Minggu, 15 November 2009

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR

PUPUH I
ASMARANDANA

– 01 –

Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik ngleluri leluhur, caritane jaman kuna.

– 02 –

Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing ila-ila.

– 03 –

Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine, wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya lamine gumelar.

– 04 –

Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone, Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun, winastan jaman Sengara.

– 05 –

Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane, namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan atus, langkung sangangdasa warsa.

– 06 –

Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh, lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur, namung kalih ewu warsa.

– 07 –

Lalanjon titahing Widi, laminipun kalih leksa, sangang ewu ing taune, kalanira Nabiyullah, taksih munggwing suwarga, Malekat bangsanipun, sagung para Malekat.

– 08 –

Sami wonten ing Rochani, datan wonten kenging pejah, luput duraka sakehe, datan wonten nadah nendra, lan sagung titahing Hyang, wignya ngucap lir jalmeku, tumut langgeng lir manungsa.

– 09 –

Lembu ingkang nyangga bumi, isih sekawan sukunya, pramana ati enggone, Nabi ADAM munggwing swarga, lamine satus warsa, wohing kuldi kang tinunggu, Babu Kawa rowangira.

– 10 –

Kadukan marang Hyang Widi, tinurunaken mring donya, tanpa sandang sarirane, anuju wulan Mucharam, ing tahun Alip ika, tanah Arab kang jinujug, amanggih kayu satunggal.

– 11 –

Den wastani kayu tanjir, dadya sandang salaminya, nulya panggih lan garwane, cinarita salin jaman, ingaran jaman Karta, nenggih wolung ewu tahun, dahar sapisan sawulan.

– 12 –

Samana kalane wiwit, manungsa kena durhaka, kena pati saturute, sagunging wong darbe manah, duwure randuwara, ora kurang depa satus, lembu sukune mung tiga.

– 13 –

Marmanira ana daging, lumrah manungsa kuwasa, nuli salin jaman maneh, gumanti aran Dupara, alam Nabi samana, lumrah manungsa punika, mangan ping kalih sawulan.

– 14 –

Gegaman mung tigang warni, panah pedang lawan gada, isih kuwasa punang wong, kono mari ararasan, wong donya lan wong kerat, randuwana duwuripun, amung kari satus depa.

– 15 –

Lembu ingkang nyangga bumi, atinggal kalih sukunya, marmane getih enggone, limang ewu warsa gantya, anulya salin alam, jaman wali kang sumuyut, alame wali sadaya.

– 16 –

Jaman wali kaping kalih, Mukmin Ngamya wastanira, sadasa dina dahare, de Wali ingkang taksih kas, dahar pindo sawulan, Wali ingkang apes iku, dahar ping kalih sadina.

– 17 –

Lembu ingkang nyangga bumi, sukune kantung satunggal, premana neng kulit gone, duwure kang randuwana, kari salawe depa, keneng duraka wong iku, paes katemenanira.

– 18 –

Gagaman mawarni-warni, keris towok lawan tumbak, tigang ewu warsa maneh, asalin jaman Sengara, alame Mukmin ika, Mukmin Ngam ing lampahipun, rina wengi amemangan.

– 19 –

Datan wonten tuwukneki, lumrah wong akekadangan, premanane suket rondon, duwure kayu wus suda, mung kalih dasa depa, ingkang nyangga bumi rubuh, sukune sirna sadaya.

– 20 –

Apan taksih nyangga bumi, gara-gara agung prapta, bumi wus sirna brekate, suda wiranging pandita, kapundut mring Hyang Sukma, ilang adile Sang Prabu, wanita keh laden priya.

– 21 –

Kawula lali maring Dusti, Gusti lali mring awula, fakir lali agamane, wong agung katah kahinan, wong cilik keh dursila, lali bapa lawan guru, ilang sihe wong kekadang.

– 22 –

Gegamane amepegi, barang cipta dadi gaman, patine lawan gamane, wewah kestul lan senjata, mariyem lan kala kunta, lumrah keh wong ambeg rusuh, akeh wong wedi melarat.

– 23 –

Sinung ayat sewu warsi, nenggih alame Sengara, nuli sinalin alame, bali marang Tirta, ratune Waliyullah, satus tahun laminipun, anumpak ari kiyamat.

– 24 –

Sasampunira kapanggih, lawase neng alam donya, marang Kang MurbengUripe, anenggih mung tigang leksa, tri ewu satus warsa, punika langkung ta ingkang kantun, wus parek ari kiyamat.

– 25 –

Yen wus prapta satus warsi, mati wiji kang tumitah, warata ing jagad kabeh, tan wonten tiyang anak-anak, tan wonten jawah niba, wus ginaib mring Hyang Agung, tan wikan ari kiyamat.

– 26 –

Wonten crita kang tinulis, tumrap tanah Jawa, aking Arab pinangkane, gancare ing pulo Jawa, duk taksih dadya wana, peteng alas gung asamun, ambelasah roning kamal.

PUPUH II
S I N O M

– 01 –

Purwane kang ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana langkung pringga, isina amung dedemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging lelembut, kalawan brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan lawan kemamang.

– 02 –

Anenggih kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni, angsal sasmitaning Sukma, dinawuhan angiseni, manungsa pilo Jawi, anenggih Sultan ing Ngerum, nimbali patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu alon denira ngandika.

– 03 –

Heh Patih Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane ing Pulo Jawa, apa sira wus udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku, pan isih dadi wana, Kyana Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang manungsa.

– 04 –

Rembage para nangkoda, Gusti kang sampu udani, ingkang layar tanah Jawa, tan wonten ingkang nglangkungi, wartanipun anenggih, ageng-ageng hardinipun, pilo mujur mangetan, sakilene pulo Bali, Sri Nalendra alon wijiling wacna.

– 05 –

Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa, dimen pada gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah lumengser gupuh, samekta lajeng bidal, wong rong leksa somah prapti ing muwana kamot ingemot baita.

– 06 –

ing marga datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang rong leksa somah, pinrenahken pulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta nagari Ngerum, matur rehning dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra kalangkung sukeng wardaya.

– 07 –

Wus kalayan karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma kang samya tinilar, aneng jroning pulo Jawi, binadog ing dedemit, meh telas pan amung kantun, sakawan dasa somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk mring Ngerum Negara.

– 08 –

Wus prapta Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya konjuk Sri Narendra, yen janma rong leksa nguni, somah pan namung kari, kawandasa somahipun, dene prikancanira, binadog para dedemit, duk miyarsa jeng Sultan ngungun ing driya.

– 09 –

Puwara renge ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara prapteng ngarsa, ngandika Sri Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo Jaweku, sira masanga tumbal kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo Jawa.

– 10 –

Wong keling sira angkatna, prenahno ing pulo Jawi, semektowa gagawanya, nuli angkatna den aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih aja kantun, Sech Bakir aturira, sandika pamit wot sari, wusnya beber layar dateng tanah Arab.

– 11 –

Wus prapta ing Keling praja, dawuhaken amundut janmi, rong leksa somah katahnya, laju layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga datan wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi sadaya.

– 12 –

Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora prahara, teja lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging lelembut, jin setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan kemamang.

– 13 –

Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa gandarwa mlayu sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan kawawa panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih punika tetuwane brekasakan.

– 14 –

Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih, dedukuh wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi, samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang Semar kagyat denira miyarsa.

– 15 –

Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung demit kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang punang harga.

– 16 –

Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta ika, Danyang Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta ing pulo Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.

– 17 –

Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi, utusana Sri Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang Semar sumaur ya bener sira.

– 18 –

Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi kalayatan, kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang Wiku, ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa sangkan.

– 19 –

Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira nembe tumingal, dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta ngarsaningsun, Sang Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa ing karsanira.

– 20 –

Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung ana manungsa sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan Ngerum, ing mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami kinen asesawah.

– 21 –

Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji, sajatine gih kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak daplak inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen Marbabu pucak haldaka.

– 22 –

Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki, dedukuh ing hardi Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech Bakir gawok angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene ta kaliwat-liwat.

– 23 –

Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang Semar saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang Hyang Maya inggih kula.

– 24 –

Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami, Durgulowya inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih kula ingkang paparab Sang Hyang Semar.

– 25 –

Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken rasa mulya, tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan kamanipun, anulya dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare badab kawula.

– 26 –

Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para danyang sedaya, tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging lelembut, inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak manira.

– 27 –

Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang ngong tuwa, dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak Praja.

– 28 –

Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging tenung taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan Ngerum negara.

– 29 –

Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene tangkar-tumangkar, reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling nagaranipun, cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen dika amalangana.

– 30 –

Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen karsane Sri Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula tumuta ngadani Jawa.

– 31 –

Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang Maha Mulya, lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus taun, pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.

– 32 –

Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen wus jangkep satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing Gilingwesi Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja Selaprawata.

– 33 –

Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira Sang Nata, ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi sirnanipun, wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa Batara.

– 34 –

Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih Nerendra, titise Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun sirnanipun, Hyang Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta lan wanara.

– 35 –

Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing Pancawati sajuga, titise Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta ratunipun, Kyahi Togog sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu Ngalengkadiraja.

– 36 –

Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung pitung puluh warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara agung, ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli sirna.

– 37 –

Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing, Ngamarta pudak sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma Kyai iku besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane karaton benjang.

– 38 –

Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada aprang lawan kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng ratu besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati kalawan Bojonegara.

– 39 –

Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging ta wekas ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong besuk, andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya Nata.

– 40 –

Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane Gakuh nagara Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun besuk, nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada manungsa.

– 41 –

Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab pinangkanya, Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk, angaggit sastra Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing sapungkurira.

PUPUH III
PA N G K U R

– 01–

Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu malih, sang Prabu Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning hardi Lawu, karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.

– 02 –

Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih, Kauripan nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

– 03 –

Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri, Ngurawan lan Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk, andika siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.

– 04 –

Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik, titising Batara Wisnu, poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala prajanipun, wasta Panji Rawisrengga, digdaya prawireng jurit.

– 05 –

Satus taun nuli sirna, karsaning Hyang nitahaken ratu malih, Pajajaran kutanipun, pindah saking Jenggala, satus taun sirnane karatonipun, pan kongsi turun ping tiga, rusake lawan kang siwi.

– 06 –

Yaiku wekas manira, pan ing kono awora demit malih, mariya amomong ratu, iku karsaning Sukma, dika kinen awor lawan anak putu, andika dukuha benjang, sukunira hardi kendil.

– 07 –

Andika ngaliha aran, Ki Rumadi iku luwih prayogi, Ki Togog dika ing besuk, Lodaya dukuhana, dika angaliha aran Ki Barjamos, sirnanira Pajajaran, anulya karsaning Widi.

– 08 –

Ratu Agung adiningprang, akekuta ing nagri Majapahit, satus taun sirnanipun, kongsi turun ping lima, rusakira nagri Majapahit besuk, aprang lawan putranira, nulya karsaning Hyang Widi.

– 09 –

Nitahaken ratu Demak, akeh sagung para Wali nge Jawi, saking tanah Arab iku, pra sami amemulang, nglampahaken sarengatting Kanjeng Rasul, wus sirna jamaning Buda, pra sami agama Suci.

– 10 –

Angrasuk Aagama Islam, manjing marang agama Kanjeng Nabi, Kraton Demak sirnanipun, namung sawidak warsa, punjul papat tetepe etanganipun, nuli karsane Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

– 11 –

Ing Giring kalawan Pajang, Kalajangga jejuluking Narpati, umure salapan taun, sirnane kutanira, apan nuli ana karsane Hayang Agung, nitahaken ratu Mataram, jejuluk Sang Kalasekti.

– 12 –

Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit, ratu sekti sudibya nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung, Senapati jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.

– 13 –

Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu limang atus taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu, wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.

– 14 –

Rusake nagri Mataram, pan binedah wong Makasar lan Bugis, Madura rewang sekutu, lawan putra priyangga, wus alami janji watesaning umur, nulya karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

– 15 –

Kekuta ing Wanakarta, sakulone kuta Pajang winarni, sugih rowang ratunipun, sirna kratone, laminipun satus tigang dasa taun, tan antara laminira, ana nangkoda datengi.

– 16 –

Rusake ing Kartasura, pan binedah dening wong Cina benjing, nulya karsane Hyang Agung, nitahaken Narendra, angadaton kuloning Mataram iku, siji sawetaning Pajang, wus jamang Sengara benjing.

– 17 –

Wong Jawa akeh pitenah, marang pawong mitranira ing benjing, keh kiyamat mring sadulur, dora-carane katah, lawan suda pemetune bumi besuk, ilang wirange wanita, keh priya etung pawestri.

– 18 –

Setan wus awor manungsa, datan kena kinawruhaken becik, ing jaman Sengara iku, keh anak lali bapa, bapa lali marang anake satuhu, wong mati tukaran katah, akeh wong kanjingan eblis.

– 19 –

Lan akeh musibat prapta, bebendune Hyang Sukma andatengi, gunung muni gumaludug, obah bumi prakempa, lir ginonjing bumi molah gunung jugrug, sol gempal ladu geng prapta, udan awu lawan pasir.

– 20 –

Cleret taun angragancang, oban-abir kilat tatit datengi, akeh wong tukar prang pupuh, akeh mati kobongan, saya lami wuwuh bebendu geng rawuh, musibate tanah Jawa, arang manungsa kang eling.

– 21 –

Akeh wong murka angkara, bocah cilik wis pada etung picis, wong agama saya sengkud, nanging tanpa tatanya, akeh janma pada tinebusan besuk, wong dagang akeh kang tuna, malah pawitane enting.

– 22 –

Keh anjamah pada priya, datan marem jamah marang pawestri, akeh wong kang pada riwut, dursila saya dadra, apa wite kalane wong pada riwut, wong niyat harja katriwal, wong dursila akeh sugih.

– 23 –

Akeh wong maido Kitab, keh wong dora gegampang gawe becik, keh lali marang Hyang Agung, akeh nembah brahala, ana ingkang mangeran marang lelembut, saweneh mangeran arta, ana mangeran Serani.

– 24 –

Kang ngadani tanah Jawa, apa maksih Walanda nguwasani, satus taun laminipun, musibat saya katah, tindak juti dursila saya andarung, nuli marmaning Hyang Sukma, aparing pitulung yrkti.

– 25 –

Anitahaken Narendra, duk timure babaran hardi Srandil, maksih tedak Kanjeng Rasul, ibu darah Mataram, paselongan iya iku wijinipun, angadani tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil.

– 26 –

Ratu iku luwih mlarat, datan mawi sangu amung sadremi, mung semende mring Hyang Agung, tan ana janma wikan, pan kasandang kasampar-sandung tan weruh, pudak sinumpet punika, timbule kang tunjung putih.

– 27 –

Mungsuh ngarep ekeh sirna, ingkang pada wani samya mati, tumpes tapis sirna larut, balane mung sir’olah, mung kalabang kalajengking gamanipun, Kyai niku waspadakna, dika ladenana benjing.

– 28 –

Bala sagunging lelembat, anjurungi marang Sang Ratu Adil, ana dene kutanipun, alas bumi Ketangga, pan rineka kedatonira Sang Prabu, Juluk Sultan Herucokro, enak atine wong cilik.

– 29 –

Ilang wong kang dora cara, wong dursila ilang pan sirna enting, botoh keh pada kabutuh, awit adil Sang Nata, akeh ngungsi mring masjid pada asujud, eling marang kabecikan, pada dadi santri mursid.

– 30 –

Pajege wong cilik suda, sawah sajung sadinar pajeg neki, winatesan amung sewu, dadya dahar Narendra, datan mundut langkungane saking sewu, ratu iku lumuh arta, blaba asih marang dasih.

– 31 –

Murah sandang murah pangan, keh wong cilik pada suka singgih, iya amung satus taun, jumeneng adil Nata, sasirnane kuta Katangga puniku, nulya ana ratu kembar, iya ana kuta benjing.

– 32 –

Salere hardi Barata, inkang siji kutane iku benjing, ana ing Madura iku, lamine seket warsa, sasirnane Hyang Sukma nitahaken ratu, kekuta Waringin rebah, iya amung sekt warsi.

– 33 –

Waringin rubuh wus sirna, nulya ana ratu gumanti malih, kang sinedya kutanipun, ana ing Baleberan, mung sawidak taun watesane iku, anulya wong Prenggi prapta, angratoni tanah Jawi.

– 34 –

Manungsa Jawa pan katah, den usungi marang nagara Prenggi, sewu sewu saben taun, mung tigang dasa warsa, nulya Kanjeng Sultan ing Ngerum atutulung, patih maju sabalnya, anumpes wong nuswa Prenggi.

– 35 –

Wadya ing Rum yutan wendran, tan petungan layar mring pulo Jawi, ing riku rame prang pupuh, wong Prenggi lebur lebur sirna, tedakira Sang Nata Waringin Rubuh, gya jinunjung dadya raja, kekuta nang Majapahit.

– 36 –

Telung puluh sanga warsa, sampun jangkep watese tanah Jawi, gunung Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.

– 37 –

Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum nagari, reksanen sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing piweling ulun, aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.

– 38 –

Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring jaladri, Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong rong leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.

– 39 –

Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya sor-soraneki, wus awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.

– 40 –

Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing Kitab mulanipun, Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu, lalakone pra Narendra, wates umuring nagari.

KINANTHI BEKTI KAGEM IBU


1.
Sembah sujud bekti konjuk,
mugi katur ibu mami,
keng putra sampun rumangsa,
pinaringan gesang mukti,
urip jaman wus merdika,
warisan pra sepuh mami.

2.
Nyuwun tambahing pangestu,
kula badhe angayahi,
tanggung jawab marang bangsa,
ugi mring ibu pertiwi,
iki pancen kuwajiban,
keng putra wus kudu ngerti.

3.
Sepira awrate ibu,
nambut karya tanpa pamrih,
kang jinangka mung sajuga,
gawe mulya putra-putri,
labuhira kanthi nyawa,
najan abot den lampahi.

4.
Cinaket kang resminipun,
dhek jaman Ibu Kartini,
dimen aja ketinggalan,
pra ibu anggone ngestreni,
kakung putri bebarengan,
mbela nagri kangge siwi.

5.
Lamun pra putri tan maju,
bakal ringkih tembe mburi,
awit ibu kang kuwasa,
mulang muruk putra-putri,
guru aneng kulawarga,
kang pawitan jroning urip.

KINANTHI AJA KELU RUPA BAGUS


1.
Aja pisan-pisan gumun,
angadhepi jaman iki,
kutha mompyor pancen nyata,
sesawangan ‘keh kang becik,
kabeh iku mung pameran,
pancen kena den gumuni.

2.
Nanging coba yen ditlusur,
iku bisa mbebayani,
marmanira kudu bisa,
ing sajrone ngudi ngelmi,
salah weweng singkirana,
sabab akeh sawan manis.

3.
Aje kelu rupa bagus,
aja katut tembung manis,
aja nyawang marang bandha,
wong enom ‘ja gampang lali,
rupa-rupa sambekala,
kudu kenceng ancas nguni.

4.
Sawer wisa tegesipun,
welingku marang cah manis,
kutha beda karo desa,
lamun sira ngudi ngelmi,
poma-poma ngelingana,
donga kang aneng agami.

5.
Jrone ati wong tuwamu,
kalung asta rina wengi,
melang-melang rasanira,
kaya biyung ninggal bayi,
turu aneng pinggir wana,
asu ajag padha muni.

6.
Urip aneng donya iku,
yen kebacut dadi ciri,
wong cilaka salaminya,
iki banget mitunani,
batine bakal kesiksa,
mula kudu ngati-ati.

PUJINE DINA, BADAN, NAPAS, NAPSU, ATI, WIJI LAN ANASIRING MANUNGSA


PUJINE DINA PITU

1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, ahad lakune ing surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat limang leksa.

Kuwasane : lungguhe ing wulu, teguh ora kena winekang, lan ora katon.

2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima, nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat kawan leksa.

Kuwasane : lungguhe ing kulit, teguh kang kena binenggang.

3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa sadino lawan sawengi, malekat tigang leksa.

Kuwasane : lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh.

4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat pitung leksa.

Kuwasane : lungguhe ing daging, teguh tan kena winangenan.

5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana uripnya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat wolung leksa.

Kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege urip.

6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan sadina sadalu, jumungah lakune barat, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat leksa.

Kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti mandraguna.

7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu uripe ing toya kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat sangang leksa.

Kuwasane : lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing rasa kabeh.

8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, sarta anganggo laku lakunira solan salin, puji lan nabirira, myang cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati ora kena den langkahi wayangane kang maca.

PUJINE BADAN

Pujine Utek : ” Rasulun Rabbil’alamiin “.

Kuwasane luput tujuh teluh dadi tawar.

Pujine Kuping tengen : ” Alliyatan ilahu rabbi ‘umum “.

Kuwasane ngilangake bilahi kabeh.

Pujine Kuping kiwa : ” Samikna wa ‘atakna guprana karabbasa wa’llekal massiir “.

Kuwasane ngilangake pakewuh kabeh.

Pujine Sirah : ” Padaraktum “.

Kuwasane nglerebaken kang sarwa galak kabeh.

Pujine netra : ” Kudusun rabbana wa rabbul malaikatu wa ruh “.

Kuwasane kinaweden dening wong lanang wadon .

Pujine napas : ” Haplil palubuti ngalla yasin “.

Kuwasane kinasihan wong sajagad kabeh.

Pujine Gigir : ” Nawaitu minal kibari pibigalikad hapika karja “.

Kuwasane teguh timbul.

Pujine Otot : ” Parekun parekanun wa’ljannatun nangimum cipta katon cipta ora katon

Kuwasane amurba ora katon.

Pujine Awak kabeh : ” Inna fatokna iakafakan mubinin ” lamun arep malebu ing omah

Kuwasane slamet rahayu.

Pujine Ati : ” Nasrun minallahi wa patekun karibun wa kasiril mukminin

Kuwasane awake katon gede.

Pujine Amperu : ” Layastakli panahum

Kuwasane kinawedan dening wong tur bagus rupane kang muji

Pujine Sikil : ” Sari mal maruna

Kuwasane ora katon.

Pujine Pepusuh : ” Fasayakfikahumullahu, wahuwassami’ul ‘aliim

Kuwasane luput senjata tawa.

Pujine Dalamake : ” Sangan sangun yuhyi wayumitu wahuwa allah lakuli sekkin katdir

Kuwasane betah lumaku lan lumayu.

PUJINE NAFAS PATANG PRAKARA

1. Napas, iku tetalining urip, iya tetalining ruh, rupane ireng, plawangane Af’alullah, dununge ing lesan, pujine ; ” Laa ilaha ilallaah “, iku sampurnaning kulit daging.

2. Tanapas, iku pamiyarsaning ruh, rupane kuning, plawangane Asma’ullah, dununge ing kuping, pujine ; ” Allahu… Allahu “, iku sampurnaning balung lan otot.

3. Anpas, iku panggonaning ruh, rupane ijo, plawangane Sifatullah, dununge ing gigir, pujine ; ” Allah…Allah “, iya iku sampurnaning geting lan sumsum.

4. Nupus, iku paningaling ruh, rupane putih, plawangane Dzatullah, dununge ing netra, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sampurnaning pangawasa lan napsu.

PUJINE NAPSU PATANG PRAKARA

1. Lawwammah, iku af’aling urip, rupane ireng, plawangane cangkem, dununge ing waduk, pujine ; ” Ya Hu…Ya Hu “, iku sapurnaning cipta lan ripta.

2. Amarah, iku asmaning urip rupane kuning, plawangane ing kuping, dununge ing jantung, pujine ; ” Ilah…Ilah “, iku sampurnaning sir lan angen-angen.

3. Supiyah, iku sifating urip rupane ijo, plawangane ing irung, dununge ing amperu, pujine ; ” Imanahu …Imanahu “, iku sampurnaning osik lan meneng.

4. Muthmainah, iku Dzating urip, rupane putih, plawangane ing mata, dununge ing pepusuh, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning budi lan rasa.

PUJINE ATI PATANG PRAKARA

1. Ati Sanubari, iku wisesaning rasa, rupane ireng, plawangane kaharullah, dununge alam sulpil, pujine ; ” Allahu…Allahu “, iku sampurnaning pangucap.

2. Ati Maknawi, iku purbaning rasa, rupane kuning, plawangane kamahullah, dununge alam sulbi, pujine ; ” Allah…Allah “, iku sampurnaning pamiyarsa.

3. Ati Siri, iku sampurnaning rasa, rupane ijo, plawangane jalahullah, dununge alam topek, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning pangambu.

4. Ati Pu-at, iku sirnaning rasa, rupane putih, plawangane jamalullah, dununge alam sabit, pujine ; ” Annalkaka … annalkaka “, iku sampurnaning paningal.

PUJI WIJINING MANUNGSA

1. Wadi iku rupane abang, kadadiyane getih-kita, pujine ” Layakrifu ilallaah

2. Madi iku rupane kuning, kadadiyane banyu-kita, pujine ” Lamakbuda ilallaah

3. Mani iku rupane ijo, kadadiyane penguwasa-kita, pujine ” Lamujuda ilallaah

4. Manikem iku rupane putih, kadadiyane cahya-kita, pujine ” Layatkuru ilallaah

PUJINE ANASIRING MANUNGSA

1. Asal Bumi, rupane ireng, kadadiyane wujud- kita hakikate Dzatira, iku dadining kulit daging, pujine…” Waashadu anna Muhammadarasulullaah

2. Asal Geni, rupane kuning, kadadiyane nur-kitasifatira iku, dadine otot, balung, pujine…” Ashadualla ilaha illallaah

3. Asal Angin, rupane ijo, kadadiyane ilmu-kita af’al iku, dadining panguwasa, pujine…” Lasariikalaahu lailaha illallaah

4. Asal Banyu, rupane putih, kadadiyane suhud-kita, hakekate asmanira, iku dadining geting lan sumsum, pujine…” Sahitna ‘ala anpusina wa sbit ‘indana innahu lailahaillahuwa

PITUTURIPUN TIYANG SEPUH


Bocah Bagus Anakku Lanang,

Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan,

Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang,

Duh Bocah Bagus Anakku Lanang.

Wong Tuwamu Dudu Raja,

Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Muga Dadi Titah Kang Luhur.

Anak Lanang Bagusing Ati,

Ojo Lali Anggonmu Memuji,

Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi,

Mugo Dadi Padhangé Ati.

Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo,

Urip Ing Kono Koyo Samudro,

Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén,

Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén.

Bocah Bagus Anakku Lanang,

Ojo Nganti Ninggal Piwulang,

Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang,

Ojo Jirih Ing Pepalang.

Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..,

Sejatiné Jagadawujud Suwung,

Ora Warno Lan Ora Rupo,

Sing Ono Mung Awang-Uwung.

Akéhing Bandha Dudu Ukuran,

Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran,

Lan Pepujané Rasa Dudu Anak,

Pagering Jiwo Dudu Sanak.

Wong Tuwamu Dudu Dewo,

Ora Wenang Nulis Garisé Manungso,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Mugo Dadi Titah Kang Luhur.

PRALAMBANG PRALAMBANGING NGELMU

Ing mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese, sakehing para amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput amborangake ing deduga prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

1. Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis, iku ibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning panggonane, sayekti among dumunung ana Dzating urip kita.

2. Tambining Pucang : tegese ibarat kaelokane sifating Dzat, dene binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa satemening sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang angarani Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa kaliru ing sesurupan.

3. Wekasaning Langit : tegese iku ibarat wangenane soroting cahya, sumarambah tumeka ing sifat kita.

4. Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku ibarat wangenane pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.

5. Galihing Kangkung : tegese iku ibarat wahananing sukma, dumunung ing kahananing sifat kita.

6. Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese iku ibarat hawaning nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.

7. Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku ibarat rasaning budi, winbuh sajroning af’al kita.

8. Prau Amot Samudra : tegese, prau iku ibarating jasad, samudra iku ibarating ati sapanunggalane.

9. Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat lakuning napas metu saka ing jasad.

10. Susuhing Angin : tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani Susuhing Anging iku rambut, saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.

11. Bumi Kapetak Sajroning Lemah : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing lemah, ing tembe kapendem ing lemah, iya iku wahanane dadi daging.

12. Amek Geni Adedamar : pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa : Geni Binasmi ing Geni : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing geni tansah andadekake geni, iya iku wahanane dadi napsu.

13. Barat Katiyub ing Angin, pada karo : Angin Anginte Prahara : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing angin, anggung angingsep anging ametokake angin, iya iku wahanane dadi napas.

14. Angangsu Pikulan Banyu, pada karo : Banyu ana Sajroning Banyu, utawa : Banyu Kinum Ing Banyu : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku wahanane dadi getih, mula ana kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.

15. Srengenge Pine, surasane pada karo : Kaca Angemu Srengenge : tegese iku ibarat cahya kasorotan ing, utawa srengenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.

16. Wiji Ana Sajroning Uwit, Uwit Ana Sajroning Wiji : tegese iku ibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake pangleburan papan tulis.

17. Kakanganing Pambarep, Adining Wuragil : tegese iku ibarating martabat Insan-Kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wekasan dewe, bareng tekane ing tembe dadi wiwitan, mungguh Insan-Kamil iku wahananing urip kitapribadi.

18. Busana Kancana Retna ora Amboseni, sairib pada karo : Busana Wastra Tanpa Seret : tegese iku ibarating jasad, busana kancana retna wahanane dadi jasad ing jero, busana wastra wahanane dadi kulit.

19. Tugu Manik Ing Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus marang pelenging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.

20. Sawanganing Samudra Retna : dadi ibarataing babu’larbab, tegese, korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabudane, sawanganing samudra retna, iku diarani : kori sela matangkep, dadi ibarat melar mingkusing maras, utawa menga mingkeming lambe.

21. Samudra Winaton Kilat : dadi ibarating wot siratalmustakim, tegese dalan kang bener, iya iku hakekate pesating atma tumeka ing chalarating Dzat. Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate wetuning pamicara, iku pada pakolehe.

22. Bale Tawang Gantungan : dadi ibarating ‘arasy kursi, tegesing ‘arasy : padaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa jaja, tegese kursi : palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning Dzat, dumunung ana ing utek utawa jantung.

23. Wiji Tuwuh Ing Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan, kasebut, lochilmakful, tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing kalam : panyeratan, iya iku hakekate wewayanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angen-angen, rineksa ing malaekat Katibin.

24. Tengahing Arah : dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku hakekating panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamiarsa.

Ing saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabeh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati andadekake perlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing ngisor iki.

1. Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa, duwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.

2. Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut, cendak, endek, kurang sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.

Upama unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing alu bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong asem dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Af’al kabeh, mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing Sifat kita, tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora prayoga manawa kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan kang wis pada tunggal ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis liwat tengah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe deduga mundak kadinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sepuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumeka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalem satuwuhan, antara nem taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

TUWUHE IRADATING DZAT

1. Awit saka lair tumeka 6 tahun, katuwuhan lali, tegese durung enget (durung eling).

2. Awit umur 7 tahun tumeka 12 tahun, katuwuhan enget.

3. Awit umur 13 tumeka 18 tahun, katuwuhan budi.

4. Awit umur 19 tumeka 24 tahun, katuwuhan birahi.

5. Awit umur 25 tumeka 30 tahun, katuwuhan murka.

6. Awit umur 31 tumeka 36 tahun, katuwuhan wiweka.

7. Awit umur 37 tumeka 42 tahun, katuwuhan deduga.

8. Awit umur 43 tumeka 48 tahun, katuwuhan santosa.

9. Awit umur 49 tumeka 54 tahun, katuwuhan rumangsa.

10. Awit umur 55 tumeka 60 tahun, katuwuhan wirangi.

11. Awit umur 61 tumeka 66 tahun, katuwuhan jatmika.

12. Awit umur 67 tumeka 72 tahun, katuwuhan pepeka.

Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali maneh, tegese asring-asring kalalen, mungguh pratikele supaya aja nganti katuwuhan lali maneh, iku amung anyegaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku amung napsu, adat kadunungan ati awas emut, manawa tansah awas emut, tamtu nemu kamulyan ing sangkan paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarehne aku durung bisa anglakoni dewe dadi amung atur pepuji bisane kalakon oleh kamulyan.

TANDA BAKAL KATEKAN PATI

Ditulis dalam WIRID HIDAYAT JATI

TANDA BAKAL KATEKAN BANGAS (PATI)

Ing wasanane amratelakake riwayating Hadis, manawa wis parek ing dina Kiyamat, ing kono ana kang dadi tanda bakal katekan Bangas, tegese utusaning Pangeran Kang Amaha Suci, andawuhake janji marang alam dunya, awiyos warna malaekat Jabrail (Jibril) kinen amundut sepuluh pangkat, kaya kang kasebut ing ngisor iki.

1. Amundut Barkating Bumi, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat sudaning rupa warna.

2. Amundut Adiling Ratu, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat owahing paningal, pamiyarsa, pamirasa.

3. Amundut Lomaning Sugih Arta, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat larading getih, mani, sapanunggalane.

4. Amundut Wiraganing Pandita, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat gingsiring budi.

5. Amundut Nastapaning Awerda, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat wimbuhing dahaganing napsu Luwamah tanda bakal lerep.

6. Amundut Sabaring Sudra, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat wimbuh angkaraning napsu Amarah tanda bakal sirep.

7. Amundut Sihing Kadang Warga, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat wimbuh murkaning napsu Supiyah tanda bakal rerem.

8. Amundut Wiranging Pawestri, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat wimbuh lobaning napsu Mutmainah tanda bakal sidem pramanem.

9. Amundut Imaning Mukmin, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat gingganging sukma.

10. Amundut Sastraning Kuran, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat sunyaning rahsa.

Manawa wis sunya rahsane, iku tanda wis kawistara ing panengeran, mungguh dununging panengeran rong pangkate, kang sapangkat anuduhake panengeran saka paningal kita pribadi, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh, rong pangkate, anuduhake panengeran kang kawistara ing paningal marang liyan, pamawas kita kapratelakake ing ngisor iki.

1. Manawa kawawas wis darbe lageyan kang owah saka adate, utawa bali kaya lageyane nalika isih bocah, iku tanda bakal alihan, tegese wis meh katekan Bangas.

2. Manawa wis kawawas wis sunya matine, utawa ulate wis pucet, wewayangan sajroning netra wis oncat, kedepe wis leren. Alise wis tepung, keteke wis sepen, badan anyep wis kambu gandaning sawa, iku kang kawawas mau tanda wis tumeka ing janji angalih marang panggonan kang maha mulya, anunggal karo kahananing Dzat kita Kang Amaha Suci, iku sumangga ing panampaneamung atur pamujiku kang muga-muga bisaa anampani ing surasaning ngemu kabeh, sabab Daliling ngelmu mangkene jarwane.

Gede-gedening doso iku wong kang ulah ngelmu makrifat, tegese , menawa wong ulah ngelmu makrifat iku katanggungan, awit saka durung kabuka ing pambudi, tamtu dadi dosa gede, amarga ora sumurup ing surasane.

Dene manawa kang wis terang bisa anampani kabeh iku, tamtu dai kamulyaning sangkan paran, tegese ing awal akir ora ana sansayaning jiwa raga, sabab kang kasebut ing Hadis, mangkene jarwane.

Sapa kang sumurup ing Pangerane, tamtu iya sumurup marang badane. Sapa kang uninga marang badane, tamtu iya uninga ing Pangerane. Tegese kang sumurup ing Pangerane iku, iya kang wis sumurup ing surasaning ngelmu makrifat kabeh, tegese kang uninga marang badane iku, iya kang bisa anguningani marang jiwa ragane dewe, aja nganti kalabetan kang dadi bekaning ngaurip, kaya riwayating Hadis, mangkene jarwane.