegah bebaris.

۩۩۩ 19 ۩۩۩

Pepuyengan punggawa ing Majapahit, tambuh mungsuh tanbuh kanthi, samiya tumbak-tinumbak, miwah pedhang-pinedhang, lawan kocapa rejang neki, kathah kang pejah, kang urip melayu gendering.

۩۩۩ 20 ۩۩۩

Raden Arya Jambul pan sampun lumajar, pelayu nira agendering, tan kawarna ing marga, wus dateng ing Majalengka, melebet ing dalem puri, sohan sang nata, matur nyembah sarwi nangis.

۩۩۩ 21 ۩۩۩

Gusti kawula kinarya tindhihing yuda, nanging bala sampun eting, Gajah Sena wus pejah, perjurite pan sampun telas, katun kawula ingkang urip, enggal lumajar, ngaturi periksa sewangaji.

۩۩۩ 22 ۩۩۩

Cinarita /121/ perjurit ing Majalengka, kathahe rong puluh kethi, kang ngiring Ki Gajah Sena, perang oneng Tunggarana, punika sami kecodhi, katun sedasa, pelayu nira gendering.

۩۩۩ 23 ۩۩۩

Samiya bubar punggawa Majalengka, wong islam lajeng sumikir, kedel ing wana Kerawang, katun tiyang sawelas, kang samiya perwireng jurit, samiya rembagan, utusan maring suwangaji.

۩۩۩ 24 ۩۩۩

Nulya mangkat marebut ingkang dinuta, ambekta kang ponang tulis, lampahira gegacangan, tan kawarna ing marga, Bintara pan sampun parepti, katur sang nata, surate wong andon jurit.

۩۩۩ 25 ۩۩۩

Wus tinampan, nuwala ing Kanjeng Sunan, /122/ tumulya binuka agelis, ungele kang ponang surat, gusti kawula dinuta, angrebut si Majapahit, wus kalampahan, perang pupuh lawan wong kapir.

۩۩۩ 26 ۩۩۩

wadiya kopar, kang pejah tanpa wilangan, wong islam kathah kang mati, katun wadiya sawelas, dene Ki amir Hasan, punika pan sampun lalis, panuwun kawula, dumateng paduka aji.

۩۩۩ 27 ۩۩۩

Gih paringa kitunan ing wadiya bala, sumerta peraboting jurit, dene wong Majalengka, bubar saking payudan, kawula lajeng sumingkir wanten ing wana, Kerawang ing pernah neki.

۩۩۩ 28 ۩۩۩

Yen sembada kelawan kersa panduka, wong kapir sun pukul malih, wus putus ungale surat, Kanjeng Sunan /123/ angendika, dumateng rekiyanapatih, Ki Ngabdul Salam, anenggik jejuluk neki.

۩۩۩ 29 ۩۩۩

Ngabdul Salam jengandika mepek bela, sumerta peraboting jurit, Sunan Ngudung utusan, anuwun bantoning bala, Amir Hasan sampun lalis, perajurit islam, pan kantun sawelas iji.

۩۩۩ 30 ۩۩۩

Sekathahe perjurit ing Majalengka, tanpa wilangan kang mati, kang urip pan samiya bubar, mudur saking payudan, Jeng Sunan Ngdung sumingkir, oneng Kerawang, nanging karsa yuda malih.

۩۩۩ 31 ۩۩۩

Rineksana Ki Patih nabuh tengara, bendhene penatang jurit, bubul kang wadiya tamtama, miwah para punggawa, demang lurah lan petinggi, dateng sedaya, merabot /124/ sikeping jurit.

۩۩۩ 32 ۩۩۩

Angendika Ki Patih mering tamtama, sumerta perajurit manteri, eh ta para punggawa, sang karsane sang nata, yen sira kinon bantoni ing badayuda, angrebut si Majapahit.

۩۩۩ 33 ۩۩۩

Nanging Sunan Ngudung sira ulatana, ing Kerawang pernah neki, apa saing parentah, amesthi sira anut, Sunan Ngudung senapati, kang pinercaya, dumateng paduka aji.

۩۩۩ 34 ۩۩۩

Para punggawa sedaya miwah tamtama, matur sendika gusti, kawula mesthi lumampah, saking kersa sang nata, punika pan sampun lami, angsal kawula, kepingin perang lan wong kapir.

۩۩۩ 35 ۩۩۩

Angendika sang nata mering Ki Patiya, patih ingkang /125/ dhawuhi, manteri miwah tamtama, ika Sunan Mayoran, kang dadi tindhihing jurit, pan kinarya, gentinipun putera neki.

۩۩۩ 36 ۩۩۩

Ingkang nama Amir Hasan wus perlaya, Gajah Sena kang mateni, mangke gumanti kang rama, Sunan Manyoran namanya, dipun dhawuhi Ki Patih Ngabdul Salam kersane panduka aji.

۩۩۩ 37 ۩۩۩

Haji Ngusman jengandika kawula duta, dadi tindihe perajurit, abantoni badayuda, amukul ing Majalengka, Haji Ngusman matur agelis, inggih sendika, genti malih kang winarni.

۩۩۩ 38 ۩۩۩

Pan kocapa Berawijaya Majalengka, ngendika dateng Ki Patih, eh Patih Gajah Mada, dika enggal utusan, dumateng negara Pengging, /126/ lan Ponaraga, jengandika kinon bantoni.

۩۩۩ 39 ۩۩۩

Gajah Mada tumulya enggal utusan, dumateng negara Pengging, lawan Panaraga, duta pan sampun mangkat, tan kawarna oneng mergi, lampahe duta wus perapta negara Pengging.

۩۩۩ 40 ۩۩۩

Nulya sohan utusan mering Dipatiya, Adiyaningrat ingkang nami, duta tumulya enggal, angaturaken nuwala, ingkang saking Majapahit, surat tinampanan, tumulya binuka agelis.

۩۩۩ 41 ۩۩۩

Tiningalan ijohane ponang surat, ungale sejeroning tulis, wiyose serat punika, kawula atur uninga, ing negara Majapahit, wus kahunggahan, mungsuh saking Bintara iki.

۩۩۩ 42 ۩۩۩

Yen sembada Ki Dipati Dayaningrat, enggal jengandika bantoni, /127/ ingkang wadiya bala, wus putus ungele surat, tumulya utusan angelis, nabung tengara, lan bendhe penatang jurit.

۩۩۩ 43 ۩۩۩

Samiya parepta punggawa miwah tamtama, demang lurah lan patinggi, perabote wong ayuda, Ki Dipati angendika, dateng sekeh para manteri, eh ta punggawa, ingsun arep abantoni.

۩۩۩ 44 ۩۩۩

Ing negara Majalengka kahawunggahan, mungsuh saking Bintara iki, sira padha ngiringa mering ing lakuning wong, dumateng ing Majapahit, abadayuda, mapag mungsuh ingkang perepti.

۩۩۩ 45 ۩۩۩

Aturira dumateng lurah tamtama,pan inggih sandika Gusti, tan dangu anulya mangkat, Dipati Dayaningrat, den iring punggawa manteri, miwah tamtama, gegamanira miranti.

۩۩۩ 46 ۩۩۩

Tan kawarna /128/ lampahira oneng marga, Majapahit sampun perapti, wonten malih kang kocapa, Arya Dhandhang wurahan, ingkang wisma oneng Tingkir, mireng kang warta, Rahaden Dipati Pengging.

۩۩۩ 47 ۩۩۩

Mangkat yuda abantobi Majalengka, semerta bala perjurit, Arya Dhandhang Wurahan, tumulya anyandhak watang, kudane kinon ngambili, anitih enggal, kuda nira den jumethi.

۩۩۩ 48 ۩۩۩

Kuda nerap kadiya angin lampahira, datan ing marga, Raden Dhandhang Wurahan, wus parepta ing Majalengka, ajujuk ing dalem neki, Dhandhang Wecana, nenggih wahu kang nami.

۩۩۩ 49 ۩۩۩

Cinarita utusan ing Majalengka, kesah mering Panaragi, datan kawarna ing /129/ marga, lampahe ponang utusan, wus perapti ing Panaragi, sohan sang nata, Bethara Katong kang nami.

۩۩۩ 50 ۩۩۩

Kang dinuta ngaturaken ponang surat, ingkang saking Majapahit, surat sampun tinampan, amulya enggal binuka, ungale kang ponang tulis, ngelamat surat, katur dumateng sang aji.

۩۩۩ 51 ۩۩۩

Ingkang nama sang ngaji Bethara Katong, ing ngera Penaragi, wiyose surat punika, kawula atur wuninga, ing negara Majapahit, wus kahunggahan, mungsuh saking Bintara iki.

۩۩۩ 52 ۩۩۩

Wadiya bala ing negara Majalengka, kathah kang mati, dene Ki Gajah Sena, pan inggih sampun perlaya, Bethara Katong sun purih kituna bala, tamtama kelawan /130/ manteri.

۩۩۩ 53 ۩۩۩

Sang Bethara Katong nulya kitun surat, utusan dateng Dipati, Luwanu ing wisma nira, duta pan sampun mangkat, datan kawarna ing marga, lampahe duta, Luwanu pan sampun perapti.

۩۩۩ 54 ۩۩۩

Nulya sohan duta saking Ponaraga, dumateng Raden Dipati, angaturaken nuwala, ingkang saking Ponaraga, nuwala tinampan agelis, nuwala binuka, ungele kang ponang tulis.

۩۩۩ 55 ۩۩۩

Ingkang surat katur Adipatiya, ing Luwanu wisma neki, wiyosipun ponang surat, kawula tampi nuwala, ingkang saking Majapahit, ing rama nata, Berawijaya Majapahit.

۩۩۩ 56 ۩۩۩

Kaunggahan mungsuh saking ing Bintara, Gajah Sena sampun /131/ lalis, saking kersa kawula, adhi ingkang lumampah, bantoni ing Majapahit, nanging jengandika, dateng ing Panaragi.

۩۩۩ 57 ۩۩۩

Ki Dipati utusan ngambil kuda, jaran saking Margawati, jajan biru ulessira, tumulya anyandhak warang, kudane dipun titihi, sinebat enggal, kena poke konthol neki.

۩۩۩ 58 ۩۩۩

Kuda ngerab lampahe kadiya maruta, datan kuwarna ing marga, wus parepta ing Ponaraga, Rahaden Dipati enggal, melebet ing dalem puri, panggih kang raka, nulya lenggah tiyang kalih.

۩۩۩ 59 ۩۩۩

Sang Bethara Katong anulya angendika, dumateng wahu kang rayi, adhi sedhateng dika, kawula purih lumampah, bantoni ing Majapahit, anak kawula, /132/ Bethara Sudira kang nami.

۩۩۩ 60 ۩۩۩

Adhi bekta punika kinarya rejang, Ki Dipati matur agelis, dhuh kakang sumangga kersa, kawula dermi lumampah, kang raka ngendika aris, dateng Ki Patiya, Jayadarna ingkang nami.

۩۩۩ 61 ۩۩۩

Jayadarna jengandika amepek bala, abantoni Majapahit, Ki Patih matur sandika, sumerta para punggawa, manteri arya lan perjurit, nabuh tengara, lan bendhe penatang jurit.

۩۩۩ 62 ۩۩۩

Samiya parapeta punggawa miwah tamtama, demang lurah lan petinggi, seperabote wong ayuda, Ki Patih angendika, dumateng perjurit, eh ta punggawa, pan sira kinon bantoni.

۩۩۩ 63 ۩۩۩

Bodayuda tetulung ing Majalengka, saking karsane sang aji, dumateng /133/ lurah tamtama, samiya matur sendika, saking kersane Jeng Gusti, kawula lumampah, bantoni ing Majapahit.

۩۩۩ 64 ۩۩۩

Riseksana Bethara Katong ngendika, dumateng Raden Dipati, adhi jengandika mangkat, lawan Raden Sudira, punggawa bala perjurit, jengandika bekta, Den Dipati enggal pamit.

۩۩۩ 65 ۩۩۩

Nulya mangkat Dipati lawan Sudira, den iringi perjurit manteri, miwah para tamtama, punika Raden Dipatiya, enggal nitih kang turagi, nenggih ulesnya, jajan biru Margawati.

۩۩۩ 66 ۩۩۩

Den Sudira anitih kuda pelangka, kuda saking Margawati, kendera wis binabyar, ing wingking kelawan ngarsa, kang bendhe sampun /134/ tinitir, nabuh tengara, kendhang gong kelawan beri.

۩۩۩ 67 ۩۩۩

Pan gumuruh suwarane wadiya bala, urake awanti-wanti, pan selur bebongkokan, bangkatan oneng wutat, sumerta gawa turagi, ingkang andhongan, lan bendhe tinitir-titir.

۩۩۩ 68 ۩۩۩

Tan kewarna lampahira oneng marga, wus perapta ing Majapahit, pepek kang para dipati, manteri demang lawan arya, oneng kutha Majapahit, samiya rembagan, mapag mungsuh ingkang perapti.

۩۩۩ 69 ۩۩۩

Ganti kocap Sunan Manyuran winarni, kinarsakaken sang ngaji, dadi tindhihing punggawa, abantoni bodayuda, angrebut si Majapahit, sinungan bal, /135/ katahipun pitung kethi.

۩۩۩ 70 ۩۩۩

Wus pamit Sunan Manyuran punika, pamit sampun den ridhoni, lawan Sunan Bintara, miwah wali sedaya, Haji Ngusman mangkat agelis, anitih kuda, jeragem ingkang turanggi.

۩۩۩ 71 ۩۩۩

Haji Ngusman den iringi para punggawa, demang lurah lan petinggi, miwah para tamtama, wus beber kendera abang, ingkang ngarsa miwah ing wingking, nabuh tengara, kendhang gong kelawan beri.

۩۩۩ 72 ۩۩۩

Tan kawarna oneng marga, wana Kerawang sampun parepti, pinanggih ing senapatiya, Sunan Ngudung ingkang nama, uluk salam nulya linggih, enggal rembagan, maju bodayuda malih.

۩۩۩ 73 ۩۩۩

Kawarnaha Ki /136/ Dayaningrat, punika amireng warti, bala saking Bintara, parepta oneng wana Kerawang, enggal matur maring sang aji, yen mungsuh wus perapta, oneng Kerawang pernah neki.

۩۩۩ 74 ۩۩۩

Berawijaya anulya ngendika enggal, dumateng para Dipati, miwah para sentana, ika padha sentana, ika padha mapaga, mungsuh sang Bintara iki, nanging Ki Patiya, Gajah Mada tengga puri.

۩۩۩ 75 ۩۩۩

Gajah Mada punika kang tengga pura, punika dipun kantheni, kang Lembu Niseraya, lawan Ki Arya Ningah, manteri kang sepuh peribadi, Suwandinira, punika kang tengga puri.

۩۩۩ 76 ۩۩۩

/137/ nulya mangkat perjurit ing Majalengka, Tumenggung miwah Dipati, sarta para tamtama, lawan para punggawa, Raden Gugur dadi tidhine, lan Pcad Tandha, Dipati Terung negari.

۩۩۩ 77 ۩۩۩

Perjurite kang saking Terung negara, mung rong ewu sedaya neki, dene ingkang parwira, mung demang tetiga, Demang Lawung kang setunggal, lan Demang Terasaba, punika kang kaping kalih.

۩۩۩ 78 ۩۩۩

Lawan Demang Sokadana kaping tiga, Demang tiga puniki, angiring Ki Pecad Tandha, tumut abodayuda, punika ingkang kinathi, maring Ki Pecad Tandha, ing Terung ingkang negari.

۩۩۩ 79 ۩۩۩

Tan kawarna /138/ lampahira oneng marga, perjurit ing Majapahit, wus parepta ing alas Kerawang, bala islam wus katingal, tumulya perjurit kapir, nabuh tengara, kendhang gong kelawan beri.

۩۩۩ 80 ۩۩۩

Sesahuran tengerenira wong islam, lawan tengarane wong kapir, gong maguru gangsa, tetege kaya butula, subare awanti-wanti, wus ayun-ayunan, wong aslam lawan wong kapir.

۩۩۩ 81 ۩۩۩

Wus pinasang marime wadiya kopar, jumegur suwara neki, unine ambal-ambal lan, mariyem lawan melela, nanging datan angenani, ing wadiya islam, saking permaning Yang Widi.

۩۩۩ 82 ۩۩۩

Wadiya islam aneseg, /139/ ing wadiya kopar, sigera bedhil-binedhil, panguras lawan sinapan, nanging perjurit islam, merepeki perjurit kapir, dadi satunggal, pan sengguh-sinengguh wani.

۩۩۩ 83 ۩۩۩

Miwah ana kang suduk ika, ana kang bedhil-biendhil, lan ana pedhang-pineedhang, ana kang cuderik-cinuderik, ana ingkang seking-sineking, kathah kang pejah, sinepak kelawan esthi.

۩۩۩ 84 ۩۩۩

Wadiya kopar pejah tanpa wilangan, wadiya islam ingkang mati, ika amung saleksa, kelawan pujul sedasa, tan dangu anulya parapti, punggawa kopar, inggih gegamanira miranti.

۩۩۩ 85 ۩۩۩

Amir Hamzah amedali bodayuda, amungsuh /14/ perjurit kapir, kelawan Sunan Manyuran, wong kapir dateng saleksa, den amuk tiyang kalih, pejah sedaya, datan ana ingkang kari.

۩۩۩ 86 ۩۩۩

Wulung Kembang amedali bodayuda, merabot sikeping jurit, ana ing ranagana, ambekta gegaman tumbak tumbak, sumbere awanti-wanti, eh ta wong islam, lamun sira bosen urip.

۩۩۩ 87 ۩۩۩

Ayun-ayunan perjurit ing Majalengka, Wulung Kembang aran mami, lah ta rebutan ingwang, wadiya islam sedaya, tamtama kelawan manteri, bareng mara, amesthi ingsun tadhahi.

۩۩۩ 88 ۩۩۩

Nulya medal Amir hamzah neng payudan, Wulung Kembang den parani, ambekta gegaman tumbak, pan sampun /141/ayun-ayunan, perjurit islam lan kapir, Ki wulung Kembang angemasi, lelawa nira, peksi dhandhng notholi.

PUPUH 09
Dandhang

۩۩۩ 01 ۩۩۩

Kawarnaha ingkang sampun lalis, Wulung Kembang Tumenggung Berangkal, ika kapernah ipene, Berawijaya Majalangu, lelayone sampun cinandhi, wanten malih ipe nira, nata Majalangu, kang nama Dhandhang Wecana, sampun lenggah Tumenggung ing Majapahit.

۩۩۩ 02 ۩۩۩

Raden Dhandhng Wecana medali, /142/ badayuda oneng ranagana, wanti-wanti sesubare, wong islam rebuten ingsun, perjurit ing Majapahit, Dhandhang Wecana aran ingwang, tumbake den pikul, amir Hamzah nulya medal, bekta tumabk wong kapir dipun parani, tumbak-tinumbak.

۩۩۩ 03 ۩۩۩

Panumbaknya tanana nedhasi, watangira pan samiya bituwang, narik juriga karone, tumulya suduk-sinuduk, datan ana ingkang kecodhi, dhuwungira rinangkana sayah kalihipun, tumulya kedel sarapan, tiyang kalih aneda gadum lan ranti, tumulya anginum toya.

۩۩۩ 04 ۩۩۩

Wus sarapan nulya tangkep malih, bodayuda Amir Hamzah ika, /143/ Dhandhang Wacana mungsuhe, Jeng Sunan Manyuran muwus, neng payudan dipun tingali, punika Ki Amir Hamzah, pan suduk-sinuduk, ananging tiyang kaliyan panyuduknya datan ana kang nadhai, pan sami perwira nira.

۩۩۩ 05 ۩۩۩

Haji Ngusman nulya amarani, ing wong yuda apan sarwi ngocap, dhuh biyang kaya perihe, sateriya kang perang pupuh, ora patut dipun tingali, kaliyan mawi juriga, pan suduk-sineduk, ananging ingkang peryoga, keris siji punika dipun karoni.

۩۩۩ 06 ۩۩۩

Amir Hamzah kerise den tedhi, ing Jeng Sunan Manyuran punika, tumulya den………………?

————————–

Keterangan :

Urut-urutan pupuh “Babad Demak Pesisiran” beserta jumlah pada-nya sbb :

1. Asmaradana, terdiri dari 64 pada.
2. Peksi Nala, terdiri dari 63 pada.

3. Roning Kamal, terdiri dari 46.

4. Pangkur, terdiri dari 27 pada.

5. Asmaran, terdiri dari 73 pada.

6. Kinanthi, terdiri dari 32 pada.

7. Roning Kamal, terdiri dari 38 pada.

8. Durma, terdiri dari 89 pada.

9. Dandhang, terdiri dari 5 pada lebih 2½ gatra (tidak lengkap.)

Peksi Natal = Dandhanggula,
Dhandhang = Dandhanggula,

Roning Kamal = Sinom,

Asmaran = Asmaradana,

Kinanthi = Kinanthi.